Kasih Saking Bapak
Aprilia
Dwi Karunia
Kuning iku padang lan ireng
iku peteng, nanging apa ngguyu iku wis pasti seneng? Mbuh, aku yo ora ngerti,
pancene aku ora pakar hati utawa ngene iki. Nanging, yen jare kancaku, Rafael,
jawabane ora. Saiki iku usum fake smile utawa
senyum palsu, ben nek sedeh ora bakal ana seng ngerti. Nanging aku yo ora paham
asline, wong pancene yen mbahas perkara ngene iki aku ora ngerti. Ing donya iki
sing aku ngerti yo mung siji, turu iku akeh banget enake.
Oh
iyo, aku nganti lali perkenalan. Tomo, iku jenengku. Biasane kanca-kancaku pada
nyeluk aku Mo, nanging aku mesti protes. Jeneng Tomo iku yo ora pantes yen diceluk Mo, apike yen diceluk Tom, ben kaya wong Inggris. Yen jeneng
lengkapku gak beda adoh saka Tomo, mung luwih dawa sitik, isih tetep nduweni
siji tembung, yaiku Tomo nanging ditambahi Pra ing ngarep, dadine Pratomo.
Pancen pantes yen jenengku Pratomo, amarga aku iki anak nomer siji lan
siji-sijine.
Terose
Bapak, Pratama iku jeneng saking Ibuk 14 tahun kepungkur, nalika aku lagek
ngerti donya iki kaya piye. Nalika ibuk tasih nem, tasih 20 taunan. Nanging
saiki sing menehi jeneng Pratama iku sampun kapundut, nalika aku isih kelas 3
SD. Ibuk mboten sakit napa-napa, nanging dumadakan Ibuk sampun kepanggil dening
Gusti Allah, ninggalno kenangan lan kasih sayang kang isa tak rasakno nganti
saiki,
Biyen
banget, aku tau takon bapak, kadhosmenapa ibuk maringi aku jeneng Pratama
padahal bocah-bocah sak umuranku pada nduweni jeneng kang luwih trendy, kang rada kebarat-baratan kayata
Rafael, Sean, Russel, Mike lan sak piturute. Nanging wangsulane bapak yo mung
meneng, nganti saiki bapak yo isik tetep meneng, ora ngekei aku wangsulan. Biyen
kae Bapak malah mung ngusap-ngusap sirah gundulku lan ngguyu, ora guneman
apa-apa.
“Le
yen ing kamar mandi aja suwe-suwe. Bapak ape adus, ape budal ing sawah.”
Suaranipun
Bapak nganggetna awakku, aku banjur njumbul. Kabeh lamunan kang keputer ing
utekku ajur mumur, kayata piring kaca kang ciblok saka meja, pecah kabeh. Pancene
aku lagi lali yen kaet mau aku iki isih ing kamar mandi. Tangan isih nggegem
sikat gigi lan isine lambe yo mung busa. Yo ngene iki pancen kebiasaanku, yen
wes ing kamar mandi pikiranku bakal mlayu-mlayu teka ndi-ndi.
“Inggih,
Pak. Sekedap malih, Tomo tasih gosok gigi.”
Pancene
mbuh kenapa, saben yahmene mesti awakku rebutan kamar mandi kalihan bapak. Bapak
ora ape budhal sekolah kayata awakku, utawa ape budhal menyang kantor kayata
tangga-tanggaku, nanging yo ngunu, bapak mesti budhal isuk amarga badhe nyambut
gawe ing sabin, nandur pari, kang dadi sumber duit utama ing keluarga iki. Kadang
budhale Bapak ing sabin iso luwih isuk tinimbang awakku dewe. Terose bapak yen
kawanen mengko kundure malah luwih awan, panas.
