EKO
Dening : Elvina Febriani
Aku lahir ing jawa,jenengnku eko lan aku ndue ibuk asmane mariyem lan bapaku supatmo.aku iki teka keluarga wong kalangan ngisor,ibuk ku kerjone mung buruh tani lan bapakku serabutan amarga uwis tuwo nanging aku pede wae nek bapak lan ibukku kerjone mung ngno amarga kerja apa wae iku menurutku halal ning ora nyolongan lan aku bangga banget karo perjuangan e bapak lan ibuk ku iso ngrumat aku sampek umur 19 taun suwe e.ibuk ku ogak tau gang ngilengke aku mangan lan sholat saben dino
“Leeee.....ko ndang ayok mangan le buk e masak senenganmu iki lo”
Uga aku iku seneng banget karo tempe lan kangkung.amarga lek menurutku kangkung iku sehat lan regane ogak sepiro larang,supaya ogak nambah bebane bapak lan ibuk ku lek snenganku mung tempe karo kangkung
“Pie le kerjoanmu?”
Bapakku pitakon ngono marang aku,amarga dina iki mau aku kerjo dateng omahe pak kades gawe ndandanu omahe pk kades dibangun.rupaku iki yo ogak elek elek banget lha amarga aku iki wong e yo pede,aku wani wani o awak gae nyideki anak e pak kades sing jenengee sekar.sekar iku bocahe ayu nanging serodok sombong lek karo wong lanang sing ogak sepadan karo awakke dewe.nanging aku iki lagek ngerti lek sekar iku nduwe adik jenenge melati,nanging kenapa suwene aku kerja ing daleme pk kades aku ogak ngerti.
“Alhamdulilahhh pak sae,pak kades tiange sae sanget,tapi pak kula ngugemi putrine pak kades lho pak,sint asmane sekar,tapi nggih ngonten pak bocahe sombong e amit amit”
“Buk deloken anakmu,wani wani e nyenengi anak e pak lurah,yo sadar diru to ko,awakdewe iku mung buruh wes gak usah mimpu duwur duwur gae nyenengi anak e pak kades sing jenenge sekar”
“Injih pak,tapi kula niki tresna ta pak kalihan dek sekar,lha terus pripun?”
Aku iki wes kadung tresna karo anak e pak kades,makane aku wani wani e kondo karo bapakku nanging bapakku malah murinh muringi aku.
“wes pokok e aku ogak ngolehi awakmu nyenengi sekar anak e pak lurah iku.”
“Lha salahku iki napa ta pak,kok panjenengan ngotot mboten ngizini kula kalihan dek sekar?”
“Salah e iku awak dewe wong ora ndue,dadi kudu sadar diri,ngerti apa ora?Sing ono malah awakmu dinyek karo sekar,koyok sing nang jaman saiki.”
Bapakku wong e iki senengane ngeluweh luweh i makane kaya ngene tapi yen jenenge wong wis kadung tresna arep pie maneh yo ogak iso dipekso
“Nggih pak,kula ngerti.ngapuntene ingkang mbantah guneme bapak marang kula”
Masio atiku rasane ora terima karo guneman sung diucapke bapak kudu tetep tak terima amarga iku wes kewajibanku gae patuh kalihan bapak
“Yawes turu o iki wes bengi,lha pie opo sesuk isek kerja nang pak kades?”
“Mboten pak,kula mboten wanton ketemu kalihan dek sekar,wediku lek kula malah tresna sanget kalihan dek sekar.”
“Ohhh ywes,ogak opo opo.yawes ndang turuo”
“Nggih pak”
Bengi iku aku sedih banget amarga tresnaku kalihan dek sekar kandas mung amarga kono anak e pejabat,sugih lan nduwe jeneng nek desa.tapi aku ogak nduweni rasa putus asa,amarga aku iseh enom lan lumayan pinter masio mung lulusan SMA,aku isih nduwe mimpi dadi pengusaha lan merantau ing kota.sewengi iki aku ogak iso turu amarga kelingan omongane bapak mau,kula yo sempat mikir apa aku merantau wae ing jakarta supaya mbuktikne marang bapak lan ibukku lek aku iki pantes ndampingi anak e pak lurah sing jeneng e sekar.
Isuk isuk sawetarane jam 7 esuk aku tangi turu,aku wani wani o gae membung karo bapak lek aku nduweni niat gae merantau.wektu iku bapak ku lungguh ing ngarepan omah lan ibukku nyiapke sarapan.
