Ngipi Kang Dadi Nyata
Alfi Nur Khafidhoh
Dina iki pasienku pancen akeh tenan masio kesel nanging aku kudu nglayani pasien kang apik, amarga wis tanggung jawabku dadi dokter. Aku seneng banget karo profesiku amarga bisa mbantu lan nulungi akeh wong. Wiwit cilik cita-citaku pancen dadi dokter.
Jam 12.00 WIB yaiku wektuku istirahat, nanging ana ibu lan anake arep periksa.
“Assalamu’alaikum, bu dokter”
“Wa’alaikumsalam ibu, wonten napa bu?” ucapku.
“Dok, tolong putri kula, putri kula demam tinggi sampun seminggu”
“Punapa mboten di betha teng rumah sakit bu?”
“Kula mboten gadah arta bu dokter”
“Mangga bu, kula periksa rumiyen”
Akhire aku meriksa anak saka ibu mau, lan ngwenehi obat penurun demam.
“Matursuwun dok, nanging kula namug gadah arta sementen” ucape ibu lan ngwenehi duit Rp. 10.000
“Sami-sami bu, mboten usah nggih artane disimpen mawon, kula ikhlas kok bu, sampun kewajiban kula mbantu panjenengan” ucapku.
“Matursuwun ingkang kathah bu dokter, mugi-mugi rezekine lancer nggih”
KRING…KRING…KRING…KRING…KRING…KRING…KRING…KRING…KRING…
Aku sadar yen kejadian iki cuma ngipi. Jenengku Ifni, aku sekolah kelas 3 SMA ing Surabaya. Cita-citaku dadi dokter amarga aku pengen nulung wong kang lagi sakit. Nanging bapakku namung petani lan ibuku namung ibu rumah tangga, aku anak mbarep saking 4 dulur. Amarga keadaan ekonomi ing kelurgaku sehingga aku kudu bisa sukses lan bisa nyekolahake adik-adik.
Dina iki, aku karo adik-adik libur skolah. Kegiatanku yen libur yaiku mbantu ibu resik-resik omah, nanging ana sing beda kalih dino biasane, aku krungu bapakku lagi sambat yen deweke sakit, bapak gak iso budal kerja sehimgga SPP ku gak kebayar, aku sempet mikir yen aku kepengen mendek saka sekolah amarga keadaan ekonomi keluarga.
“Ibu, yen Ifni mboten sekolah pripun? Afni saget keja kangge mbantu bayar sekolah adik- adik, Afni mboten tega yen ngwasi bapak nyambut gawe malih bu”
“Aja nak, ibu bisa kok kerja kanggo biayai Ifni karo adik-adik, Ifni kudu inget cita-cita Ifni lo, Ifni kudu rajin belajar lan ogak ngecewaake bapak lan ibu”
“Tapi bu, Ifni mboten tega yen ngwasi ibu nyambut gawe piyambak”
“Wis gak usah di piker masalaah biaya, biaya iku wis dadi tanggung jawab bapak lan ibu, tugase Afni cuman sinau lan focus karo cita-cita Ifni”
Ucapan ibu mau gawe aku tambah semangat gawe sekolah. Aku janji karo awakku dewe yen aku kudu sukses lan bisa mbanggaake bapak lan ibu.
Seminggu meneh UN arep dilaksanakake, aku ngerasa sedih amarga aku kepikiran karo cita-citaku, sapa sing arep mbiayai kuliahku, kuliah kedokteran terkenal larang lan wong tuaku wis pasti gak sanggup mbiayai.
“HE, Ifni…”
“Eh Rita…”
“Awakmu kenapa to ni, aja sedih sedih. Ilingo, seminggu meneh UN, kowe kudu focus aja mikir sing liyo liyo”
“Iyo Rit…”
“Apa ta ni, sing gawe awakmu nglamun terus koyo ngene, apa sebabe awakmu sedih?”
“Aku gak sedih kok Rit”
“Kene iku wis suwe kekancan, aku ngerti yen awakmu sedih, critanono ni, sapa ngerti aku bisa mbantu awakmu”
“Aku lagi mikir kuliah Rit, kepiye carane aku bisa kuliah”
“Oalah ni, iling ni yen kabeh wong iku duweni rezeki dewe-dewe saiki aja terlalu dipikir nemen nemen, yen awakmu rajin lan pinter wis mesti awakmu oleh beasiswa saka pemerintah”
“Muga-muga aku bisa oleh beasiswa yo Rit”
“Aamiin.. Aku yakin kok Ni, yen awakmu mesti bisa, aja sedih maneh yo”
“Matursuwun yo Rit”
“Iyo Ni, ayo menyang kantin Ni. Luwe aku”
“Aku gak nduwe duit Rit”
“Santai, ayo tak traktir”
“Gak ah Rit, mosok ape awakmu nraktir terus, kapan giliranku nraktir?”
“Mumpung sek enek kesempatanku gawe nraktir awakmu iki ni, sok yen awakmu sukses dadi dokter gentian sing nraktir”
“Aamiin…”
Akhire aku lan Rita menyang kantin
UN arep dilaksanakake dina iki, sak durunge budhal menyang sekolah aku pamitan kalih bapak lan ibu. Aku yakin yen aku bisa sukses ing UN iki lan aku percaya karo kalimat “Usaha tidak akan menghianati hasil”, ibu pesen yen sak durunge nggarap aja lali gae ndunga gae kesukseskan.
