Langsung ke konten utama

Elsa Syafira - Gegara Tuyul


Gegara Tuyul
Dening : Elsa Syafira Y

            Ing desa Sumbang, Kecamatan Cengkir, tepate ing Kuta Sala. Akeh warganipun kang mikir sing aneh-aneh akhir-akhir iki. Desa Sumbang yaiku desa kang cilik cedak ipun alas Sumbang. Desa Sumbang, desa kang tasik ngerumat silaturahmi, ketentreman, sopan santun, lingkungan desa lan sakitariipun desane. Warga desa Sumbang rata-rata nyambut kerja ing alas Sumbang yaiku anna sing nandur palawija, pala gumantung, pala kesimpar lan ana sing  ternak, kaya nginggu pitik, wedhus, sapi lan bebek. Saben isuk sawise subuhan para warga mulai nyambut prenggaweane ana sing ning alas lan ana sing ning kandhang. Lan saben surup-surup para warga pada ing njero omah lan desanipun sepi, Cuma suara-suara kewan ing alas sing krungu, ndadik o suasanane sepi lan serem banget.
            Aku Bejo, bocah kang umur 11 taun. Bapak lan ibukku nyambut gawe ing alas. Bapak lan ibukku nandur jagung, kacang lan terong, saben panen bapak lan ibukku menyang pasar Solo kanggo ngadolake asil panene. Aku sekolah ing SDN Sumbang, saben isuk aku budhal sekolah karo Wawan lan Budi. Aku lan kanca-kancaku yen budal sekolah mlaku lan nyebrang kali sing ana ing pinggir alas Sumbang.  Sawise muleh sekolah aku lan kanca-kancaku dolan ana ing alas lan ing kali. Iso disebut yen aku karo kanca-kancaku iki bolang utawa bocah petualangan. Aku lan kanca-kancaku jarang banget ana ing omah, sampek-sampek bapak lan ibukku murka terus.
            Yen dina Minggu, pas sekolah prei aku ngiwanggi bapak lan ibuk ngerumat tanduran ing alas sampek jam 11 awan. Wawan lan Budi ya pada kaya nggono, yen ora ngiwanggi bapak lan ibuke nyambut kerja, aku, Wawan lan Budi uga diijini dolan karo bapak lan ibuk.
            Aku, Wawan lan Budi seneng bluran ing kali pinggir alas Sumbang, amerga kaline resik, banyune bening lan panggone adem, sueger banget.
            Dina Senin aku, Wawan lan Budi arep budhal sekolah lan aku karo kanca-kancaku ngelewati kali, sawise nyebrang kali uga sengaja aku krungu suara kresek-kresek, banjur tak plengak kok uga ana sapa-sapa ing kana. Wawan lan Budi kaya e uga krungu suara iku lan aku uga ngandani Wawan lan Budi, aku wedine yen nambah wedi. Atiku uga tenang banget, aku penasaran iku suara apa, tapi aku kudu budhal sekolah yen mengko mundak keri.
            Sawise muleh sekolah aku lan kanca-kancku bluran ing kali, wektu aku lunggah ing pinggir watu. Aku ngerti wong lewat sak  sriwetan nganggo klambi ireng, aku wedi campur penasaran iku mau sapa.
            “ Ayok balik Jo, Bud! ” Ajake Wawan.
            “ oh iya, ayok balik uwes sore iki, sesok maneh. ” omonge Budi.
            “ oh iyo iyo ayok.” Sautku
            Dina sesuke pas budhal sekolah sawise nyebrang kali.
            “srekkkkkk....”
            Tak plengak tapi kaya wingi, kok gak enek apa-apa, aku mulai merinding kuwi mau apa. Gagenan aku nek mlaku, wuluku wes mengkorok kabeh.
            Saben dina mesti nek budal sekolah mesti aku krungu suara sing aneh-aneh tapi khayal Wawan lan Budi kok ogak krungu. Wes seminggu kedadean iki ngono terus, aku nduwe niatan nggoleki sebenere  kuwi sapa, aku ora ngajak Wawan lan Budi kanggo nyelidiki  khasus iki.
