Harapan
kang Nyata
Dening : Nadine Mulya Lezani
Ana luh kang ndlewer saka tlapukane nelesi pipi sing
mundak suwi mundak deres. Loro kacampur panas ing pipi kiwa sing kumabang
pekoro bekas kamplengan lan ati sing ora iso mendek ngarep-arep. Ing pojokan
pawon, Eva isih nangis ora percaya karo sing dialami mau, banjur karahayon teka
ngampiri dheweke sedilut. Rasane kabeh mau ilang sirna lan nglarakne ati.
“Apa aku kliru yen ninggalno samubarang sing dipekso lan sing ora
daksenengi? Apa aku salah yen aku milig dalanku dewe minurut pangarepanku?”
grundel Eva ing tangisane.
Eva ngelus pipi kiwane supaya loro amarga kamplengan
mau iso ilang sirna. Ananging iso sirna, loro atine ora iso dimarikno. Sedeh,
srengen, lan mangkel kacampur dadi siji. Tangisane wes rondok meneng, Eva
ngiling-ngiling samubarang sing apik lan seneng, supaya iso ngibur dirine
nglalikno loro atine.
Mlebu SMA favorit ing kutha Batu karo usahane sing
sregep sinau, Eva kasil intuk peringkat katelu saking kabeh peserta sing
jumlahe ameh teko 300 wong. Bungah yo mesti, impiane kabeh murid SMP ing kota
iku. Banjur ngliwati kagiyatan MPLS utawa Masa Pengenalan Lingkungan Sekolah
sing ngentekna daya, pembagian kelas diumumake. Dina pertama ing SMA,
kagiyatane yaiku perkenalan anggota kelas, jadwal pelajaran saking wali
kelas, lan sing dienten-dienteni Eva
yaiku ngisi formulir kagiyatan minat bakat siswa. Alasane Eva supaya iso
katrima ing SMA kuwi amarga siji-sijine sekolah sing nyediaaken kagiyatan minat
bakat sing dipengeni Eva, olah kuliner utawa masak.
Mlebu ing kelas, swasanane bungah, kelase resik lan wes akeh calon kanca anyar ing kono. Dheweke banjur
golek papan lungguhan ing pinggir jendela. Eva wes biyasa, karo ndeleng kahanan
njaba iso ngurangi bosen nalika kagiatan belajar mengajar.
“Isuk-isuk wes ngelamun, cah lanang ora seneng cah wedok sing ngelamun.” ngandika cah wedok tas abang karo nepuk pundake Eva.
“Aku Eva,
sampean?” spontan Eva jawab amarga kaget bar ngelamun.
“Sampean lucu yo. Aku Anne. Salam kenal, cah pelamun. Hahaha.”
“Ya Allah,
ngelamun iku iso ningkatno daya kelingan lho,” sanggahe Eva
“Hehehe,
iyo iyo ngandel. Aku oleh lungguh ing kene?”, pitakonane Anne karo nunjuk lungguhan ing
jejere Eva sing isih kosong.
“Yo mesti oleh lah, aku seneng banget. Rene An.”
Anne
banjur lungguh ing jejere Eva. Bocah loro mau langsung omong-omongan lan ora
disangka-sangka Anne uga nduweni minat sing podo karo Eva.
Jam
pelajaran wes dimulai, luwih benere pengenalan,wali kelas mlebuni kelas.
Perkenalan diwiwiti saka Bu Fatma, wali kelas, ramah tapi teges. Ketok saka
cara ngomonge. Dilanjut karo perkenalan para siswa, Eva kaget, amarga ameh kabeh
siswa ing kelas kalebu wong sing teka kaluwarga golongan menengah mendhuwur,
beda karo dheweke.
Anne
banjur ngewenehi semangat gae Eva. Ogak oleh minder lan kudu optimis. Banjur
teka wayah sing diwanti-wanti,yaiku pengisian formulir kagiyatan minat bakat
siswa. Karo tekad baja, Eva lan Anne milih olah kuliner utawa masak.
Mulih
sekolah yaiku sing paling dienteni karo para siswa. Karo sepeda jengki paninggalan
ibune, Eva muli ning oma. Dheweke wes ditinggal ibune kaet 2 taun banjur,
amarga leukimia. Eva akhire teka ing omahe sing sederhana nanging nyaman. Sepi
ora ana sopo-sopo. Bapake uga durung mulih. Sinambi ngenteni, Eva ndeleng acara
masak koki idolane. Dheweke uga banjur mraktekno ing pawon. Saengga saben dina,
dheweke malah sregep masak. Nalika pas masak, ana Bapake sing lagek mulih
mbukak lawang.
“Bapak mantuk”, krungu swarane Bapak Eva sing wis
mulih, ngisyaratake kesayahan.
“Mangga bapak. Dhaharipun sampun kula siapaken
wonten meja makan. Bapak punika siram rumiyin supaya seger malih.”
