Langsung ke konten utama

Phila Ady - Jawara


JAWARA
Dening : Phila Ady Chandra

                Sore iku bagas lan kanca kancane ndelok pentas seni pencak silat ing kampung Pilang Bangau sing meringati dino kemerdekaan bangsa Indonesia, saben organisasi makili salah setunggal gawe ngelingi dino kemerdeaan Indonesia ing kampung pesilat Pilang Bangau.
            Bagas bungah lan ayem soal e bocah e peragaan e para pesilat seni saking macem – macem organisasi sing pemain e sak umuran kaliyan Bagas, Bagas mbatin lan mesem kekarep e kepingin banget saget melu latihan pencaksilat lan duweni ilmu beladiri nanging sing dadi kendala restuning wongtuo lan fisik sing dadi masalah amargi dheweke sakdurunge dereng melu sing jenenge olahraga pencaksilat. Kadang kadang bags duweni karep kepingin banget iso pencaksilat lan bisa dadi jawara ing kampung Pilang Bangau.
            Sak wise Bagas ndelok pentas seni ndek wau Bagas duweni niat agawe matur kalih wog tuo gawe jaluk restune melu latihan pencaksilat supados duweni ilmu kanuragan sing luwih duwur lan mantep.
“Pak.. Buk.. kula badhe ndherek latihan pencaksilat wonten dusun sisih kepareng punapa mboten?.” Bagas wedi lan ndheredek
“Ngene le tak ceritani mbiyen bapak iki Jawara ing kampung Pilang Bangau niki lee nek aku oleh oleh wae lee sampean melu latihan pencaksilat nanging enten syarat e.” Bapak e bagas kaleh cerita sakitik supados Bagas ngerti sapa sing sebener e bapak e bagas niku.
“Napa bapak persyaratan e ?.” Bagas jawab napa sing diomongke bapake
“Sampean mboten saget dumeh kaliyan napa sing sampean duweni yen sampun dherek latihan pencaksilat ing Pilang Bangau, bapak gak ngelarang sampean arep melu pencaksilat napa wae soal e sampean dhewe sing ngerti karep e sampean ki seneng seng pundi kan bapak mboten ngertos dadi sampean bebas arep melu napa sing penting  iku neng endi wae tetep iling sing kuoso.” Bapak e bagas dawuh yen nuturi bagas kersanipun Bagas mboten salah gunakke ilmu sing diduwe yen sampun melu latihan.
 “Nggeh bapak kula saget nyekel napa sing bapak karepake.” Bagas seneng banget yen wis sampun direstunipun kaliyan bapake Bagas
“Pinter bagas kula pitados kaliyan sampean kok nek sampean ki saget nyekel omongane sampean.” Bapakke bagas mesem ning bagas.
“Matur nuwun bapak dipunkengingaken.” Bagas langsung meluk Bapak lan Ibune sing dirasakne bagas Bungah sumringah sanget, Bapakke seneng yen Bagas seneng atine dadi ayem tentrem.
            Bengine pas dino sabtu malem minggu Bagas langsung pamit kaliyan bapak lan ibune arep budhal golek ilmu yaiku latihan pencaksilat ing kampung Pilang Bangau, sakwise Bagas pamit kaliyan bapak lan ibune langsung budal gawe motor sing jaman 2000an yaiku bravo motor antikke sing diduwe warisan kaliyan mbah kakung e Bagas ning tengah dalan bagas lali arep nang endi lan latihan ning perguruan napa nganti lali amargi saking bungah lan sumringah, mbar kuwi bagas langsung mandhek ing pinggir dalan ndelok hp lan browsing gawe golek informasi pencaksilat sing paling kuwat lan akeh sing minat, Bagas ora sadar yen dheweke mandek ing dalan sing sepi wis setengah jam bagas mandek ing dalan iku gak ngerti yen dheweke  enten sing ngikuti tekan mburi, pas iku bagas ngerti yen ning ngarep e enek sepedah ning lampune akeh sing nyorot raine Bagas bingung iki enten napa kok rame – rame terus bagas gak sepiro suwe tekan mburine enten spedah motor sing ketingal e akeh banget wong e sing numpak pedah motor.
“Woiii mandek waee weneh ono pedah motormu opo nyowo sing tak gowo.” Preman preman iku nodongke pedang samurai sing dowone setunggal meter luweh.
“Niki maksute napa mas kok pedahku arep sampeyan jaluk” Bagas wedi lan gemeter pas dheweke ditodongke pedang samurai sing dawane setunggal meter luweh.
