Langsung ke konten utama

Aprilia Dwi - Kasih Saking Bapak


Kasih Saking Bapak
Aprilia Dwi Karunia

            Kuning iku padang lan ireng iku peteng, nanging apa ngguyu iku wis pasti seneng? Mbuh, aku yo ora ngerti, pancene aku ora pakar hati utawa ngene iki. Nanging, yen jare kancaku, Rafael, jawabane ora. Saiki iku usum fake smile utawa senyum palsu, ben nek sedeh ora bakal ana seng ngerti. Nanging aku yo ora paham asline, wong pancene yen mbahas perkara ngene iki aku ora ngerti. Ing donya iki sing aku ngerti yo mung siji, turu iku akeh banget enake.
Oh iyo, aku nganti lali perkenalan. Tomo, iku jenengku. Biasane kanca-kancaku pada nyeluk aku Mo, nanging aku mesti protes. Jeneng Tomo iku yo  ora pantes yen diceluk Mo, apike  yen diceluk Tom, ben kaya wong Inggris. Yen jeneng lengkapku gak beda adoh saka Tomo, mung luwih dawa sitik, isih tetep nduweni siji tembung, yaiku Tomo nanging ditambahi Pra ing ngarep, dadine Pratomo. Pancen pantes yen jenengku Pratomo, amarga aku iki anak nomer siji lan siji-sijine.
Terose Bapak, Pratama iku jeneng saking Ibuk 14 tahun kepungkur, nalika aku lagek ngerti donya iki kaya piye. Nalika ibuk tasih nem, tasih 20 taunan. Nanging saiki sing menehi jeneng Pratama iku sampun kapundut, nalika aku isih kelas 3 SD. Ibuk mboten sakit napa-napa, nanging dumadakan Ibuk sampun kepanggil dening Gusti Allah, ninggalno kenangan lan kasih sayang kang isa tak rasakno nganti saiki,
Biyen banget, aku tau takon bapak, kadhosmenapa ibuk maringi aku jeneng Pratama padahal bocah-bocah sak umuranku pada nduweni jeneng kang luwih trendy, kang rada kebarat-baratan kayata Rafael, Sean, Russel, Mike lan sak piturute. Nanging wangsulane bapak yo mung meneng, nganti saiki bapak yo isik tetep meneng, ora ngekei aku wangsulan. Biyen kae Bapak malah mung ngusap-ngusap sirah gundulku lan ngguyu, ora guneman apa-apa.
“Le yen ing kamar mandi aja suwe-suwe. Bapak ape adus, ape budal ing sawah.”
Suaranipun Bapak nganggetna awakku, aku banjur njumbul. Kabeh lamunan kang keputer ing utekku ajur mumur, kayata piring kaca kang ciblok saka meja, pecah kabeh. Pancene aku lagi lali yen kaet mau aku iki isih ing kamar mandi. Tangan isih nggegem sikat gigi lan isine lambe yo mung busa. Yo ngene iki pancen kebiasaanku, yen wes ing kamar mandi pikiranku bakal mlayu-mlayu teka ndi-ndi.
“Inggih, Pak. Sekedap malih, Tomo tasih gosok gigi.”
Pancene mbuh kenapa, saben yahmene mesti awakku rebutan kamar mandi kalihan bapak. Bapak ora ape budhal sekolah kayata awakku, utawa ape budhal menyang kantor kayata tangga-tanggaku, nanging yo ngunu, bapak mesti budhal isuk amarga badhe nyambut gawe ing sabin, nandur pari, kang dadi sumber duit utama ing keluarga iki. Kadang budhale Bapak ing sabin iso luwih isuk tinimbang awakku dewe. Terose bapak yen kawanen mengko kundure malah luwih awan, panas.
