Langsung ke konten utama

Rafif Aditya - Lindu Ing Yogyakarta


Lindu Ing Yogyakarta
Dening : Rafif Aditya Naufal
            Sanes wedal ing desa kula tapate img daerah Kec. Imogiri, Kab. Bantul, Yogyakarta. Desa kula tertib, ramai lan tentrem. Ketika wayah bengi sak derengipun lindu, kula lan wong tua kula dolan teng Malioboro. Saklajengipun, kulan lan wong tua kula wangsul dateng rumah amargi sampun dalu. Pas kula badhe manthuk teng dalan kena macet amargi wonten kecelakaan mobil kaleh sepedha montor. Kula lan keluarga tekan omah jam sewelas bengi.
            Sak injenge dinten kula lagi turu lan bapak kalhean ibu mirsani TV. Banjur jam 06.10 WIB kula ditangikno saking turu lan kula lamgsumg di gendong  bapak kula. Ing wektu iku kula dereng sadar saking turu kula. Ananging saking jaba sampun katah tiang kang bengok. Bapak lan ibu kula bingung golek dalan kang saged seng di lewati.
            “Pak .. Ibu.. Medhal..” Lan niku terjadi berulang ulang. Mungkin  wedi soko kedadeyan karo keluarga kula amargi keluarga kula dernag medhal saking omah.
            Amargi ruang tamu sampun ke tutup tembok seng ruboh, lan kula tangklet “Bu, niki wonten apa?”
            “Wonten lindu nak” Jawabe Ibu
            “Bu ayo lewat tembok mburi omah” Jere Bapak
            “Lo.. Opo tembok mburi omahkan dhuwur” Jawabe Ibu
            “Tembok mburi omah ruboh bu, dadi iseh iso di lewati” Jawab Bapak
            Naliko tekan tembok mburi omah, ibu kula di genjong bapak supaya saged munggah tembok seng ruboh selanjute kula di henjong bapak lan terakhir Bapak kula munggah tembok  supaya ngetukno tembok kuwi bapak kula menculot
            Pas Bapak, Ibu lan kula sampun mudhun teng jaba omah sampun kathah omah seng ruboh. Langsung Ibu, Bapak lan kula kaget ndheleng pemandhangan niku.
            “Pripun pak keluargane?” warga tangklet teng Bapak
            “Alhamdulillah mboten enten seng luka” Jawabe bapak
            Naliko keluarga kula dereng medhal saking omah sampun warga kathah seng goleki. Pas keluarga kula sampun teng jaba langsung warga seneng amargi selamet mboten enten apa – apa. Kula lan keluarga langsung istirahat, ngombe banyu putih.
            Saat niku wonten konco dolan kula. Namine Aditya biasane kula nyeluk Adit.
            “Piye keadaanmu pal?” Takonne Adit
            “Alhamdulillah ogak kenopo – kenopo, la piye keadaanne keluargamu?” Jawab kula
            “Alhamdulillah yo podo tapi ibuku mau kena beling”Jawabe Adit
            “Lo kok bisa piye? Parah opo ora?” Takon kula
            “Ogak parah kok, cuma lecet sitik sikile. La keluargamu piye keadaanne?” takonne Adit
            “Alhamdulillah  bapak karo ibu ku ogak kenopo – kenopo” jawab kula
            Jam 07.30 WIB warga kathah seng nyiapke mangan kanggo warga sekitar kantun bahan sakeneke. Warga khatah seng ngewangi lan ono seng nangani wong seng loro. Pas warga nyiap ake mangan wonten kabar yen banyu segara wes munggah, langsung wong – wong sekitar panik lan bingung.
            “Bu, Bapak teng pundi ?” Tangklet kula
            “Bapakmu melu ngewangi wong – wong neng kono.” Jawabe ibu
            Nalika jam 08.15 WIB wonten seng wenehi kabar yen banyu segara wes munggah ing dalan utawi tsunami. Warga teng daerah kula langsung panik lan nyelametno awake dewe lan keluargane masing – masing. Bapak, Ibu lan Kula mlayu nyelametno awake, dugi tekan tengah perjalanan kula dititipake tangga kula.
            “Bu, kula titip anak kula” Tangklete ibu kula
            “Nanging bapak lan ibu pripun ?” Tengklete tanggi kula
            “Kula lan Bapak mboten kenopo – kenopo, seng penting anak kula selamet” Jawab ibu
            “Nggeh sampun nek ngenten” jawab tanggi kula
            “Bu kula mboten purun. Kula ndherek bapak kalehan ibu mawon” Jawab kula