“Isih takon kenopo nopo jaluk tak tebas gulumu lan sirahmu.” Para preman – preman kuwi gawe suara sing banter agawe Bagas wedi lan nyerahke pedah motor e.
“Tapi mas niki warisan saking mbah kakung sing sampun kapundut sedoso taun biyen mosok sampean jaluk mas.” Bagas waniake jawab amergo kepepen yen dhewekke ki lanang ogak wedok.
“Isih mbantah malah ngelawak wes ngene wae tak penggal sirahmu tak deleh ning tiyang bendera sekolahanmu kuwi” Jawaban e mulai kasar ning Bagas ogak gentar yen niate golek ilmu ning malah keno musibah arep dibegal para preman sing duwur e ameh sepodo karo dheweke.
“Hlo.. sampeyan ngerti ye panggon sekolahku endi nopo sampeyan ki preman sing ning pinggir waurng e bapakku biasane ngopi ning prapatn warung cafene bapakku ayo ngaku mengko tak kandakno bapakku hlo ma.” Bagas malah ngancem yen dheweke ki duwe bapak jawara ning kampung Pilang Bangau.
“Wes gak roh emosi akuuu haaaaaaaaa….” Pedang sing dawani setunggal meter ditebasno ning awake bagas ning sakurung e keno awake bagas sak kedepan  ing ngarep e bagas enek wong sing nangkis gawe tangan siji sebelah kiwo.
“Awas mas niku pedang e tedas kaliyan awake sampean” Bagas spontan jawab yen pedang kuwi mboten pedang mainan e cah cilik.
Wong misterius kuwi gak jawab sing diomongne bagas langsung wae para preman kuwi dipukuli kaliyan pendekar misterius kuwi sing sabuk e sak iling e bagas werna  putih koyo mori sing digawe wong sing wis mati.
            Bagas bingung polah e pendekar kuwi beset sitik o mboten enten pas pedang sing jarene samurai saking teko jepang niku gak nedasno lulang e pendekar niku bagas kaget lan gak percoyo yen isih onok wong koyo iku ning jaman sing moderen niki.
“Mas sampeyan mboten napa napa toh.” Bocah misterius kuwi langsung nangkleti bagas yen mastikno Bagas mboten kenopo nopo.
“Mboten napa kok mas, sampun sampean slametke matur nuwun mas sampeyan sampun nyelamatke nyowo kulo matur nuwu sanget nggeh mas.” Bagas langsung ngucapke matur nuwun yen dheweke sampun dislametke pendekar misterius saking kampung Pilang Bangau.
“Nggeh mas sami sami lain wektu di ati ati nggeh ning sampeyan metu bengi akeh cobane nggeh” wejangan sing digawe Bagas neresep ning ati
“Nggeh mas matur nuwun maleh sampun diilingke, eh niki sampean bdha latihan napa badhe latihan pencaksilat mas kok niki ketingale sampean mas pelatih?.” Bagas jawab lan isin wis lancing tangklet sing ora ora.
“Hehehehe.. nggeh niki kula badhe budal ing latihan pencaksilat kula niki sampun dados dadi teko mburi teng latihan mboten napa lan kulo niki pelatih bagian kerohanian ning pencaksilat kula dik.” Dijawab kaliyan guyu.
“Mas nek kula nderek latihan ing latihan e sampeyan pripun mas saol e kula niki metu bengi arep golek latihan pencaksilat arep melu tapi mboten ngertos tujuan e arep melu pencaksilat napa.” Bagas langsung jawab ning intine dheweke arep melu pencaksiat.
“Nggeh dik ning sampeyan minat arep melu latihan monggo ayo ning latihan sakniki dherek kula budal ning latihan mengko sing ngelatih kula, ehh tapi lagek dasar e dereng sing latihan kaya mas e ndewau nggeh.” Mas pelatih e ngajak guyon Bagas sing isine pikiran e mbanyol mbanyol ning gawe wong heran nek wis bagas ngelawak gak bakal mandek guyune.
“Nggeh mas minat banget kula ayo langsung wae mas hhehe” bagas gak gelem ngalah gawe lawakan sing gawe dheweke semangat melu latihan pencaksilat.
“walah semangat banget ki latihan e, sing tak jaluk yen wes melu latihan ojok sampe mrotol tekan tengah dalan yen saget sampek dadi koyo mas e nggeh.” Wejangan malih kaliyan mas pelatih e.
