Langsung ke konten utama

Laila Mifta - Gara Gara Tiba Aku Gaisa Apa Apa


GARA-GARA TIBA AKU GAISA APA-APA
Dening : Laila Miftakhul Jannah

Isuk peteng aku tangi nata klambiku sing ing jero lemari tak lebokno ing koper banjur nata klambi urung bar tak tinggal metu menyang indomaret cedak omahku, aku ning indomaret tumbas jajan kanggo sangu perjalanan ing bali kanggo camilan ing bis karo konco-konco. Wis bar aku blonjo jajan aku mantuk terus sarapan sing wis dimasakno ibukku.
          “nduk, ndang sarapan, bar sarapan ngeterke adik sekolah ya” ngongkon ibukku
“ nggeh buk” jawabku nanging singkat amarga karo mangan. Wis bar aku mangan aku langsung budal ngeterke adikku ing sekolahan. Bar ngeterke adikku sekolah aku ngelanjutake nata klambi lan jajan, wis bar nata sekabehane aku ngewangi ibu nanging ibu ning pawon amara ibu ana pesenan jajan wis bar aku ngewangi ibu aku aku adus soale arep menyang bali ing kost.
“nduk mif sampean bekal apa gak ?” takone ibu ning aku nawani bekal gae balik kostan
“nggih buk, sekedik mawon sekule mengken kula mboten telas nek kathah” jawabku . aku langsung mlebu jading ape adus. Wis bar aku adus aku nata barang sing urung tak lebokake ing tas. Wis siap, wis rapi kari berangkate aku langsung pamitan ing ibu karo ayah
“buk, yah kula pamitam rumiyin badhe balek” pamitku ing ayah lan ibu, banjur kui ayah takok ning aku
“nduk, lha kopere sampean tak terna kapan ?” takone ayah takon koper
“mengken sore mboten napa napa yah” jawabku ning ayah soal koper, aku saliman ayah ibu aku mangkat kost aku balik kost Cuma gawa barang sing penting, sing liane diterke yah numpak mobil. Aku perjalanan tekaalas gunung jati udan grimis kathing plethik wayah kui aku binung ape ngiyub apa ora, pas kui mantel ku kari ning omah wayah teka temayang wis mulai deres aku meksa nrabas udan wayah teko sumberarum aku ngroso ban motorku lunyu teka pertigaan pas aku menggok aku tibo L banjur kui aku langsung ditulungi bapak bapak sing ning warung , aku langsung lungguh ning warung e bapak bapak sing nulungi aku mau. Banjur aku langsung goleki hp, aku gugup tanganku perih tak goleki endi sing perih tibake sikut lan telapak tangan ana darahe. Wis e temok hpku aku langsunvg telpon ayah aku langsung ngabari ayahku, sak wis e aku ngabari ayah aku langsung ngabari ibuk tak telpon bolak balik karo ibuk ora diangkat aku langsung telpon rewangku terus aku ngomong ning rewangku nek tak kongkon ngabarui ibuk nek aku tibo. Akhire ibuk langsung telpon takok kabarku pie langsung jere ibuk ayah langsung marani aku ning lokasi nek ku tibo. Udan saya deres lan angin lumayan gede aku nunggu udan terang karo nunggu ayah teka  jemput aku. Banjur udan wis terang, ayahku urung teka teka aku meksa ngelanjutake perjalanan balik kost meksa tangan lara. Wis teka kost aku langsung gantu klambi lan ngresiki awakku sing kenek lemah ki mau bar kui wis bar aku langsung ngresiki tanganku sing ana getih mau rasane perih banget, wis bar aku ngresiki aku langsung ngelonjorake sikil ku kimau sing kebrekan sepeda motor. Banjur kui ayah teka ndelok i motor lan kondisiku, anggite ayah sepeda motor ku arep digowo mulih, tapi aku mekso moh perkara arep tak nggo metu
“nduk, sepeda motor e tak gowo mantuk ya” takon e ayah menyang aku
“mboten usah yah, binjing lek ba’da tenggene bali diserviceake” jawab ku ngrayu ayahku, ayahku tetep ae ngengkel ngajak aku mulih amarga wedi nek ana apa apa ape dipjetno, tapi akune moh soale sesok isuk ape budal ing bali
“ayo nduk mantuk, tak pijetno” ajake ayah ngajak aku mantuk tapi aku tetep mekso moh mantuk.
“mboten usah yah, kula tak nderek rekreasi tenggene bali mawon” jawab ku nolak ajakane ayah mantu. Akhire karo ayahku rapopo nderek rekreasi tapi atiati, tapi ibuk ya meksa aku mantuk perkara wedi nek enek apa apa amarga tanganku sing tengen angel digerakake wedine nek kesleo apa retak. Bar kui ayah langsung mantuk.
“yowis nduk ayah mantuk sik ya, sampean ati-ati” pamite ayah ning aku
“nggih yah atos-atos” jawabku singkat
Banjur iku aku mlebu ing kamar karo ngekei miyak tawon ning sikilku sing lara. Sawise iku aku maem bekal sing dibekali ibuk mau, nanging aku ngentekaken bekalipun ibuk. Uga suwe manda teka ana ing kostku.
          “assalamualaikum, mif......mifta!” celuk e manda
          “waalaikumsalam iya man, mlebu!!” sautku ing njera kamar
          “loh mif kok awakmu kaya ngene? Awakmu kenapa?” takone manda (kaget)