“ Yowes nduk, bapak tak adus dhisik.”
Banjur
adus, Bapak Eva lungguh siap-siap gawe dhahar bareng sing dimasakno karo putri
semata wayange.
“Kepriye sekolahe nduk? Intuk kanca anyar?”
“Taksih wiwitan, Bapak. Kalawau namung pengenalan,
minangka benjeng sampun dimulai kagiyatanipun.”
“Lha kowe sido milih minat bakat opo nduk?”
“Hmm hmm”
Bapak Eva isi ngenteni jawaban.
“ Kula milih seni musik, Bapak.”
“ Nah pinter nduk, iki lagek putri bapak. Kowe kudu
nerusake getih sing ngalir dadi musisi.”
Eva
kapeksa mbijuk. Bapake iku termasuk wong sing otoriter, sing dilakoni kudu
cocok karo apa sing dikarepake. Bien bapake iku violinis kondang, keahliane ora
kena disepelekno, pertunjukane mesti rame, tiket pertunjukane mesti entek
ludes, penghargaan mesti intuk. Dheweke iso wae ngidupi kaluwargane kanthi
mewah, nanging dheweke milih urip sederhana, dhuwike dicelengi demi Eva sing
dikarepake iso ngikuti jejake. Banjur garwane kapundut, bapak Eva milih nyambut
gawe ing perusahaan swasta, saengga piye ra piye kudu ninggalake karire dadi
violinis.
Alasan
Eva perhatian karo Bapake amarga dheweke ngarep supaya Bapake iku luluh lan
njarno Eva milih dalan uripe dhewe. Usahane Eva sia-sia, Eva dilebokno kursus
violin ing nggone pakde Danu, kancane Bapak Eva. Eva akhire iso main violin
tapi dheweke ora niat lan minat.
Dina
pertama ing olah kuliner, Eva lan Anne teka milih panggon lungguh jejeran. Cah
loro mau kaget amarga akeh banget anggotane, ora cuma murid wadon nanging uga
murid lanang bereng.
Perhatiane
Eva tumuju ing wong wadon gae kursi roda ing jejer tengene, dipisahno karo wong
3 liyane. Pertemuan pertama yaiku masak menu sekarep sing dipengeni peserta.
Eva sing wes duwe pikiran arep masak apa, langsung obah cepet. Ing tengah
pertempuran nglawan wektu, Eva sing isih penasaran ngalihno pandangane ing
murid wadon sing gawe kursi roda mau. Dheweke kangelan arep njupuk spatula ing
rak dhuwur. Eva marani wong wadon mau, lan nitipake masakane ing Anne, Anne
sing ora ngerti klenga klengo arep diarepake.
“Ana sing bisa dakiwangi?”
“Eh sepurane ngrepoti, aku arep njupuk spatula ing
dhuwur. Tapi ...”
“Iki spatulane, yen perlu bantuan ngomong ae. Ojo
sungkan.”
“Suwun banget yo. Jenengku Fitri, sampean? Salam
kenal nggeh”
“Aku Eva, salam kenal Fitri.”
Eva
banjur mlayu ing panggone maneh lan nerusna masakane mau. Fitri ing balik ora
kasempurnaane, mahir banget masak. Masakane kabeh wes dadi. Lan asile?
Memuaskan sanget.
Dina-dina
wis kaliwati, ilmune Eva saya suwi saya akeh. Dheweke katunjuk gawe makili
sekolah ing lomba masak SMA tingkat provinsi. Eva asline pengen banget, nanging
bapake ora bakal ngizini dheweke melu sing ora dikarepake bapake Eva.
Akhire
karo pemikiran sing mantep, Eva melu lomba iku lan latihan gae persiapan lomba.
Pas dina lomba, minggu awan Eva siap-siap budal tumuju lokasi lomba masak.
“Sampean arep menyang ndi, Nduk? Dina minggu iki
lak yo ora ana jadwal kursus?”
“Errrr, menawi sakniki latihan khusus kalihan Pakde
Danu, pak.” Mbujuk Eva
“Oalah ngunu to Nduk. Semoga cepet iso lan bisa
kaya Bapak.”
Teka
ing lokasi, lawane kabeh ora bisa dianggep enteng. Anne lan Fitri uga ana ing
kono, ngewenehi semangat gae Eva.
“Sakjane Bapak ana ing kene lan ngomong semuga aku
iso menang lomba karo masakan sing iso gawe juri tersanjung.” Bathin Eva
Kabeh
peserta siap ing panggone masing-masing, uga nyiapno alat karo bahan. Lombane
iki njupuk tema 3 masakan nusantara lan mancanegara kalihan makanan dessert. Kabeh peserta padha fokus. Tiba
ing wayahe penilaian, para peserta ngehidangno 3 masakan mau ing juri. Saiki
wayahe Eva ngehidango ing juri. Masakan ke 1 ana Bubur manado lan sambal roa,
piring ke 2 ana Mahsy saka Mesir lan martabak sagu gae dessert. Juri ngicipi masakane Eva, ekspresine uga datar lan
pesimis kayata pas peserta liyane.