“Nggeh mas insyallah aamin… mugi mugi kula kuwat jalani latihan pencaksilat sing jarene latihan e abot.” Srodok serius Bagas jawab lan dungani awake dewe supados kuwat ngelakoni cubaning pas latihan pencaksilat sing arep dihadapi karo Bagas.
“sip dek semangat terus kudu semangt pokok nek sampeyan gak semnagt mboten kulo latih ilmu sing mas duweni.” Mas pelatih e nawani bagas mben dheweke mboten patah semangat gekan tengah dalan koyo kanca kancane sing pernah melu latihan pencaksilat.
“Nggeh mas sakniki ayo budal mawon hehehhe soal e sampun suwe mandek ing mriki.” Jawab e bagas alus ing ditambahi lawakan sitik e.
“oalah bocah iki semangat tenan yawes ayoo..”
            Sak wis e bagas berbincang kaliyan mas pelatih ndewau sing nulungi arep di begal ning dalan sepi wau langsung ngajak bagas ning latihan lan melu mbeno bagas duwe rasa langsung semngat pas latihan mengko, kiro kiro perjalanan e suwene sekitar gangsalwelasan tekan dalan sepi wau, bagas seneng saget ketemu pendekar sing apik luman kaliyan wong liyan nanging yen wis gelut kaliyan preman ndewau wis gak ngarah kalem bakal ambyar kocar kacir para preman sing bedugal arep begal aku ndewau. Gak suwe Bagas lan mas pelatih  ndewau tekan padepokan secretariat pencaksilat ning ombone 3 kaline omah e bagas.
“wah… niki to sing jeneng e padepokan agung PSHT.” Bagas isin lagek iki dheweke kaweruh sing jeneng e padepokan.
“sampeyan kok sampun ngerti yen niki padepokan PSHT.” Mas pelatih e jawab maleh ning Bagas siswa anyar e.
“nggeh mas soal e kolowigi kula ditimbali kaleh bapak yen ing kampung Pilang Bangau niki sing paling gede latihan e niku pencaksilat PSHT mas.” Jawab jujur sejujur e bagas ning mas pelatih e.
“hla niku sinten dik sing ninggali sampeyan tekan adoh niku.” Karo nunjuk ning jero istirahat para pelatih pelatih sing wis dadi.
“hlo mas niku kan bapak kula… bapakkk….” Bagas kaget langsung mbelayu slami bapake lan nyalami para mas pleatih liyan e.
“sampeyan bingung toh yen bapak niki pendekar PSHT akhir e sampyean nyampek tekan mriki, sampun siap latihan to lee sampean.” Mboten usah ditangklet i bapak e bagas langsung peka yen bagas kaget nek bapakke niku pendekar PSHT.
“nggeh bapak hehehhe siap bapakk, sekedap bapak kula badhe salin.” Bagas langsung pamit salin gawe langsung mulai latihan bengi iki.
            Budal badha isak wangsul isuk jam 3an Bagas lakoni terus nganti dadi Jawara ning kampung Pilang Bangau sing luas e ameh kaya kota gede ning daerah liyan e, kuwi kabeh bagas lakoni nganti konco sekolah e gak enek sing ngertis yen bagas melu pencaksilat sing ameh suwene setunggal taun wolu wulan sing ameh dadi warga lan pelatih, ning masa pas isih siswa bagas sampun duweni prestasi sing akeh saking tingkat ranting nganti provinsi kuwi kabeh dilakoni bagas gawe kerja keras sing dheweke bangun saking nol nganti dadi pendekar sing sejati kuwi gak kena disombongke masio ilmune sak sundul langit nek sombong angkuh kaliyan dulur e ora bakal mulyo ning mulyo kuwi amergo seduluran sing dibangun kawit nol nganti dadi dulur sing ngeluwih I sedulur sedaging lan sedarah, Pas dino disahno gak nyongko anggone bagas samoun kaleh taun sampun genep latihan e bagas sedeh lan seneng amargi iki dino sing ditunggu saking nol ning dheweke gak ngerti napa napa dadi ngerti napa kuwi sing jeneng e pencaksilat niku pas dheweke disahne bagas nangis bingung arep ngomong napa sing di omongke bagas mantu langsung meluk bapak lan ibune sing sampun wenehi semangat lan doa restuning wong tuo nganti dadi bagas sing kuat tahan banting lan dadi jawara nganti tingkat provinsi.