            Saben mulih sekolah aku diparani Wawan lan Budi kanggo dolan ing alas tegak ngana ya bluran ana ing kali. Tapi mesti aku alasan nek aku arep ngiwangi bapak lan ibukku ngerumat tandurane. Padahal aku arep nggoleki wong sing wis nggawe aku ogak tenang. Pas dina minggu jam 6 isuk aku ing pinggir kali, akhire tak tekati lan aku nyebrang i kali.
“srekkk...srekkkkkkk..........”
            Gagean tak plengak tapi ogak ana sapa-sapa, aku nyedaki suara iku. Saya suwi suarane saya banter lan pas tak inceng ing ngguri wit asem sing gedi, la kok ana bapak-bapak tuwa klambinan ireng, jenggot putih. Bapak-bapak iku bungkuk lan tangane di dakek ing mburi geger e, kaya a wang nggendong bocah ing mburi. Lan bapak-bapak iku nek mlaku alon-alon lan sikile sing siseh kiwo diseret, aku bingung kuwi manungsa apa bangsa alus. Sak wise aku ngerti kuwi sapa banjur aku muleh.
            Pas ndek omah ibukku berok-berok, binggung karepe dewe.
            “Eee...ya Allah pak..pak..!!!” jerite ibuk.
            “ana apa ta buk kok berak-berok ?” takone bapak.
            “duwite ibuk pak ilang seket ewu.” Saut e ibuk
            “la ibuk dakek ning endi?, ibuk lali paling!” saut e bapak
            “ogak pak, ibuk ogak lali, ndek mau tak deleh ing dompet abang pak. Malah mau seket ewune ana lara lan rongpuloh ewune ana siji tok, la sak iki seket ewune karek siji pak.” Omong e ibuk.
            “sabar buk durung rejekine, palingan ibuk seng lali” saut e bapak.
            “duit e ibuk ilang seket ewu, padahal uga dinggo tumbas apa-apa, kok aneh ya?” batinku.
            Aku iling kedadean ndek mau ing pinggir kali yen bapak bapak mau tangane di deleh ing mburi, mbungkuk lan nek mlaku sikile diseret siji.  Aku nduweni  pikiran yen bapak bpak kui ngingu tuyul amergi jarene wong nek ngingu tutul iku tangane dideleh ing mburi amergi dike ngendong. Lan awk e mbungkuk iku amergi kaboten boboye tuyule. Terus sikile diseret iku sikile diganduli tuyul sijine dadine tuyule ana lara
            Aku kudu ngawasi gerak gerike wong kuei terus supaya korbane ogak tambah akeh. Dina sesuke, isuk isuk aku ngetuto bapak bapak iku maneh, pas aku ngetutno bapak-bapak iku mau , bapak-bapak iku terus nggolek yuyu ing pinggir kali. Aku malah curiga amerge jarene wang-wang yen tuyul seneng dolanan yuyu.
            “titeni pak, sampeyan bakalan ketahuan yen sampean nginggu tuyul “ batinku.
Sawise goelk yuyu bapak bapak iku terus mlaku sampeke ing pinggir alas ana gubuk cilik kang uwes reot.
            “Ooo sampean nginggu tuyul iki neng kene toh” batinku.
Banjur bapak-bapak iku melbu gubuk, aku gagenan muleh lan penghianatan tak lanjut sesuke maneh
“gak nyangka yen bapak-bapak iku nginggu tuyul,Sampek njupuk duwite ibukku, ngesakake ibbukku.” Batinku.
Tak delok-delok saben isuk mesti bapak-bapak iku mesti mlaku-mlaku.
“apa aja-aja bapak-bapak iku ngajak para tuyul-tuyule mlaku-mlaku?” batinku.