Alhamdulillah dina iki UN terakhir, sakwise UN mari aku lan kanca-kanca mlaku bebarengan menyang kantin.
“Kepriye Ni, olehmu ngerjakake UN?”
“Alhamdulillah Rit, lancer”
“Muga-muga hasile iso gawe wong tuwa bangga yo Ni”
“Aamiin…”
“Oh iyo Ni, aja lali sinau luwih giat meneh gawe tes masuk kuliah lo”
“Iyo Rit, iling kok aku”
“Yowis, sementara saiki aja mikir pelajaran disik, ayo nenango pikiran disik”
Aku lan kanca-kanca nikmati suasana kantin lan panganan sing wis di pesen dewe-dewe, banjur iku aku pamit karo kanca-kancaku arep mulih disikan, banjur tekan omah aku ketemu ibu.
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam”
“Kepiye nak lancer to?”
“Nggih, Alhamdulillah buk”
“Tenangno pikiranmu disik Ni, lang mrono nyusul adimu ing sawah dolanan layangan”
“Nggih bu” sak banjure salin aku langsung menyang sawah.
Aku ngenikmati semribite angina lan ngawasi cah dolanan layangan, aku dadi kelingan yen pas dolanan bareng kanca-kanca. Seminggu maneh pengumuman hasil UN, aku wedi yen ngecewaake bapak lan ibu. Jam 17.00 WIB, aku lan adik-adik banjur mulih saka sawah.
Dina iki pengumuman hasil UN, aku budal menyang sekolah gae sepedaku. Tekan sekolah kanca-kanca wis pada kumpul ing lorong, 10 menit maneh pengumuman, aku langsung melu lugguh ing lorong, mara-mara bu Sinta teka lan arep nempel hasil UN ing madding. Aku lan kanca-kanca grumbelan, aku goleki jenengku ing kertas sing nempel, akhire aku nemu jenengku lan ketulis 37,50 danemku, aku bersyukur.
“Alhamdulillah aku bisa oleh danem apik” gumamku.
Yen kanca-kanca pada ngrayakake kelulusan, aku milih langsung mulih gawe nyampeake kabar apik iki marang bapak ibu.
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam”
“Wah, kok ketoke seneng tenan, ana apa nduk?”
“Eh bapak, kalawau Ifni wonten pengumuman hasil UN ing sekolah bapak”
“La kepiye hasile nduk?”
“Alhamdulillah danem Ifni 37,50 bapak”
“Alhamdulillah nduk, bapak bangga karo sampean, ibumu mesti seneng banget yen ngerti kabar iki”
“Ibu, konduripun jam pinten bapak?”
“Ibumu mulih jam 14.00 nduk”
“Nggih sampun bapak, Ifni badhe teng kamar rumiyen”
Aku bersyukur bisa gawe bapak lan ibu bangga karo kabar iki, lan aku malah semangat sinau gae tes mlebu kuliah. Sak mulihe ibuku saking kerja ibuku diomongi bapak tentang danem ku, ibuku seneng banget.
Dina iki aku oleh kabar saka kancaku yen aku oleh panggilan saka guru BK, Bu ira motivasi aku gae kuliah lan aku konsultasi maslah ekonomi ing keluargaku.
Sakwise oleh motivasi saka bu Ira aku dadi optimis yen aku bisa masuk universitas lan jurusan sing tak imikake. Dina iki aku daftar ing universitas sing ana ing Surabaya lan sisuk tes arep dilaksanakake.
Isuk-isuk aku sinau, aku iling yen mengko arep tes. Aku arep jupuk jurusan kedokteran sesuai cita-citaku.
“Afni…”
“Eh Rita, awakmu semangat tenan”
“Lang ayo budal Ni”
Iyo, sek aku arep pamitan karo bapak lan ibu”
Sakwise pamitan, aku lan Rita menyang kampus arep tes.
“Rit, aja lali dunga disik sakdurunge ngerjakake soal”
“Iyo Ni”
Aku garap mbutuhake waktu 100 menit, kesisa 20 menit, aku dunga terus, aku kudu iso lolos lan ngintukake beasiswaa. Bel wis bunyi, aku metu saka ruangan lan metuki Rita, aku nunggu pengumuman sing arep langsung diumumake langsung dina iki ning taman sing ana ing kampus.
“Rit, apa awkmu krungu pengumuman”
“Oh iya ni, aku krungu”
Pengumuman mau sakaa paanitia,yen hasil tes wis dipasang ing papan pengumuman, aku langsung mlayu nuju papan pengumuman.
“Alhamdulillah Ni, aku keterima ing jurusan pendidikan kimia”
“Wah, selamat Rit”
“kepiye hasilmu, Ni”
“Aku berhasil Rit, Alhamdulillah”
Akhire aku bisa kuliah ing jurusan sing tak pengeni lan sak kampus karo sahabatku Rita. Perjuanganku gak sia-sia.

Komentar
Posting Komentar