Langsung ke konten utama

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas


NIAT SING IKHLAS!!!

            Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.
            Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.
            Zohri ngelatih kemampuane nganti dheweke iso dadi juara nalika dheweke gak di wenehi fasilitas sing apik gawe ngelatih kemampuane ing cabang lomba mlayu 100 meter. Nanging zohri tetep bisa mensyukurake fasilitas sing ana. Zohri sek ndue pinginan sing kuat sing bisa dadi motifasine gaawe semangat ngelatih kemampuane. Zohri ndueni pelatih sing ngelatih dheweke dadi mental juara. Masio fasilitase sak wonten e masio pelatihe nyeneni zohri ing saben dinane.
            Zohri sempae ngerasake karaguan karo impianipun gawe dadi atlit mlau 100 meter. Zohri ngerasake dheweke ora bakal bisa nyaingi atlit-atlit sing ana ning njaba, sing ndueni fasilitas sing apik. Nanging pelatihipun ngelingake zohri nyen ojo nganti patah semangat. Zohri wes pernah ngomong ning kaluargane, yaiku mas e.
            “Mas, aku wes ora gelem latihan manih, aku tak sinau wae.” Jare zohri
            “Ana apa toh dek, kenopo kok sampean ngomong ngunu?” takok mas e kaget.
            “Aku sing wong ra ndue, ora ngarah  bisa ngalah na atlit-atlit ning perlombaan internasional .” Zohri ngeluh menyang  mas e.
            “Sapa sing ngomong?” Takok mas e.
            “Yo aku dewe mas, lha piye, mosok iso aku menangno lomba internasional?” Omonge zohri nesu.
            “Yo iso to, kenapa ora iso? Sing penting sampean iku niat lan sampean iku ana usaha gawe dadi wong sing ndueni mental juara.”
            Akhire zohri ileng nek misale dheweke kudu semangat ojo sampek nyerah, sesoke zohri latihan meneh. Lan zohri tambah semangat amrga di kandani karo mas e “Wong juara iku teko mental dudu teko bukti nyata kayata piagam utawa piala”. Mental juara iku kudu ne wes sanggup narima kekalahan utawa menang saka lomba sing di meloki. Pas waktune latihan zohri kondo nang pelatih e.
            “Pak pelatih, akau pengen dadi juara dunia lomba mlayu 100 meter.” Omonge zohri nak pelatihe.
            “Yo kudu ngono, wong sing ndue keinginan, tekad lan kesabaran sing kuat pasti iso dadi juara.” Jare pelatihe.
            “Oke pak, saiki aku semangat gawe latihan soale aku wes sanggup ndueni tekad lan mental sing kuat.” Omonge zohri semangat.
            “Oh yowes le, sampean ndang latihan sing tenanan ya, njen iso dadi juara dunia.” Jare pelatihe.
            Sak bendina zohri terus ngelatih kemampuane, akhire lomba-lomba sing di meloki ngetokake juara, saiki zohri wes dadi atlit sing bisa ngebanggaake wong sing ana nak lingkungane. Dina-dina wes di lewati zohri sing wes dadi atlit mlayu, lan akhire impiane zohri yaiku melu lomba internasioanal iso kelakoni, zohri tambah seneng lan zohri tambah semangat latihan. Fasilitasipun ketambah apik tapi saonone, gak bisa gawe latihan maksimal ing dina-dina latihanipun, ora kaya lawane sing fasilitas e wes terjamin.
            Tapi, mboh kenapa zohri ngerasake keraguan malih ing atine, dheweke mikir lan minnder marang atlit-atlit ing negara liya ora bakal mungkin gak ndueni fasilihat sing apik kaya dheweke, pastine atlit e wes niat lan ketambah fasilitas tambah dadi saingan sing pastine abot banget malahan. Zohri ngerasa bingung lan lara atine, kenapa pemerintah ora wenehi fasilitas sing apik, kudune iku ora bakal dadi tanggungan gedhe gawe pemerintah. Zohri saiki ngerasa bimbang, ragu, ora bisa semangat, dheweke malah saikinakeh ngelamune, ngelamun gak jelas. Tapi pas zohri ngelamun mas e sing sak durunge ngekei nasihat gawe zohri teko.
            “Ana apa nrh to le, kok saiki sampean malah akeh ngelamune ketimbang latihane.” Takok mas e.
            “Ora ana apa-apa mas, aku mek kuciwa marang pemerintah, mosok aku sing ape ngewakili Indonesia ing lomba internasional, ora di ke’I fasilitas sing apik sing bisa dadi tambahan penyemangat.” Jare zohri