Aku
yo ora nggumun, pancene saiki buwana pas wayah panas-panase.Yen biyen budhal
awan ora masalah, zaman semono srengenge apa tau srengen gedhe kaya saiki. Biyen
srengenge ora tau manasi buwana nganti kaya ngene. Paling-paling yo mung panas
sitik, iku ndah ya mung pas mangsa kering. Asline iki salahe manungsa dewe, senengane
mbakar hutan, mbuak sampah ing kali, ora gelem ngelakokno reboisasi, yo akhire
ngene iki akibate. Buwana tambah rusak, nanging menungsane ora ndang tobat,
malah luwih sesat. Padahal 10 tahun bien, Buwana isik adem, ayem, ijo lan seger.
Nanging saiki mung kari kenangan tok, kari lagu lama kang isih nggawe kelingan.
Bien
iku pas zamane ibuk tasik wonten, yen saiki semenjak ibuk kapundhut bapak wes
ratau budal awan, alasane yo siji mau, mengko nek kawanen bakal panasen. Bapak
pancen tambah sregep. Biyen nalika isih ana ibuk bapak saben dina ya mung
menyang sabin mari iku langsung sare kemawon. Yen isuk tangininipun bapak pas
adzan Subuh, budal ing sabin mesti awan, ngenteni jemurane wong-wong metu
saking omah. Biasane ibuk yo nderek bapak bidhal ing sabin, kalihan ramban
lombok lan kangkung agawe masak dino sisuke.
Sing
ora tau lali yaiku saben isuk sak urunge metu saka omah aku, ibuk lan bapak mesti
sarapan bareng, uga ora lali guyon-guyon, lan cerita-cerita nganti lali waktu,
nganti aku kawanan budhal ing sekolah, kadang aku sampe dihukum hormat ing
ngarep tiang bendera nganti istirahat.. Saben dina bapak uga mesti ngeterake aku
budhal sekolah, sepedaan onthel wong loro, amarga sekolah SDku jarake pancen
cedhak saka omah, ora ana sekilo. Kadang yo mlaku wong telu, soale ibuk yo
melu, ape blojo sayur sisan. Nanging saiki wes ora kaya jaman biyen, iku mau wis
dadi memori. Ape ngelakoni apa wae ben iso diulang yo percuma, amargo yo ra
bakal iso. Saiki yo wis ngene iki, aku kalihan bapak wis ora tau sarapan
bareng, guyon-guyon opo meneh nganti cerita-cerita kayata biyen kae.
Saben
dina mesti bapak tangi isuk banget, nyiapake sarapan gawe aku, lan 3 dina pisan
mesti umbah-umbah. Kadang aku uga nawani bapak, ape aku ewangi niatku, nanging
bapak mesti ora gelem, terose aku sekolah seng pinter mawon, gausah repot-repot
ngiwangi bapak. Padahal kadang yo wis tak pekso, nanging Bapak yo tetep ora
gelem. Rasane Bapak ndueni peran ganda, iso Bapak utawa Ibuk.
Yen
saiki bapak wis ora ngeterake aku budhal
sekolah. Aku sadar diri, yen isuk bapak mesti repot banget. Amarga iku semenjak
aku smp, aku wes moh diterke. Aku milih budhal sekolah dewe, numpak sepeda
gunung hadiah sunat saka Bapak pas aku kelas 5 SD.
“Le,
jerene sediluk,tapi kok suwe ora metu-metu.”
“Nggih pak, sekejap malih.”
Aku
lali yen kaet mau dienteni bapak, aku malah isih dolanan karo lamunan jaman biyen.
Saiki aku banjur langsung cepet-cepetan ngebari sikatanku. Nalika aku metu saka
kamar mandi, aku banjur kaget, bapak wis siap badhe siram ing ngarep kamar
mandi.
“Awakmu
iki adus suwi tenan. Mari iki ndang langsung sarapan, bapak wis masak
oseng-oseng tahu senenganmu.”
“Mboten
sarapan bareng mawon, Pak?”
“Ora
usah, bapak wis sarapan ndisikan mau.”
“Nggih
sampun yen ngoten, Pak. Tomo badhe sarapan rumiyin.”