          “ iya man, aku bar tiba mau pas ape perjalanan balik ing kost” sautku
          “loh nangndi?, kok isa mif??” takokne manda
          “ning sumberarum man.” Jawabku (alon)
Bar kui aku salin amarga wis janjian karo manda metu dijak tumbas perlengkapan ape ing bali sesok. Barkui wis bar nek ku ganti aku langsung metu karo manda ing bravo. Pas perjalanan aku meneng ae biasane aku ngomong cerita cerita, wis tekan bravo aku langsung jupuk krenjang gawe adah belanjaan, aku karo manda ngelanjutake belanja keperluan sing kurang gawe ing bali sesuk
          “mif, enak tuku jajan apa ki gawe sesuk?.” Takone manda menyang aku
          “aku pengen sing pedes pedes ae man” jawab ku
Banjur wis jupuki jajan sing disenengi, manda ngajak golek susu akhire ning nggon rak susu kotak.
          “mif sampean gak tumbas susu?” takone manda
          “iyo man pasti nek kui” jawab ku ing manda
Akhire aku karo manda jupuk susu bebarengan tapi rasane beda aku vanilla manda coklat, barkui aku langsung ning gon boneka aku arep golek bantal gulu, perkara bantal gulu ku kari ning omah L ternyata aku golek i ga enek aku takon ning mbak kasir ternyata wis entek akhire manda ngusulake tumbas ning jaba bravo maksute manda ning toko boneka liane. Akhire aku lan manda kimau langsung ing kasir bayar keperluan sing ditumbas mau, waktu kui bravo ruame banget antri dawa aku karo ngempet tangan sing bar tiba mau awan menyang sore. Akhire bayar ning kasir wis teka manda akhire belanjaanku tak dadikake siji karo manda.
          “man, tak dadikake siji ya ben ga antri sing ngguri” omongku ing manda
          “iyo mif, ndang deleh krenjangku” jawabe manda (karo hpan)
Banjur kui aku ngenteni manda bayar ing kasir, sawise bayar aku karo manda tumbas teh poci lan lumpia ning ngarep. Wis bar tumbas teh poci aku karo manda golek toko boneka amarga aku ape tumbas bantal gulu, wis temok bakule aku milih-milih, jeneng e tokone salsa colection ternyata pilihane karek 3 tok aku ndelok ternyata pra enek sing srek. Enek salah salah siji toko tak . leboni karo manda akhire aku enek sing srek. Sawise kui kebutuhanku lan kebutuhane manda wis tercukupi, akhire aku langsung balik ning kost perkarane wis bengi manda ape manthuk istirahat. Wise teka kost aku langsung nata sing urung tak tata mau soale barang sing ning kost sing ape tak gawe ning bali gung tak tata. Akhire manda langsung pamitan manthuk perkarane wis ditelfoni ibuke. Ing kost ana dhara perkarane aku sekamar karo dhara, aku lan dhara nata barang gawe sesok budal ning bali aku karo dhara nata-nata diselang karo cerita-cerita akeh sawise aku nata urung bar aku lesu aku lan dhara langsung metu tumbas maem ning ngarep gang tikusan, aku tumbas penyetan tak bungkus aku ngenteni, wis bar aku langsung bayar terus manthuk ning kost wis teka kost tak maem wis bar ak ngelanjutake nata-nata aku lan dhara ngelanjutake cerita-cerita kimau sing kepotong gawe tumbas maem.
          “ayo mif, cerita maneh ngelanjutake sing kimau” ajakane dhara cerita      “iya dhar” sautku. Akhire aku lan dhara cerita, wis bar nek nata kabeh aku lan dhara sik neruske cerita kimau sampek bengi aku wis ngerasa ngantuk akhire aku ngajak turu dhara soale sesok kudu tangi isuk perkara jam 6 kudu wis stanby ning sekolahan. Akhire turu.
          Isuk kui aku tangi jam 3 aku langsung adus sawise adus aku metu ning alun-alun golek sarapan, banjur  tuku sarapan wis bar aku langsunf balik ingkost sawise aku teko kost aku langsung maem bareng kanca-kancaku. Wis bar maem aku nata koper tak deleh ing ngarep kamar soale ape budal ing sekolahan soale wis ape kumpul ning aula ape dikei arahan karo guru-guruku, banjur kui aku mlaku menyang sekolahan bareng kanca-kancaku cah akhe karo geret koper bareng-bareng. Sawise teka sekolahan aku langsung deleh koper ning bagasi bis banjur deleh koper ing bagasi bis aku langsung ing aula soale aku wis telat. Tangan ku tak gowo kaya tak gendong tapi ga tak gendong, nglebokake koper dilebokake guruku, bar kui kumpul ing aula aku diperban karo manda merban sing brabas soale wedi nekkenek klmbi. Sawise aku merban utawa diperban aku munggah bs soale tanganku nek tak gae obah sitik kemeng rasane,guuruku munggah ing bis ku ape ngimami doa perjalanan, sawise doa langsung berangkat terus aku turu soale efek obat kimau akhire aku selamet sampe tujuan bali  J

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...