Aku yo ora nggumun, pancene saiki buwana pas wayah panas-panase.Yen biyen budhal awan ora masalah, zaman semono srengenge apa tau srengen gedhe kaya saiki. Biyen srengenge ora tau manasi buwana nganti kaya ngene. Paling-paling yo mung panas sitik, iku ndah ya mung pas mangsa kering. Asline iki salahe manungsa dewe, senengane mbakar hutan, mbuak sampah ing kali, ora gelem ngelakokno reboisasi, yo akhire ngene iki akibate. Buwana tambah rusak, nanging menungsane ora ndang tobat, malah luwih sesat. Padahal 10 tahun bien, Buwana isik adem, ayem, ijo lan seger. Nanging saiki mung kari kenangan tok, kari lagu lama kang isih nggawe kelingan.
Bien iku pas zamane ibuk tasik wonten, yen saiki semenjak ibuk kapundhut bapak wes ratau budal awan, alasane yo siji mau, mengko nek kawanen bakal panasen. Bapak pancen tambah sregep. Biyen nalika isih ana ibuk bapak saben dina ya mung menyang sabin mari iku langsung sare kemawon. Yen isuk tangininipun bapak pas adzan Subuh, budal ing sabin mesti awan, ngenteni jemurane wong-wong metu saking omah. Biasane ibuk yo nderek bapak bidhal ing sabin, kalihan ramban lombok lan kangkung agawe masak dino sisuke.
Sing ora tau lali yaiku saben isuk sak urunge metu saka omah aku, ibuk lan bapak mesti sarapan bareng, uga ora lali guyon-guyon, lan cerita-cerita nganti lali waktu, nganti aku kawanan budhal ing sekolah, kadang aku sampe dihukum hormat ing ngarep tiang bendera nganti istirahat.. Saben dina bapak uga mesti ngeterake aku budhal sekolah, sepedaan onthel wong loro, amarga sekolah SDku jarake pancen cedhak saka omah, ora ana sekilo. Kadang yo mlaku wong telu, soale ibuk yo melu, ape blojo sayur sisan. Nanging saiki wes ora kaya jaman biyen, iku mau wis dadi memori. Ape ngelakoni apa wae ben iso diulang yo percuma, amargo yo ra bakal iso. Saiki yo wis ngene iki, aku kalihan bapak wis ora tau sarapan bareng, guyon-guyon opo meneh nganti cerita-cerita kayata biyen kae.
Saben dina mesti bapak tangi isuk banget, nyiapake sarapan gawe aku, lan 3 dina pisan mesti umbah-umbah. Kadang aku uga nawani bapak, ape aku ewangi niatku, nanging bapak mesti ora gelem, terose aku sekolah seng pinter mawon, gausah repot-repot ngiwangi bapak. Padahal kadang yo wis tak pekso, nanging Bapak yo tetep ora gelem. Rasane Bapak ndueni peran ganda, iso Bapak utawa Ibuk.
Yen saiki  bapak wis ora ngeterake aku budhal sekolah. Aku sadar diri, yen isuk bapak mesti repot banget. Amarga iku semenjak aku smp, aku wes moh diterke. Aku milih budhal sekolah dewe, numpak sepeda gunung hadiah sunat saka Bapak pas aku kelas 5 SD.
“Le, jerene sediluk,tapi kok suwe ora metu-metu.”
            “Nggih pak, sekejap malih.”
Aku lali yen kaet mau dienteni bapak, aku malah isih dolanan karo lamunan jaman biyen. Saiki aku banjur langsung cepet-cepetan ngebari sikatanku. Nalika aku metu saka kamar mandi, aku banjur kaget, bapak wis siap badhe siram ing ngarep kamar mandi.
“Awakmu iki adus suwi tenan. Mari iki ndang langsung sarapan, bapak wis masak oseng-oseng tahu senenganmu.”
“Mboten sarapan bareng mawon, Pak?”
“Ora usah, bapak wis sarapan ndisikan mau.”
“Nggih sampun yen ngoten, Pak. Tomo badhe sarapan rumiyin.”