Yo
mesti ngene, yen tak ajak sarapan bareng jawabane bapak yo mung siji, ‘Bapak wis sarapan’. Padahal aku iki
pengen banget iso sarapan bareng kalihan Bapak, kaya biyen. Tapi kayake bakal
angel. Aku ora ngerti kenapa, bapak kok modele pancen ora pingin sarapan bareng
meneh semenjak ibuk kapundhut. Mesti Bapak nolak nggawe alesan kang gak ana
enteke, aku yo mung iso mesem, lha ape pie maneh, yo to?
Mari
omongan kalihan bapak aku banjur mangkat ing ruang makan. Durung sampek nyedak
meja ambune panganan wes mubar, mlayu ing njero irungku. Pas aku mbukak tudung
meja makan, ing kunu wis ana panganan akeh. Panganan kabeng kang ana ing kunu
iku panganan senengaku. Ana oseng-oseng kangkung, ayam goring lan tempe goreng,
sarta krupuk abang ijo sak plastik. Aku pancen ra ngerti mulai jam pira bapak
nyiapake iki kabeh, Cuma nalika aku tangi saben subuh, bapak wis ribut ing
dapur.
Aku
kang wis keleson, banjur langsung njupuk piring ing dapur lan mbalik ing meja
makan. Ora lali langsung njupuk sego lan panganan ing mejo. Pancene masakane
bapak iku enak, enak tenan malahan, yo masio sik enakan masakane ibuk. Kadang
masakane bapak nggih rada kasinen utawa ra enek rasane blas.
Yen
tak iling-iling maneh, saben dina bapak mesti masak panganan kang tak senengi.
Aku nganti lali kapan terakhir kali bapak sarapan kalihan acar nila, jangan
lodeh utawa jangan asem senengane. Aku uga nganti lali kapan terakhir kali aku
sarapan karo wong-wong seng tak sayangi, maksudku bapak.
Pancene
aku wis krasa, semenjak ibuk kapundhut bapak ora kaya biyen. Bapak wis ora tau
ngopeni awake, kulite malah kriput, wane tambah akeh, sikape yo maleh sisan. Bapak
wis ora cerewet kaya biyen, ora tau ngajak guyon maneh, opo meneh ndongengi aku
pas ape turu. Yo pancen, bapak iku wis maleh, ora ngerti kenapa aku ngerasa
bapak kaya kesepian. Bapak luwih sering ndewe ing kamar lan jarang ngomong.
“Le,
wis mari sarapane?” Suarane bapak ngangetna aku.
“Dereng,
Pak. Wonten napa?”
“Bapak
mengko ape lunga ing pasar, ape tuku bibit. Awakmu budhal sekolah diterna bapak
ae.”
Krungu
jawabane bapak, mripatku kang ombo banjur tambah ombo. Apa aku ora salah
krungu? Iki bapak tenan kang guneman kaya ngene?
“Piye,
Le?”
“Inggih,
Pak. Tomo badhe sarapan rumiyin.”
“Iyo,
bapak enteni ing ngarep omah.”
“Inggih,
Pak.”
Rasane
iki isik kaya ngipi, wes keitung ape 2 tahun bapak ora tau ngeterke aku
sekolah, rasane kayata iki 7 kejaiban ing dunyo. Aku banjur cepet-cepetan
ngebarke sarapanku. Sak bare sarapan aku langsung metu ing ngarep omah gawe
sepaton. Ing njobo aku nemokake bapak wis klambinan rapi kalihan
lungguh-lungguh ing kursi ngarep omah.
“Piye,
Le, sekolahe?
“Apik
mawon, Pak.”
“Yo
Alhamdulillah yen ngunu.”
“Bapak,
Tomo angsal tanglet napa mboten?”
Aku
ragu ape menehi pitakonan gawe Bapak, “bapak aja srengen, nggih?”
“Iyo,
ana apa?”
“Pak
kalawingi aku ngertos Pak Yanu nikah malih, 2 minggu kapunggur Pak Jono nggih
nikah malih.”
“Iya,
terus ana apa yen bapak-bapak iku mau nikah meneh?”
