Langsung ke konten utama

Adib Haidar - Tulung Tinulung


Tulung-Tinulung
Dening : Adib Haidar
Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek.
Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku podo ngadek keterak howo iku mau. Aku kroso koyo di celuk karo wong wedok. Suara iku alus teko adohan krungu, jenengku diceluk alus tapi aku tetep krungu amergi wengi iku ancen sepimampring raonok wong lan ra onok kendaraan siji-sijindah lewat ning dalanan tegalan iku mau. Suarane nggawe aku ayem lan rodok wedi. “ Man…….” “Mannnn…..” “Karman……” aku gak asing karo suara iku mau sing sering krungu ning sekitaran deso ku iku mau. Suara iku nggawe aku iling karo wong wadon ayu sing tak tresnani amergi ancen pawakan e pas karo aku. Atiku rasane adem atiku rasane ayem. Adem e howo iku kalah karo anget amergi celukane bocah wadon iku sing nggawe aku seneng ora ketulungan. Aku ngiling-iling jeneng e bocah iku. Bocah iku jeneng e  Surti. Aku mulai iling raine karonan sikap e sing ambek wong deso ancen terkenal apik rupa lan apik atine. Orang gumun lek podo akeh sing seneng karo pawakan e Surti iku. Suarane Surti iku nggawe howoku tambah mrinding,tapi aku gak ngerti kenopo kok iso ngono. Aku bingung. Aku mbatin “padahal iki nok tegalan sing adoh teko omah e wong-wong. Opo maneh omah e Surti, omah e Surti lak pinggir e omah e Pak Kades kae” Aku ora mikir sing elek-elek aku gur nggumunno kendi wujud e surti iki kok celak celuk soko adohan. Nanging pikirku buyar amergi salah siji hal sing nggawe aku iling tekan Surti.
Aku kelingan maneh, aku lagek sadar Surti iku bocah sing lagek 10 dino kepungkur mati ora wajar ning sekitaran desoku. Bar kelingan kedadeyan iku, jantungku rasane koyo pedot-pedot o. Howone langsung dadi adem, mrinding, aneh, medeni tansah nylimuti bengi sing soyo dalu iku. Aku mikir bakalan mati lucu perkoro wedi karo setan lagek iki. Aku wedi sak wedi-wedine karo kahanan e Surti. Suarane sing soyo alus soyo cedak nang panggonanku. Rasane aku diparani karo Surti kui, aku koyo ape dijak baturan karo Surti ning ngisor wit greng sing rumbuk nanging ketoto dadi resik iki. Aku maune mapan turu nok gelaran kloso ngisor wit greng iki idep-idep ngadek koyo ngrasakno ngipi sing bar anjlok soko menoro listrik. Kaget sak kaget - kaget e tibak e kui ora ngipi, aku tambah soyo wedi ora karuan arep ndue niat mlayu sak banter - banter e sak adoh - adoh e percuma aku ora iso obah babar pisan. Ape mbengok sak banter-banter e wes tak jajal nanging ora metu suarane babar pisan,suaraku koyo di tilep karo kain sampe ora iso metu babarpisan. Awakku ngejer sak ngejer - ngejer e ambekanku koyo wong bar maling sapi di gudak wong sak deso. Kasoh rasane ngrasakno kedadean iku.Wujud e Surti rasane soyo cedak karo awakku. Rasane kudu tak wani-wani o kudu ngedep i kadedan iki. Aku wedi podo ae mati konyol batinku. Lirih suarane Surti krungu maneh soko mburi awakku sing kaku ra iso obah. “Man gak usah wedi, aku gur njaluk tulung”
Rasane aku koyo bar mati urip neh, sikil e kroso mlaku soyo cedak karo aku. Aku wes pasrah ra iso opo - opo. Aku gur iso ndungo gae awakku dewe marang gusti Allah.Akhire aku di teblek karo tangan sing ademe nujep awakku. Surti mesen i awakku gawe ngungkap kasus matine Surti ben arwah e tenang. Aku mujudkake rasa syukur amergi kedadean kui wes tak lakoni senajan aku ngerti wong sing pas urip ayune ra kaprah dadi raine ajur mumur, bek getih moto mendolo koyo ameh coplok tangan ora utuh sirah bek getih podo netes ning klambine Surti iku mau. Ambu anyir iku mau soyo sui soyo ilang keterak angin lan suoro motor sing teko adohan krungu banter. Aku ora asing karo motor e koncoku kui. Koncoku kui tumpakane RX-King sing suarane mbribeni deso. Rasa Syukurku tak aturaken marang Gusti Allah amergi kula diparingi slamet marang kedadean iku mau. Sompoken ngerti barang alus tapi mugi – mugi aku iso mujudkake pengen e Surti lan ngungkap opo kang dadi masalah e Surti kok iso mati gak wajar iku mau. Sak suene 2 jam aku ngrasao kedadean iku mau.  Koncoku wes teko karo nggowo sentolop nyulohi aku ing ngisor greng pinggir kali lan tegalan iku “Man  Karmannn, ayo melu aku mbek konco – konco nang lapangan” ajakan e Yanto langsung tak sauri sak banter-banter e suaraku “iyoooooooo Yannn aku nok kenee,ayo nyusul bocah - bocah” Aku katisen nok kene adem e ora kaprah nanging kepenak man gawe turu pas wayah awan.
Sakwis e kedadean iku mau aku banjur nyusul karo Yantono lapangan cedak Omah e Yanto iku mau. Aku cerito opo wae kedadean iku mau tapi onok sing diguyu lan onok sing nggawe ngesakno marang kedadean iku mau. Aku bersyukur iso kumpul lan ogak mati konyol perkoro keweden setan bocah ayu tapi dadi medeni iku mau.
TAMAT

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...