“ Ora Bakal
Sia-Sia”
Dening : Indah Husnul Khotimah
Ana bocah jenenge Larasati, biasane
diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge
Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing
sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge
Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben
suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang
putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah
iku penting.
“ Laras, rene nduk”
“ Enten napa pak ?
“
“ Iki lo ibumu kape
ngomong “
“ Enten napa nggih
bu “
“ Ngene lo nduk,
sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan iku bisa entuk apa sing mok impiake “
“ Inggih bu. Insyaallah
kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras
“ Ya wis ndang
sinau nduk “
“ Nggih pak “,
jawab Laras lan Lidya
Sawise Laras
dinasehati karo bapak lan ibue. Laras balik ing kamare.
Laras iku bocah sing gampang
aras-arasen, sinau mung pas ana PR, tugas lan ulangan wae. Hp wes dadi
cekelane. Sabendina yen Laras wes kadung nyekel hp rasane aras-arasen arep
sinau. Lidya adhike alhamdulillah dorong dicekeli hp karo bapak ibue, yen
adhike wes dicekeli hp paling yo kaya Laras aras-arasen sinau.
Jam 6 isuk Laras lan adhike Lidya
wis siyap-siyap arep berangkat sekolah. Nanging ibue ngongkon sarapan, ben pas
pelajaran bisa gampang nangkepe.
“
Ras, Lid rene nduk ndang sarapan dhisik “
“
Mboten bu langsung mawon “
“
Lo sarapan dhisik nduk, ben pas pelajaran bisa konsentrasi “
“
Nggih bu “
Akhire Laras lan adhike Lidya
sarapan dhisik. Banjur sarapan Laras lan Lidya berangkat sekolah. Ing sekolah,
Laras iku bocah sing pinter nanging yo ngono ora bisa leren dolanan game ning
hpne.
“
Ras, ras “, Yuli konco cedake Laras nyeluk Laras
“
Opo yul? Sek yul diluk ngkas menang “, jare Laras karo nyekeli hpne
“
Awakmu iku dolanan game wae, iki lo ayo sinau SBMPTN, awakmu iku kan wis kelas
12 “, jare Yuli
“
Sek yul, sek iki arep menang, dhiluk engkas “, jare Laras
“
Ndang gage cepetan “, omonge Yuli
“
Iyo yul, sek “
Sawise
Laras dulinan game ing hpne, Laras marani Yuli.
“
Ana apa to yul? “, takoke Laras
“
Ayo sinau SBMPTN, awakmu kan ora tau sinau SBMPTN to ing omah “, jare Yuli
“
Kok ngerti yul “, tanggapane Laras
“
Yo ngerti Ras, wis apal aku. Mesti kowe dulinan hp wae “
“
Hehehe, iyo yul “, tanggapane Laras
Akhire
Yuli lan Laras sinau SBMPTN bareng-bareng. Nanging ora suwe Guru BK Bu Wina
melbu ing kelas.
“
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatu “ , Bu Wina buka pelajaran
“
Wa’alaikumsalam Warahmatullahi Wabarakatu “ , jawab murid-murid
“
Murid-murid saiki wis podo kelas 12, ndang podo sinau sing temenan gawe
persiapan SBMPTN, soale SBMPTN iku penting gawe daftar ing perguruan tinggi “ ,
nasehate Bu Wina
“
Nggih bu “ , jawabe murid-muride
“
Oh yo ndang podo ditentukno pengen neruske kuliah ing endi “, omonge Bu Wina
“
Nggih Bu Wina “ , jawabe murid-muride
“
Ya wis ndang podo sinau “ , kongkone Bu Wina
“
Nggih bu “, jawabe murid-muride
Sawise
Bu Wina melbu ing kelas, Laras lan Yuli nerusake sinau SBMPTN.
Jam 3 sore Lidya wis teko ing omah.
Laras lagek mulih sekolah jam 4 sore. Lidya mulih-mulih saka sekolah seneng
banget, nanging Laras mulih saka sekolah ngelu banget amarga akeh tugas lan
kerja kelompok.
“
Assalamu’alaikum “ , omonge Laras pas melbu omah
“
Wa’alaikumsalam “ , jawabe wong sak njero omah
“
Nduk ndang mangan sek, adhikmu mau wis mari mangan “ , kongkone ibue Laras
“
Nggih bu, mangke mawon. Kulo tasik males, amargi sirahku ngelu sanget “ , jawab
Laras
Laras langsung melbu kamare, amarga Laras ngeroso sirahe ngelu banget.
Wayah bengi, wayahe Laras
lan Lidya sinau. Lidya sregep banget sinaune, nanging mbake Laras aras-arasen
sinau, malah dolanan game ning hpne.