“Niku..
bapak mboten nikah malih sisan? Maksudku niku bapak kan dewean terus, bapak
mboten pegel?”
“Lho
kowe kok iso ngomong ngunu piye? Aneh-aneh ae.”
“Lha
saben dina aku ngerti bapak apa-apa dewe, masak dewe, resik-resik omah dewe,
nyetrika nggih dewean malih. Saben kundur saking sabin nggih mboten enten kang
mijeti. Yen aku badhe mbantu, bapak mesti nggih mboten purun.”
“Kowe
salah paham, Le. Bapakmu iki ora pengen kuwi kabeh.”
“Lha
terus punapa, Pak?”
“Tujuane
bapak saiki yo mung siji, yaiku awakmu. Bapak gak pingin macem-macem. Bapak
urip yo gawe awakmu. Bapak ora pegel babar pisan masio bapak ngelakoni
penggaweane ibuk biyen. Bapak yo ora pingin ndue bojo maneh yen mung gawe
mijeti bapak lan nggawekno kopi bapak, bapak ora butuh kuwi, Le. Lha emange
awakmu seneng yen bapak ndue bojo meneh, awakmu dadi ndue ibuk anyar, seneng?”
“Asline
aku ora seneng, nanging yen iku gawe bapak seneng aku mboten napa-napa.”
“Wis
bapak omongi to yen tujuane bapak iku yo mung awakmu, yen awakmu ae ora seneng
piye bapak iso seneng? Yen alasanmu gawe kesenengane bapak, awakmu kliru. Saiki
bapak wis seneng, ndeloki awakmu tambah duwur, tambah gede, sekolah pinteng,
bapak wes seneng tenan masio bapak gak ndue bojo meneh.”
“Inggih,
Pak. Tomo nyuwun pangapunten, Tomo salah.”
“Awakmu
ora salah apa-apa, Le. Bapak ngerti awakmu kaya ngene ki yo perkara awakmu sayang
bapak. Saiki sing penting awakmu wis ngerti, bapak gak butoh sapa-sapa kejaba kowe,
tinggalane Ibuk siji-sijine.”
“Inggih,
Pak.”
Bapak
banjur ngusap sirahku, kaya biyen, nalika aku isik cilik, nalika rambut isik
klimis amarga gundul. Rasane nyaman, tenang, adem, ayem lan tentrem. Aku kangen
tangan iki, tangan kang selalu ana gawe aku kaet biyen nganti saiki.
“Le,
wis ngerti apa durung kenapa ibumu menehi jeneng awakmu pratama?”
Aku
kaget, iku pertanyaan lawas kang isih nggawe aku pengen ngerti jawabane.
“Ibukmu
biyen menehi jeneng awakmu Pratama amarga ibumu pingin awakmu dadi wong gedhe,
wong hebat kang iso dadi kebanggane wong tuwa.”
Saiki
aku wis ngerti, kabeh. Kenapa ibuk menehi jeneng aku pratama lan kenapa Bapak
maleh. Bapak maleh amarga bapak ngopeni aku tenanan, mulakno rasane kaya ana
sing bedo. Aku yo wis kliru mangerteni bapak. Bapak iku ora tau kesepian. Saiki
aku dadi ngerti tenanan, Rafael bener, ngguyu iku pancen ora pasti seneng lan
wong meneng iku yo ora pasti sedeh. Bapak selama iki mung meneng ae, nanging
bapak ora tau sedeh babar pisan.
Akhire,
saiki yo aku wis ngerti, Bapak iki wong kang luar biasa banget. Bapak iso dadi
Buwana, dirgantara, utawa udara. Bapak iku super hero, kayata Spiderman utawa
Ninja Rangers, kang nduweni jasa gedhe, kang ringan tangan, misterius nanging
uga penyayang. Lan kasih saking bapak iku pancen ora bakal ana enteke; akeh,
jembar, lan ora ana watese.
Pak, panjang umur nggih...
Kuta Mati, 24 Oktober 2018
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus