“Susah seneng
disangga bareng-bareng”
Dening : Sefiatus Zahro
Ing dina rebu kuwi
sekolah rame banget, Rina lan kanca-kancane (yudha, toni, ira (adik kelas),
rudin, lukman, lan nila) ana rencana arep rembukan. Rina lan kanca-kancane
rembukan ing gazebo kidul. Gazebo kidul iku panggone adem, resik banget,
ditambahi pinggire gazebo iku akih wit cemara ing duwur-duwur lan wit-wittan sapiturute,
uga akih kembang-kembang sing diiciri, digandul-gandulne lan dilebokne utawa
dideleh ing pot kembang. Wayah iku akih godhong-godhong sing ciblok amarga kena
sumilire angin.
Awan kuwi akih
bocah bocah sing mlaku-mlaku bola-bali arep ing kantin sekolah, amarga bel
ngaso wis keprungu ing kupinge para siswa-siswi. Rina lan kanca-kancane janjian
kawit bengi liwat hape, lan janjiane kumpul gawe rembukan wayah bel ngaso,
nyatane wayah bel ngaso, kanca-kancane rina durung ana sing teka ing gazebo
kidul kuwi.
“lha kok suwi banget kanca-kanca ki padha ngendi kabeh ya? Jarene
mau wayah bel ngaso langsung kumpul ndang padha metu saka sekase” omonge rina
karo mbatin ing jero ati.
Rina kesel amarga kanca-kancane durung padha teka, akhire rina sing
dek mau ngadek terus lungguh-lungguh. Ora pati suwi kanca-kancane teka siji
siji marani rina.
“suwi tenan... padha ngendi ae mau? Aku wis ngenteni kawit mau ki
lo” omonge rina karo suara duwur.
“ya sabar ta rin..” omonge yudha
“iya rin, sepurane lagek teka” omonge toni
“sabar mbak rinn..” omonge ira
“sabar ri, dek mau aku mari tekan ruang guru, aku diwenehi amanat
tugas sing kudu dikerjakne” omonge lukman
“dek mau aku iseh ditimbali kalih bapak ibu guru “ omonge rudin
“iya-iya la pie aku yawis suwi ing kene, janjine dek bengi ngaso
jam sepuluh kumpul gawe rembukan, ndang ayo dibahas, kok malah jam sepuluh
luwih iki lagek padha teka” omonge rina
“dek mau aku sik ngerampungne tugas sing kudu dikumpulne sadurunge
bel ngaso” omonge toni
“aku ya ya ki,” jawabe omonge yudha sing jawabi padha amargi
sekelas
“wis-wis mari sek wi, aja padha tukaran, iki lo ndang ayo
dirembukne ngko nek wis mlebu malah rasida meneh mesti, terus ya ora ora mari
ki koko tanggungane” omonge lukman
“iya man, iki aku wis mari nek omongan, gantian saiki awakmu sing
dadi ketua umum.e ndang bahas apa ae sing arep dibahas” omonge rina
“iya ye mas, iki kene bahas sing ndi sek?” pitakone yudha
“lha mas, dekbeng durung dikandani apa apa ae sing perlu
dipersiapke, digawa, lan sapiturute, berarti kene kabeh bahas kawit saka awal”
omonge toni
“tapi iku sing ngomongi dudu mas lukman ta ton, iku pembinane kene
sing bakal ngandani” omonge rina
“iya bener apa sing diomongne rina iku ton” omonge lukman
Ora suwi bel ngaso
kurang 5 menit wis keprungu, kanca-kancane rina meneng sedhelok, akhire mlebu
kelas meneh.
“lha tenan ta, wis bel melbu ikilo, ngeneki gara gara dekmau ga
ndang padha rene teka kabeh, dadine durung sampe rembukan malah wis melbu,
yawes ayo bahasen sesok wae, saiki ayo ndang padha bali ing kelas dhisek.”
Omonge rina
“yawis, ayo bali kelas dhisek” omonge rudin
Bengi kuwi
pembinane mau ngumumne ing grup whatsapp daftar barang-barang sing kudu
disiapke lan digawa, uga dibahas yen rina lan kanca-kancane ora sida budal
wayah tanggal 28 september, diundur dadi tanggal 5 oktober.
Dina kuwi dina
jum’at sore, rina lan kanca-kancane arep budal, sadurunge budal ana upacara ing
jero kelas, upacarae iku ditekani kalih pak andi selaku wakil kepala sekolah,
ing upacarane iku kabeh kanca-kancane rina diwenehi ucapan selamet lan
didungani, dibarengi ngalungne id-card. Sak bubare upacara langsung mudun lan
sholat asyar ing masjid disek, mari kuwi jam 5 langsung budal perjalanan,
perjalanane iku suwi banget,
Tujuane rina lan
kanca-kancane kuwi budal ing gunung lawu sing panggone ana ing Magetan, Jawa
Tengah, rin lan kanca-kancane ditambah koncone pembinane iku mendehek ing pasar
sayuran, sing panggone cedek karo sarangan, sabubare rodok suwi nek blanja
langsung melbu mobil maneh lan lanjut perjalanan, ora suwi akhire teka ing
basecamp.e gunung lawu, terus mudhun lan ngeringkesi barang-barangsing perlu
digawani.
“ayo barang-barang sing wis digawa ditatani kabeh ya, lang ayo
munggah” omonge pembina
“iya mas, sek ta “ omonge rudin
“sadurunge budal, nglumpuk.o sek tak absene bereng, dadi iki cah 5 ya
sing wis siap budal? Iki ana rina dwi a, toni kurniawan, yudha yudistira, rudin
adi s, lan nila nur aziza, ya wis bener kan iki? “omonge pembina
“iya mas bener kabeh iku” jawabe lukman
Yawes, saiki ayo padha dunga dhisek,” omonge pembina
Jam setengah 12
kuwi rina lan kanca-kancane budal munggah gunung lawu liwat jalur cemaar
kandang, wayah wis munggah rodok suwi, akhire leren sedilukterus klanjut meneh,
basecamp.e sampe pos I iku dalane dawa banget lan muter-muter, wayah iku rina
awak.e kudu ora penak. Ing pos I iku leren leren sediluk lan lanjut munggah
munggah meneh,
“he leren sek, aku kesel iki, sesek bereng rasane” omonge rina
“iya wis ayo leren sek” omoge yudha
“yawis aja suwi-suwi ya nek leren, engko nek ora teka teka, 2 menit
ae ya istirahat.e terus mlaku meneh” omonge lukman
“iki lo rin ana madu, ombenen ya” omonge lukman
Amargi rina wis
ora kuat akhire durung sampe teka pos II, rina lan kanca-kancane nggawe tenda
ing tengah dalan, pas iku dalane cilik banget, sampe isuk rina lan kanca-kancane
masak bareng-bareng
“he kanca kanca kene masak opo ki?” pitakone rina
“masak sega, karo oseng-oseng kangkung ya, karo tempe, ya wi wis
paling cepet,” omonge lukman
“iya wi bener, sek ayo ndang diiwangi kabeh” omonge yudha
Ora suwi segane
wis mateng tapi gosong, oseng oseng kangkunge ya pedes tenan, akhire padha
maem, sabubare masak terus maem lanjgsung lanjut ringkes ringkes terus udal
munggah meneh. Dumadakan sekitar 5 menit pos II iku kurang sitik, terus rina
lan kanca-kancane njupuk momen ing pos II wayah iku pos II dideloki ora pati
ana sampah, langsung ora suwi mlaku meneh, ing pos II munggah pos III wis ketok
pemandangane sitik sitik, lan ketok gunung gunung liane, ing dalan munggah pos
III akih kembang eidelweis sing padha ciblok ing pinggir-pinggir dalan, ing
kiwo ne dalan iku wis jurang, terus leren sediluk lanjut mlaku meneh, ing dalan
menuju pos III iku dalane terjal tapi dawa sediluk banget, lan ana dalan sing
apik, tapi dawa banget, wayah iku rina wis ora kuat mlaku akhire tase digawa
karo mas eko (kancane pembinane) lan rina mendek sediluk
“he leeren sek ya, sesek iki rasane” omonge rina
“iya wis lerena sek ya,” omonge yudha
“yawis aja suwi suwi ya,” omonge lukman,
“ rin gawa rene a tas mu, tak gawane,” omonge mas eko
“iya ben digawa mbe mas eko ya rin,” omonge lukman
Terus akhire mbak
putri, mas eko, karo kancaku sijine yaiku nila lan pembina mlaku disekan, rina
lan karo kanca kanca sing liane iku liwat dalan sing dawa tapi landai, wayah
kuwi rina bola bali mendek terus, amargi rina wis lempok, ora suwi rina lan
kanca-kancane teka ing pos III. Sampe teka kana iku sekitar jam 11.an terus
masak.