            “Mas Nofal ndherek bapak lan ibu niku, Ibu kalian bapak mboten kenopo – kenopo. Wes mas Nofal gak usah nangis” jawab Bapak kula
            “Tapi pak kula mboten purun ndherek” Jawab kula
            “Mas Nofal ikut inbnu niku nggeh ?” Jawab Bapak kula
            “Hmm.. Nggeh pak” Jawab kula
            Akhire kula ndherek tanggi kula lan numpak kendaraan sepedha motor seng keceptanne seng banter. Kula numpak sepedha motor niku bonceng kopel 4 amargi kalian keluargane terus ketambahan kula. Kula tumuju ing panggon seng luweh dhuwur. Tapi kula pas perjalanan kula mikirake bapak lan ibu. Teng perjalanan sepedha motor seng kula tumpaki wonten masalah amargi kaboten muatan wonge.
            “Pak motore kok gak iso banter ?” Tangklete bojone
            “Bu.. Bu.. La wong muatanne akeh ya ogak bisa banter” jawab Bapak niku
            Nalika tekan panggon seng wes dhuwur karo panggon seng mau ndek daerah omahku. Teng kono kula sempet mikirake Bapak lan Ibu kula. Teng mriki kula mangan indhomie kangge ganjel weteng seng wes lesu.
            Jam 09.30 WIB wonten seng ngandhani yen banyu segera sampun mudhun. Kula langsung marani tanggi kula ngajak mbalik moro omah.
            “Bu ayo mbalik, kula pengen ketemu Bapak lan Ibu” tangklet kula
            “Iyo dek iki aku goleki bapak sek”. Jawab Ibu niku
            “Emang neng ndi bu ?” Tangklet kula
            “Yo gak ngerti dek. Ayo ewangi golek mben cepet muleh” Jawab Ibu niku
            “Nggeh bu..” Jawab kula
            Akhire kula lan bojone bapak kuwi nemukake bapak niku.
            “Pak Ayo muleh, banyu segara wes mudun” Ibu niku ngandhani bojone
            “Yo to bu, tenan opo gak, mengko lang hoax” tangkelte bapak
            “Iyo pak, mau enek seng wenehi informasi. Mosok  yo arep mbujuk” Jawab Ibu niku
            Akhire kula lan keluarga kula mantuk moro omah. Tekan dalan ing pinggire wonten kathah mayit. Sakwise tekan daerah  kula sampun kathah wargi seng nyiapno mangan, ananging bapak lan ibu kula dereng teko, kula khawatir yen bapak lan ibu kula kenopo – kenopo. Langsung kula nangis amargi kula sampun bingung.
            “Mas awakmu kenopo ?” tangklet ibu mau
            “Bapak lan Ibu kok dereng teko.” Jawab kula
            “Ogak usah nangis. Do’a no selamet lang teko rene, pogak usah mikir seng aneh – aneh” Jawab ibu niku
            Wonten 15 menit Bapak lan Ibu kula teko lan kula langsung mlayu marani ibu lan bapak kula. Pas kuwi kula langsung meluk ibu lan bapak kula
            “Bu pripun keadaanne kaliyan?” tangklet kula
            “Alhamdulillah bapak lan ibu lan ibu mu ora enek opo – opo” Jawab ibu kula
            Dina sampun bengi, pas bengine  kuto Yogyakarta seng bar kenek musibah, bengine ono udan mudhun. Ing wektu iku kota Yogyakarta peteng mboten enten penerenangan. Wong – wong teng mriku sampun di siapne tenda pengungsian saking pemerintahan kangge wong seng omahe rusak. Sak wis e udan mendek kathah wong seng metu omong – omongan kaleh warga liyane lan kathah cah cilik seng dolanan. Panggon ibadah kathah wong seng dungo njaluk keselametan lan di paringi kemudahan, kekuatan. Warga seng teko adoh utawi warga merantau roto – roto balik ing daerah e masing – masing, sehingga dalanan ing kota Yogyakarta mboten rame utawi padet koyok biasane.
            Satunggal wulan salajengipun kota Yogyakarta saget bangkit saking kedadeyan bencana lindu. Lindu niku kedadeyanne tanggal 27 Mei 2006 lan kekuatanne lindune 6,3SR. Kota Yogyakarta kathah bangunan seng ajur amargi lindu seng kekuatanne gede. Suwe – suwe kota Yogyakarta sampun saget bangkit lan kota Yogyakta bangunanne sampun kathah seng apik. Sak niki sampun luwih apik karo sak durunge, wargi kota Yogyakarta nggeh sampun luwih ayem,tentrem,ramah kalihan wong lan luweh apik.

TAMAT

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...