            “Hhmmm…., masalah iku maneh, sampean ojo terlalu nggantungaken kabeh ing wong liyo, sampean lak wes tak kandani, wong sing ndueni mental juara ik duduk wong sing ndueni fasilitas sing apik, tapi wong sig bisa mensyukuri opo wae sing di duweni masio iku fasilitass sak ono ne.” mas e ngandani zohri.
            Akhire pas sak wis e mas e metu teka kamare dheweke ngelamun maneh, tapi dudu ngelamun sing aneh-aneh tapi ngelamun mikir ake omonge mas e,,  juara ora di tentukake teko fasilitas tapi teko tekad, semangat lan niat sing kuat
            Pas dina perlombaan internasional zohri wes ngerasa siap, atine wes tahan banting ora bisa sii ajurake malih, pekara zohri ora masalahno opo-opo sing ora di duweni. Sing penting mental ewes ndueni mental juara masio akhire kalah, mental juara iku kudu bisa nerima kekalahanipun.
            Tapi teko perlombaan internasional iku zohri malah entok juara malahan dadi juara siji, zohri saiki tambah seneng soale dheweke wes bisa ngebanggaake keluarga lan negara teko lomba iku, tapi pas iku nak perlombaan, ana kedadian sing bisa di anggep ngisinake negara, kedadian iku pas zohri menangake lomba dheweke iku nggoleki officiale sing nggawa bendera Indonesia tapi ora ketemu-ketemu khire zohri bingung mlayu mrono-mrenen nggoleki bedera Indonesia, tapi akhire ana ifficial teko negara liyo yaiku negara polandia iku ngewenehi benderane menyang zohri, gak mikir dawa zohri langsung njupuk bendera ne lan ngeweilik warna benderane supaya bisa dani bendera ne Indonesia. Zohri pas iku langsung mlayu nang podium, gawe njupuk piala perlombaan iku masio benderane dudu bendera dewe tapi zohri tetep bangga iso menang ke lomba iku, tapi tetep zohri ngerasa pemerintah iku aneh lan gak tenanan, ngewenehi fasilitas apa wae termasuk bendera Indonesia sing ora di gawa, mungkin pemerintas mikir nek misale zohri ora bisa menangake lomba internasional iku, tapi malah kuwalik, sing kedadiyan zohri menang lomba lan akhire, officiale bingung dewe.
            Pas wayahe balik menyang Indonesia dheweke di sambut wong akeh lann pastine di sambut keluarganipun, malahan pak presiden melok nambut tekane zohri sing menangake lomba internasional. Akhire zohri dadi terkrnal, atlit Indonesia sing bisa nggawa Indonesia dadi juara internasional. Pas iku zohri ngentok ake biaya perbaikan omah, biasiswa, sampek dhuwit tunai.malahan  zohri sempet di tawari kalian TNI gawe mlebu kemiliteran tanpa tes, tapi zohri ora gelem, zohri luweh pingin dadi atlit ketimbang dadi tentara.
             Sak ulan sak wis e  perlombaan iku Indonesia ngadakno lomba ASIAN GAMES, yaiku lomba sing di lakoni mben 4 taun pisan, lomba  iki di eloki kaliyan negara-negara sing ana ing wilyah asia. Acara Asian games iku di selenggaraake  kalian Dewan Olimpiade Asia. Ing Asian games zohri di kongkon melu lomba mlayu estafet kaliyan kancane, tapi zohri kalah soale lawanipun ora wong sembarangan malahan iku sing melok lomba iku atlit sing wes senior, wes ndueni pengalaman sing akeh, dadine zohri kalah ngelawan senior-senior iku. Tapi mental zohri wes mental juara dadine menang utawa kalah dheweke tetep bisa nerima lan tetep semangat.
            Zohri sing mbiyen wong ora ndue saiki dadi wong sing terkenal sing bisa nggawa Indonesia nak kanca dunia. Zohri wong sing kuat. wong sing nduwe tekad sing kuat pastine ora ngarah gampang terpengaruh karo hal-hal liane, lan wong sing ndueni mental juara iku ngerti, piala iku mok symbol wong sing pernah menang juara, tapi niat, ikhlas, lan pengalaman sing dadi pengantar wong kuwi gawe dadi juara.
            Wong sing niat tanpa usaha lan ndunga iku podo ae wong sing ora pingin niate iku utawa impiane iku dadi kenyataan kudune wong sing niat iku usaha, nduga lan istiqomah.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...