“he iki kene masak apa? Sayur ae pie?” omonge rina
“goreng tempe ae ya, enak iki awan awan “ omonge nila
“aku sing bagian nggoreng ya” omonge toni
“aku sing gawe segane ya” omonge rudin
“aku sing tukang iris iris lombok, bawang, brambang, lan
sapiturute” omonge yudha
“mosok masak tempe tok? Ga mbe kangkung terus wenehi sayuran putih
iki, terus wortel, karo paprica bereng iki, iki kayane enak banget, tambahi
sing akih ya?” omonge rina
“aku ga doyan sayuran putih ki, aja akih akih ya nek ngewenehi”
omonge nila
“yawes, aku ya moh maem sayuran,” omonge nila
“ora papa, iku lo ya ora pait kok,” omonge rina
“yawes iya, aku gelem ngentekne kok” jawabe toni karo yudha disambi
ngguyu bareng
Ora suwi akhire
wis mateng masaane, terus padha maem bareng bareng, karo ndeloki pemandangan
sing ana ing sakitare, wayah iku kabute padha munggah, terus krungu adzan
akhire tayamum lan sholat dhuhur, jam 1.an iku budal mlaku meneh munggah pos
IV. Pos IV iku dalane padha karo pos III, ing kono akih banget kembang
eidelweis, ing dalan kurang sitik rina lara meneh, terus akhire mendek meneh,
terus rina dibaturi karo 3 kancane , wayah wis cedek teka pos IV, rina
muntah-muntah terus mlaku meneh istirahat ing pinggire pos 4,
Mari leren sediluk
ing pos IV, mlaku meneh ing pos V, dalane ing pos V iku munggah mudun, datar
tapi akih banget watu-watune, disambi pemandangan sing apik banget, wayah iku
akih padang suket sing wernane ireng, amarga mari kebakaran,. Wayah uwi padang
eidelweis lan puncak gunung haro dumilah ketok teka ing ngisor, lan awan sing
mlaku iku jelas banget. Ing pos V iku dalane anjurr menisor lan ora ana
bangunan babar pisan, pos V iku diarani prapatan amargi wis dalu akhire rina
lan kanca-kancane golek panggona ngecamp ing hargo dalem, lan nggawe tenda ing
cedeke warunge wong sing paling legendaris sak indonesia yaiku warunge mbok
yem,
Sawise bangun tenda ing cedeke
warunge mbo yem, akhire rina lan kanca-kancane turu ing njero tenda, amerga
hawane adem banget. Minggu isuk kuwi masak masak meneh terus budal munggah ing
puncak hargo dumilah, tapi ing pucak kono mung sediluk, ing kono ngerti
pemandangane apik banget, kesele mau wis kebayar karo ndeloke pemandangan sing
apik, amargi wis jam 10 awan, akih wong sing ngabdine momen nganggo cara kayata
foto-foto, gawe video, terus mudun maneh lan jupuk tas.e digawa ing warunge
mbok yem, ing kono sega pecel regane 13.ewu, nek teh anget iku 4.ewu, lan tempe
2.ewu.an,
Sabubare
maem terus bali munggah meneh liwat dalan jalur cemara sewu amargi pos IV
cemara kandang kuwi mau kebakaran meneh, akhire bali liwat jalur jenenge
tanjakan cinta karo diomongi “yen ana sampah dijupuk, diadahi nde kresek gedhe
iki ya” omonge pembina.
“iya mas” omonge nila
Terus mampir ing
sendang drajat, lan mlaku meneh ing pos IV, pos IV iku pos sing poaling
disenengi wong akih, amargi dalane apik, ya rata ditambahi kiwa tengene
pemandangan sing apik banget, teka duwur iku ketok telaga sarangane, lan ana
jenenge sumur jalatundo. Ing perjalanan iku wis mulai abot banget, amargi
watune gedhe lan landhep landhep pinggire ya jurang jurang. Ora suwi mlaku karo
leren sediluk sediluk akhire teka pos III. Ing pos III iku akih banget wong
sing nggawe tenda ing kono, terus rina lan kanca-kancane dikongkon ngeresik.i
pos III njupuki sampah lan botol botol.