            Wis sawulan sakwis e bagas disahne dadi warga bagas aweroh ing madding sekolah enten seleksi atlit agawe lomba tingkat nasional sing duweni niat lan minat mengko sonten dikengken rawuh latihan ing extrakulikuler ing SMAN 1 Madiun. Bagas mbatin lan seneng iki kesempatan ning jero kesempitan hehehe..  bagas langsung  budhal ing latiha sekolahan sonten kuwi bagas mboten ngertos yen seleksine niku ditinggali sak sekolahan soal e sekolahan e niku terkenal ning duwe prestasi sing katah ning segala bidang akademik karo non akademik, katah sing mboten percoyo yen bagas niku saget pencaksilat para rencang e sing arep seleksi akeh sing ngeremehno lan gak percoyo yen bagas niku pendekar ning pikiran e liyane bagas niki cari mati pop ye kok melu seleksi tingkat nasional hahhaha… bagas mboten ngurus omongan sing mboten enak ning ati bagas gabakal mundur masio dicemokoh sak sekolahan, wis setunggal jam seleksine berlangsung katah sing gak percoyo yen malah bagas sing ditunjuk agawe maliki pencaksilat SMAN 1 Madiun kelas A ning kelas Nasional sing dilombakke gawe golek I atlit ASEAN GAMES 2011.
            Esuk e Bagas melbu kelas bocah sak kelas ninggali bagas sedoyo amargi bagas kuwi sak mene suwene kuwi yaiku pendekar diam diam sing suwene taun taunan dhewekke delekno identitas e nganti kelas kalehwelas SMA tapi mari iku bagas intuk tepuk tangan saking kanca kancane sak kelas lan dheweke diwenehi semangat kaliyan kanca kancane agawe lomba besuk.
            Dino kuwi dino seloso pon pas niku tiron dinone bagas dino kelairan e bagas, bagas malah semnagat nek kuwi ngertos tiron e bagas bakal gawe biji plus gawe bagas gawe semnagat e nganti dhewekke lali yen restuning wong tuo kuwi penting slamet e bagas diwelingke kaiyan rencange seSMA ning dheweke dereng ngbari tiyang sepuh e gawe jaluk dunga.
“Halloo Assalamualaikumm.. pakk, badha upacara pembukaan arep dibuka pakk kulo badhe jalu dunga restune sampeyan bapakkk matur nuwun” bagas gawe nada sing luweh rendah ketimbang dino liane bagas nderedek nanging bapak e sampun ngerti yen bagas nderedek.
“gassss ojo nderedek awas sampean yen kalah tak pukuli dhewe sampean soal e sampun latihan taun taun gak enek hasil e awas sampean kudu konsentrasii luweh nggeh mboten saget ngelamun sampean nggeh bapak mesti bakalan dunga kaleh keselametan e sampean bagasss…”
Bapakke bagas langsung intine tanpo jawab salam e bagas.
“bapakkk matur nuwun nggeh tapi salam e bagas dijawab ndisik nggeh naming ngelingke.”
Bagas ngelingke bapakke yen kudu jawab salamke bagas
“astagfirullah nggeh bagas.. waalaikumslam.\, spuntene bapak supe soal e sampun tuwa bapak hehehe tapi jiwane isih muda lee semnagat nggeh..”maneh bapakke bagas nyemangati bagas sing nderedek niku.
“nggeh bapakk semangat hehhe”. Bagas karo mesem mesem dhewe nganti diguyu kaleh rencange dhewe seSMA.
            Sampun seminggu anggone lomba niku dilaksanaaken katah sing mboten nyongko yen bagas mlebet partai final ngelawan tekan provinsi jawa barat saking SMA SAKTI sing jarene lair e para atlit atli nasional nganti kelas ASEAN bagas minder nanging bagas weling weling terus wejangan lan cita citane bagas cilikane. Ning partai akhir ronde terahir penentuan bagas sampun lempok lan putus asa amargi musuh e sing dilawan ketinggal yen tasik duwe power luweh agawe banting bagas nangis bagas ga bakaln mundur masio cilik gak ngarah kuarangan bakal bismillah mesti isooo pewelinge bagas sakig mbah kakung almarhum e bagas. Ning sing di tunggoni bagas pas menit akhir mbanting musuh dadi akhir laga bengi kuwi bagas gak nyongko yen dhewekke juara lan dadi atlit Nasional lan plus kepilih dadi wakil Indonesia ning kelas ASEAN bagas bangga saget gowo mendali emas lan dadi atlit Indonesia paling enom.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...