“Buk kula enten hal sing penting,badhe kula omongke kalihan bapak lan ibuk”
Sajane aku wedi yen arep ngomong karo bapkk lan ibuk,tapi keputusanku wes bulet.
“Yawis sek tak nyeluk bapakmu”
Banjur ibuk nimbalu bapk ing ngarep omah
“Pak,ndang ayok melbu omah,anakmu lanang arep ngomong jarene”
Bapak mlaku melbu njero omah lan lungguh ing meja makan
“Pak,buk kula badhe ngomong sios kalihan bapak lan ibuk”
“Iya le,apa ngomong o”
Bapk lan ibuk wes penasaran aku arep ngomong opo
“Dadi kula buk,pak nduweni niat gae merantau ing kota,kula kepingin sukses lan ngerubah nasib keluargane kita,pripun pak buk?”
“Temenan ta le awakmu?”
“Nggih pak temenan,lha pripun maneh mung niki dalan siji sijine”
“Yawis lek memang ngono sing mbok karepke ogak opo opo,bapak karo ibuk mung bisa ndongakne kesuksesanmu”
Banjur aku ngomong karo ibuk lan nyuwun pamit
“Buk pripun,panjenengan setuju napa mboten?”
“Ibuk sependapat karo bapakmu le,lek pncene awakmu ndue niat apik yo ibuk kalihan bapak mung bisa ndongakne”
“Nggih pak buk,matir suwun ingkang katah”
Atiku wes lega,amarga bapak ibukku wis ngekek i izin.
“Lha terus awakmu nok jakarta arep karo sopo?bukane awak dewe ogak ndue keluarga nang kono?”
“Kula teng kota enten konco buk”
“Lha arep kerja apa awakmu le,aku kok khwatir?”
Aku ragu karo wedi lek seumpama kondo marang ibuk aku ogak diolehi mangkat tapi masio kui mung kerja nang ternak pitek potong aku tetep ngomong,amarga kerjoan iku halal.
“Kula badhe kerja ting panggonan ternak pitik potong buk,nanging kula dibagei kerja sing bagian gudang karo ngawasi stok pitik sing melbu lan metu.”
“Ohhh.... ya wis ogak opo opo sing penting kerjoanmu iku halal”
Bajur sakwis e ngomong kalihan ibuk,aku langsung ringkes ringkes gombal banjur sawetarane jam 10 awan aku mangkat lan pamitan karo bapk lan ibuk.sawetarane jam 3 sore aku wis teka menyang kerjoanku,banjur ketemu karo bos e.lek dewek e ngomong aku dideleh ing bagian gudang karo ngawasi melbu metu e pitek.
“Dek eko?”
“Injih pak,kula eko.pripun pak kula saget kerja kapan?”
“Sesok ya dek eko”
“Nggih pak lek ngonten kula nyuwun pamit rumiyin”
Banjur aku mire menyang mess sing disediakne karo bosku,bosku iku wong e apik banget aku di kek i mess tanpa bayar listrik lan sawetarane.sesok e aku kerja,kerjoane iku abit banget tapi ora opo opo amarga aku nduweni mimpi digae rubah nasib keluargaku.
2 tahun berlalu aku kerja nang kene banjur aku dikek i kepercayaan karo bos ku gae ngurus bisnis pitik e sing nek depok.sawetarane aku ngurus iku,aku dipasrahi gae ngurus selawase tapi bagi hasil karo bos ku.
“Dek eko aku ngerti awakmu pantes oleh iki kabeh,amarga awakmu teliti,jujut,lan ulet makane iku aku percayakne kabeh karo awakmu”
“Nggih pak matir suwun sanget”
Sesok e aku mulih ing kampung,wis iso tuku kendaraan pribadi dewe.sampaine aku ing kampung halamanku bapak lan ibuk ku nyambut aku lan ngerangkul aku banjur ngungkapne rasa bangga e menyang aku.
“Alhamdulilah le,awakmu sukses,bapak lan ibuk bangga banget”
“Buk pak kula wangsul gae ngelamar dek sekar anak e pak lurah,pripun pak buk?”
“Yawis ayok tak lamarke lek memang awakmu tresna temenan karo sekar”
Banjur bapk lan ibuk ku moro ing daleme pak kades gae lamar sekar akhire sekar nerima lamaranku bapak ibukku gae aku banjur ditentukne nikahane.
“Dek sekar,kula tresna sanget karo sampeyan dek.makane aku merantau gae rubah nasib ben aku iso lamar sampeyan ben dadi bojoku”
“Nggih mas,aku nyuwun sepura mbiuen sampeyan terus tak rendahke”
Komentar
Posting Komentar