“ayo iki ndang padha diresiki sampahe, ndang ayo padha mudun, ngko
nek selak dalu” omonge pembina
Langsung diresiki terus budal mlaku meneh mudun ing pos II, pos II
iku diarani wtu gedhe, ing kono ana warung, akih wong sing padha istirahat nde
kono, mampir mampir karo ngeresiki sampah sampahe, rina mudun kawit pos IV
sampe basecamp iku gawa botol bekas akih banget sing ditaleni ing tas, terus
budal mlaku meneh,
Wayah iku dalane
wis mulai rodok bahaya, amarga watune lincip lincip lan cilik cilik, mudun iku
ora pati leren leren terus kaya sing pas munggahe iku,rina lan nila iku mlaku
dhisek, kanca-kancane ditinggal lan wayah teka pos I, rina lan kanca kancane
langsung resik resik meneh ing pos I. Kanca-kancane rina iku teka pos I sekitar
jam 5.an terus lanjut meneh, dalane iku wis mulai peteng, amarga wis dalu, rina
lan kanca-kancane mandhek ing sendang lan jupuk banyu kanggo ngombene,
sabanjure jupuk langsung mlaku sampe kebune warga sekitar, antaranipun pos I
karo sendang iku adoh banget, dalane amba tapi watune cilik cilik, yen ora ati
ati isa tiba,
Ora pati suwe
akhire ketok lampune warga warga sekitare, wis ketok lah tapi asline sek adoh
tekan omahe warga warga ne iku, rina lan kanca-kanca teka ing basecamp cemara
sewu jam 7 bengi karo nyenteri dalane, ing pos cemara sewu iku akih bocah sing
padha kemah, terus mlaku meneh sampe gapura cemara sewu, terus leren sediluk
lan njupuki botol bekas mau lan dibuak ing tempat sampah,
“wis ndang padha leren leren sek,
lungguh-lungguh sek ya, mobile durung tak jupuk bereng iki, aku tak
golek ojek dhisek ya” omonge pembina
“iki lo ngombene, enteni diluk ae” omonge rina
“iya lemesne sek, ngko nek malah loro, aja lali sesok sekolah lo
ya” omonge lukman
Wis 5 menit, mobile teka, rina lan kanca-kancane mlayu mlebu
mobile, terus rina lan kanca kancane pada turu kabeh, ing tengah dalan wis
rodok adoh enek wong nyegat pinggir dalan kono jere ana kecelakaan bis
pariwisata, karo trek.
“pak dalane kono ditutup, gaiso diliwati, puter balik mawon nggeh,
ing kono ana pertigaan mengke belok nengen mawon,” omonge wong sing nyegat
“inggih pak, suwun nggih” omonge pembiana
Amarga ora ruh
dalane lan ora tau liwat dalane kono, akhire tetp liwat dalan sing ana
kecelakaane mau. Wayah liwat dalane iku rame banet, akih polisi polisi sing
ngatur dalan, lan ana sing ngurusi kejadiane iku, pas ndelok iku akih wong
utawa penumpang sing mudun mudun lan padha nggeletak, lan padha lungguh
lungguh.
Sadurunge mulih
bojonegoro, rina lan sa rombongane iku golek maem ing pinggir dalan, sabanjure
maem iku langsung malku meneh, jam 9 bengi iku lagek teka ngawi, terus akhire
dikongkon turu dhisek, yen wis sampe bakal dikandani,
Ing njero mobil iku diomongu, yen sesok kudu sekolah, akhire teka
bojonegoro iku jam setengah 12 bengi, amargi wis jam setengah 12 bengi rina
mesti ora ana sing marani lan wong tuwane mesti yawis turu disek, akhire rina
lan yudha diterne mulih karo pembinane,
“lho ya iki lo yawis jam setengah 12 terus aku pie nek mulih?mesti
ya wis gaana sing marani e mas” omonge rina
“yawis iki tak terne mulih nek ngunu, sekalian karo ngeterne yudha”
omonge pembina
“iyo mas, suwun ya” omonge rina
“iyo tapi sesok kudu sekolah kabeh, ora ana sing ora lo ya” omonge
pembina
Akhire ora suwi,
rina diterne mulih dhisek, lan pembinane puter balik ngeterne mulih yudha sing
omahe karo omahku adohan omahku, lan liane padha balik ing sekolah meneh, wayah
kuwi tas tase sek ing njero mobil lan dikongkon nitipne ing asramane lukman,
isuke iki bisa dijupuk kabeh barang barange ing asrama, tapi barang sing
pribadi iku digawa mulih wae dhisek.
Tamat//
Komentar
Posting Komentar