Yo mesti ngene, yen tak ajak sarapan bareng jawabane bapak yo mung siji, ‘Bapak wis sarapan’. Padahal aku iki pengen banget iso sarapan bareng kalihan Bapak, kaya biyen. Tapi kayake bakal angel. Aku ora ngerti kenapa, bapak kok modele pancen ora pingin sarapan bareng meneh semenjak ibuk kapundhut. Mesti Bapak nolak nggawe alesan kang gak ana enteke, aku yo mung iso mesem, lha ape pie maneh, yo to?
Mari omongan kalihan bapak aku banjur mangkat ing ruang makan. Durung sampek nyedak meja ambune panganan wes mubar, mlayu ing njero irungku. Pas aku mbukak tudung meja makan, ing kunu wis ana panganan akeh. Panganan kabeng kang ana ing kunu iku panganan senengaku. Ana oseng-oseng kangkung, ayam goring lan tempe goreng, sarta krupuk abang ijo sak plastik. Aku pancen ra ngerti mulai jam pira bapak nyiapake iki kabeh, Cuma nalika aku tangi saben subuh, bapak wis ribut ing dapur.
Aku kang wis keleson, banjur langsung njupuk piring ing dapur lan mbalik ing meja makan. Ora lali langsung njupuk sego lan panganan ing mejo. Pancene masakane bapak iku enak, enak tenan malahan, yo masio sik enakan masakane ibuk. Kadang masakane bapak nggih rada kasinen utawa ra enek rasane blas.
Yen tak iling-iling maneh, saben dina bapak mesti masak panganan kang tak senengi. Aku nganti lali kapan terakhir kali bapak sarapan kalihan acar nila, jangan lodeh utawa jangan asem senengane. Aku uga nganti lali kapan terakhir kali aku sarapan karo wong-wong seng tak sayangi, maksudku bapak.
Pancene aku wis krasa, semenjak ibuk kapundhut bapak ora kaya biyen. Bapak wis ora tau ngopeni awake, kulite malah kriput, wane tambah akeh, sikape yo maleh sisan. Bapak wis ora cerewet kaya biyen, ora tau ngajak guyon maneh, opo meneh ndongengi aku pas ape turu. Yo pancen, bapak iku wis maleh, ora ngerti kenapa aku ngerasa bapak kaya kesepian. Bapak luwih sering ndewe ing kamar lan jarang ngomong.
“Le, wis mari sarapane?” Suarane bapak ngangetna aku.
“Dereng, Pak. Wonten napa?”
“Bapak mengko ape lunga ing pasar, ape tuku bibit. Awakmu budhal sekolah diterna bapak ae.”
Krungu jawabane bapak, mripatku kang ombo banjur tambah ombo. Apa aku ora salah krungu? Iki bapak tenan kang guneman kaya ngene?
“Piye, Le?”
“Inggih, Pak. Tomo badhe sarapan rumiyin.”
“Iyo, bapak enteni ing ngarep omah.”
“Inggih, Pak.”
Rasane iki isik kaya ngipi, wes keitung ape 2 tahun bapak ora tau ngeterke aku sekolah, rasane kayata iki 7 kejaiban ing dunyo. Aku banjur cepet-cepetan ngebarke sarapanku. Sak bare sarapan aku langsung metu ing ngarep omah gawe sepaton. Ing njobo aku nemokake bapak wis klambinan rapi kalihan lungguh-lungguh ing kursi ngarep omah.
“Piye, Le, sekolahe?
“Apik mawon, Pak.”
“Yo Alhamdulillah yen ngunu.”
“Bapak, Tomo angsal tanglet napa mboten?”
Aku ragu ape menehi pitakonan gawe Bapak, “bapak aja srengen, nggih?”
“Iyo, ana apa?”
“Pak kalawingi aku ngertos Pak Yanu nikah malih, 2 minggu kapunggur Pak Jono nggih nikah malih.”
“Iya, terus ana apa yen bapak-bapak iku mau nikah meneh?”
“Niku.. bapak mboten nikah malih sisan? Maksudku niku bapak kan dewean terus, bapak mboten pegel?”
“Lho kowe kok iso ngomong ngunu piye? Aneh-aneh ae.”
“Lha saben dina aku ngerti bapak apa-apa dewe, masak dewe, resik-resik omah dewe, nyetrika nggih dewean malih. Saben kundur saking sabin nggih mboten enten kang mijeti. Yen aku badhe mbantu, bapak mesti nggih mboten purun.”
“Kowe salah paham, Le. Bapakmu iki ora pengen kuwi kabeh.”
“Lha terus punapa, Pak?”
“Tujuane bapak saiki yo mung siji, yaiku awakmu. Bapak gak pingin macem-macem. Bapak urip yo gawe awakmu. Bapak ora pegel babar pisan masio bapak ngelakoni penggaweane ibuk biyen. Bapak yo ora pingin ndue bojo maneh yen mung gawe mijeti bapak lan nggawekno kopi bapak, bapak ora butuh kuwi, Le. Lha emange awakmu seneng yen bapak ndue bojo meneh, awakmu dadi ndue ibuk anyar, seneng?”
“Asline aku ora seneng, nanging yen iku gawe bapak seneng aku mboten napa-napa.”
“Wis bapak omongi to yen tujuane bapak iku yo mung awakmu, yen awakmu ae ora seneng piye bapak iso seneng? Yen alasanmu gawe kesenengane bapak, awakmu kliru. Saiki bapak wis seneng, ndeloki awakmu tambah duwur, tambah gede, sekolah pinteng, bapak wes seneng tenan masio bapak gak ndue bojo meneh.”
“Inggih, Pak. Tomo nyuwun pangapunten, Tomo salah.”
“Awakmu ora salah apa-apa, Le. Bapak ngerti awakmu kaya ngene ki yo perkara awakmu sayang bapak. Saiki sing penting awakmu wis ngerti, bapak gak butoh sapa-sapa kejaba kowe, tinggalane Ibuk siji-sijine.”
“Inggih, Pak.”
Bapak banjur ngusap sirahku, kaya biyen, nalika aku isik cilik, nalika rambut isik klimis amarga gundul. Rasane nyaman, tenang, adem, ayem lan tentrem. Aku kangen tangan iki, tangan kang selalu ana gawe aku kaet  biyen nganti saiki.
“Le, wis ngerti apa durung kenapa ibumu menehi jeneng awakmu pratama?”
Aku kaget, iku pertanyaan lawas kang isih nggawe aku pengen ngerti jawabane.
“Ibukmu biyen menehi jeneng awakmu Pratama amarga ibumu pingin awakmu dadi wong gedhe, wong hebat kang iso dadi kebanggane wong tuwa.”
Saiki aku wis ngerti, kabeh. Kenapa ibuk menehi jeneng aku pratama lan kenapa Bapak maleh. Bapak maleh amarga bapak ngopeni aku tenanan, mulakno rasane kaya ana sing bedo. Aku yo wis kliru mangerteni bapak. Bapak iku ora tau kesepian. Saiki aku dadi ngerti tenanan, Rafael bener, ngguyu iku pancen ora pasti seneng lan wong meneng iku yo ora pasti sedeh. Bapak selama iki mung meneng ae, nanging bapak ora tau sedeh babar pisan.
Akhire, saiki yo aku wis ngerti, Bapak iki wong kang luar biasa banget. Bapak iso dadi Buwana, dirgantara, utawa udara. Bapak iku super hero, kayata Spiderman utawa Ninja Rangers, kang nduweni jasa gedhe, kang ringan tangan, misterius nanging uga penyayang. Lan kasih saking bapak iku pancen ora bakal ana enteke; akeh, jembar, lan ora ana watese.
Pak, panjang umur nggih...

Kuta Mati, 24 Oktober 2018

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...