“ Nduk, Laras “ , celok ibue Laras
“ Enten nopo bu? “ , jawabe Laras
“ Ndang sinau nduk, ojo hp wae “, dawuhe ibue
“ Nggih bu sekedap maleh “, jawabe Laras enteng
“ Nduk Laras, sampeyan iku wis kelas 12 sedhiluk engkas wis arep
kuliah, sing sregep sinaue, ibu lan bapak wis kerja keras digawe sekolahmu lan
adhikmu. “ , dawuhe ibue
“ Inggih bu, kula nyuwun ngapunten “ , jawabe Laras
“ Iyo nduk ora apa-apa, sing penting sampeyan sregep sinau lan bijimu
ning sekolah apik, ibu lan bapak wis seneng “, jawabe ibue Laras
“ Nggih bu, insyaallah kula saget banggaake ibu lan bapak “
“ Iyo nduk “
Sawise Laras didawuhi
ibue, Laras dadi sregep sinau maneh lan ngurangi dolanan hpne. Laras mikir yen
apa sing dilakoni kuwi salah. Awale Laras kuwi mikirno awake dhewe, tanpa
ngerti lorone sing dirasakne wong tuwone digawe nyekolahno Laras lan Lidya
adhike.
Wayah bengi ibu lan
bapak sare, wayah iku ibue Laras ngeluh loro. Laras ndelok kapidho tangan lan
kapindho sikile wong tuwone. Laras kaget amarga apa sing ditemokake ora hal
sing biasa. Laras ndelok bapak lan ibue akeh beban sing dipikul, wis kerja
keras digawe anake. Laras kepikiran karo wong tuwone, sampe kegowo mimpi
mikirno wong tuwone.
Wayah tengah wengi,
kira-kira jam 3 isuk, Laras nduwe tekad arep shalat tahajud. Sawise shalat
tahajud lan arep ngenteni adzan shubuh Laras nyempetake sinau ngerjaake
soal-soal SBMPTN. Amargi sinau pas wayah isukkuwi utek luwih gampang nangkep
lan gampang di mangerteni. Ket wayah iku Laras mulai sregep shalat tahajud e.
Ing sekolah Laras wis
ora tau dolanan game, Laras luwih sering maca-maca buku lan ngerjaake soal-soal
SBMPTN.
“ Ras, ras “
“ Ana apa Yul? “
“ Awakmu ngerjaake apa ras? “
“ La iki wis ketok ngerjaake soal-soal latihan SBMPTN “
“ Alhamdulillah koncoku wis rajin, wis ora tau dolanan game maneh “
“ Yo ngeneki nak aku rajin, dipaedo ae. Ora nyekel buku dipaedo, nyekel
buku dipaedo, eee la yo ”
“ Yo ora ngono ras. Aku iki koncomu ket SMP, yo bersyukur yen ngerti
koncone berubah luwih apik “
“ Yo ngeneki aku yul “
“ Iyo ras. Yo wis ndang ayo sinau maneh dilukngkas wis arep ana tes
SBMPTN “
“ Iyo yul mugo-mugo ae kene bisa lolos ing jurusan sing kene pilih “
“ Iyo ras amin “
Laras lan Yui nerusake sinau SBMPTN e
Ulan iku wayah-wayah e
tes-tes kuliah. Laras wedi banget yen sampe Laras ora kelebu ing jurusan sing
dipilih. Bapak nyeluk Laras lan Lidya.
“ Laras, Lidya rene nduk “
“ Nggih pak “
Laras lan Lidya meu saka kamare dhewe-dhewe
“ Laras, Lidya sakiki sampeyan wis pada gedhe, wis kudu bisa mbedaake
sing bener karo sing ora bene. Lidya sampeyan isih SMp kudu sregep-sregep sinau
ben isa melbu ing SMA sing diimpiake “
“ Nggih pak. Insyaalah kula laksanaake amanh bapak “
“ Laras sampeyan sakiki wis gedhe, wis arep kuliah, yen sampeyan adoh
saka bapak lan ibu, sampeyan kudu bisa jaga awakmu dhewe. Disiapake tes SBMPTN
lan sing liane “
“ Nggih pak. Insyallah sampun kula persiapake sae-sae “
“ Ras, yen sampeyan gagal ora apa-apa, malah iku awal saka kasuksesan,
dungo marang gusti Allah nyuwun supaya tes SBMPTN lan laine diparingi lancar “
“ Nggih bu “
“ Sakiki rencanamu arep kuliah ing endi ras? “
“ Kula kepengen ten kampus Universitas Indonesia Fakultas Kedokteran
pak “
“ Iyo nduk, muga-muga wae sampeyan bisa melbu ing kampus kuwi “
“ Nggih bu amin “
Wayah tes SBMPTN Laras
dungo marang gusti Allah dhisik supaya pas wayah ngerjaake diparingi lancar lan
bisa ngerjakno.
Alhamdulillah pas
wayah tes SBMPTN Laras lancar ngerjaake soal-soal e mung karek ngenteni
pengumuman. Laras diterimo ing Fakultas lan Jurusan sing dipilih apa ora.
Seminggu sawise tes
SBMPTN, pengumuman wis ana ing internet. Laras deg-degan banget, Laras wedi yen
Laras ora kelebu ing kampus lan jurusan sing dipilih. Nanging apa sing diwedeni
Laras kuwi ora bener, Laras kelebu ing kampus lan jurusan sing diimpiake. Laras
kelebu ing Universitas Indonesia Fakultas Kedokteran Jurusan Ahli Radiologi.
Laras sujud syukur lan Laras langsung ngomong ing Bapak Ibu lan adhike. Yen
Laras klebu ing kampus sing diimpiake. Laras ora nyongko banget, apa sing
dilakon Laras selama iki ora sia-sia, Laras klebu ing kampus sing diimpiake.
TAMAT
Komentar
Posting Komentar