Pas
wayahe pengumuman, kabeh pada deg-degan. Juara katelu lan keloro wis diumumake.
Eva wis ora ngarep, nanging Anne lan Fitri optimis yakin menang juara 1.
“Inggih kula umumake juara 1 lomba masak taun iki.
Juara 1 ne yaiku .... jeng jeng”
“EVA DAMARANI”
Eva
kaget, ora iso percoyo karo sing diomongake. Eva bungah banget, dheweke bintang
ing acara iku. Anne lan Fitri uga melu seneng. Saiki Eva iso mbuktikno ing
Bapake, yen Eva duweni dalan dewe sing gemilang. Sinambi gawa hadiah lan piala,
Eva langsung mulih ing omah. Bapake kudu weruh iki.
Teka
ing omah, Eva langsung nemoni bapake karo karahayon sing ora bisa diucapne gawe
kata-kata. Bapake weruh iki supaya nyetujuni apa sing dikarepake putrine.
“ Bapak, Eva menang lomba masak, masakane Eva dados
ingkang terbaik.”
“ Berarti Danu bener, kowe mbijuki arep latihan
violin lan melu lomba masak. Ing getihmu kuwi ngalir getih musisi. Ora koki,
kuwe ki calon musisi, Nduk!!”
“Ta-tapi pak, Eva luwih seneng dados koki tinimbang
musisi. Eva kepengen mlampah wonten dalan ingkang kula karepaken.”
“Ora ana tapi tapi, kowe ki musisi hebat ing masa
ngarep. EVA OJO MBANTAH BAPAK!!”
Eva
sing krungu iku banjur mlayu ing kamar lan nangis. Anak ndi sing ora sedeh lan
nelangsa yen wong tuwa sing mestine dukung bakate anak malah ngarahno kanthi
meksa apa sing dikarepake tanpa mangerteni minat lan bakat anak sebenere.
“ Tapi aku ora oleh nyerah. Aku kudu berusaha
ngeyakino Bapak.” Tekade Eva
Awan
sing panas banget, Eva kaget mangerteni Bapake wes mulih makarya.
“ Loh... bapak kok sampun rawuh?”
“ Mantuk tapi sedilut. Sampean ogak lali to yen
saiki jadwale kursus latihan karo Pakde Danu? Mulai dina iki, Bapak bakalan
langsung ngeterna sampean ing panggone Pakde Danu. Ora ana bantahan.”
Lomba
masak tingkat provinsi bakal dimulai maneh, Eva katunjuk maneh gawe makili
sekolah. Nanging dheweke wedi yen bapake bakalan ngadohno Eva teko masak maneh.
Tapi iki kesempatan keloro gawe ngeyakino bapake.
Bapak Eva lan Pakde Danu omong omongan.
“Hmmm ngene dek. Eva kan wis latihan rutin 2 ulan
ing kursusku, tapi...”
“Tapi kenopo mas?”
“Eva ki asline lumayan jago dek. Tapi pas latihan
mesti ketok under pressure, permainane violion lan wajahe nunjukna hal kuwi.”
Bapak
Eva banjur ngiling-ngiling nalika Eva ngedohno hasil kemenangane ing lomba
masak wingi sing berakhir tangisan.
Bengi
iku, Eva wes turu. Bapake mlebu ing kamar putri semata wayange. Piala juara 1
lomba masak terpampang ing rak buku. Bapak Eva ngelus rambut lembut lan wangi
anake.
“ Apa sampean kepengen banget dadi juru masak,
anakku sayang?”
Sesok
isuk dina keberangkatan Eva lomba masak tingkat provinsi
“ Bapak benjing kula badhe dados suporter salah
wijine rencang kula ingkang dherek lomba musik.”
“ Bapak kira sampean sing melu lomba, Nduk.
Masakannmu enak Nduk, bapak seneng.”
Teka
dina wayahe lomba masak tingkat provinsi, Eva nyiapno tas sing isine peralatan
masak lan violin. Kamuflase supaya bapake ora curiga. Pas arep pamitan, bapake
banjur ngomong,
“Kowe pengen dadi koki, nduk?”
Eva
karo ragu mantuk mantuk, wedi yen bapake srengen maneh.
“ Lakokno apa sing mbo arepake. Sepurana Bapak yen
terlalu meksa. Janji we kudu gawe bapak bangga karo kowe.”
“ Inggih bapak, Eva janji bakalan damel Bapak
bangga kalih mimpi kula. Matur suwun sanget.”
TAMAT
Komentar
Posting Komentar