Aku wis yakin yen bapak-bapak iku ngingu tuyul. Saka gerak-gerike lan ciri-cirine wong nginggu tuyul iku wes ketok.
Dina sesuke aku methuki Wawan lan Budi.
“Hehhh... Wan, Bud ! ” sapaku (ngos-ngosan)
“ana apa ta Jo? teka-teka ki salam ta!” saute Wawan (srengen)
“layata ndredegi wong wae Jo..Jo..!!!” saute Budi (srengen)
“iya iya Wan, Bud. Soal e iki penting banget e.” Uniku (gugup).
“apa ta apa jo? Tarik napas kek terus tok o!” saute Budi.
“iya, seng tenang ta, kaya bar digudak setan wae awakmu!” saute Wawan.
“iya iya Wan,Bud. Dadi ngene, aku bar ndelok ana wang kang ngingu tuyul ing desane kene iki, iki temenan Wan, Bud aku ogak mbujuk iki, temenan!” uniku.
“temenan we Jo?” takone Budi.
“iyo sumpah temenan aku ogak mbijuk iki!” sautku.
Akhire aku nyeritakake apa sing tak delok ket wingi kae. Aku nyeritakake saka pertama sampek seng tak delok sak iki. Akhire Wawan lan Budi percaya karo omonganku iki. Lan akhire aku, Wawan lan Budi nduweni rencana. Sesuk minggu ape nyekel tuyul lan bapak-bapake iku amerga yen dibeno bakalan nyusahake warga sekitar.
Dina sing dientenipun teka. Minggu isuk-isuk jam 6 aku, Wawan lan Budi wis ana ing pinggir kali. Aku, Wawan lan Budi ngerti bapak-bapak iku saka mburi kaya biasane bapak-bapak iku mau saka mburi. Kaya wingi bapak-bapak iku mlebu gubuk cilik iku, kaya biasane bapak-bapak iku ngekeko yuyune kanggo rumatane yaiku tuyul.
“eh, Wan, Bud kepriye yen ayok digrebek wae wong iku?” takonku..
“emm.. yo wes ayok kan kene yo bareng-bareng.” Saute Budi (wedi).
“tapi iki bahaya Jo,Bud!” saute Wawan.
“kan kene cah akeh Wan, mengka maca ayat kursii ben tuyul e panasen!” sautku
“iya wes nek ngana, tapi kene kudu tetep ati-ati lo yo Jo!” unine Wawan.
“siap Wan siap, ojo lali maca ayat kursine lo yo!” sautku.
Akhire aku, Wawan lan Budi alon-alon ning gubuk iku, lan pas ndek ngarepe lawangan gubuk iku.
“siji..loro..telu..dorrrr!!!” uniku, Wawan lan Budi (bebarengan).
Bapak-bapak iku njumbul lan pas mlengak.
“ana apa iki cah nakal-nakal iki, nganggu wae!” unine bapak-bapak.
“pak sampeyan nginggu tuyul ta?” takone Bejo.
“tuyul-tuyul gundulmu, aku iki nginggu bebek 10 tapi gara-gara bebekku ga gelem mangan, bebekku mati siji le mangkane tak goleka yuyu ben mangane nggames le!” saute bapak-bapak.
“niki pak Mamat ta? pak Mamat sing nginggu bebek niku ta?” takone Wawan.
“loh awakmu kok ngerti Wan?” takonku.
“bapakku wingi cerita yen ning ngisor alas ana omahe bapak-bapak sebatang kara yen nduweni penyakit boyoken ing pinggange lan sikile sing bar kesleo amerga bar mudun saka alas. Lan pak Mamat nduweni bebek sing dirumat ning nggurine wit asem sing gedi iki, ngoten nggih pak Mamat?” takone Wawan.
“iya le, bapak niki Cuma urip dewean, bapak Cuma ngerumat bebek tok le!” saute pak Mamat.
“sepuntene ingkang katah nggih pak Mamat.’’sautku lan Budi.
“kenapa le kok njaluk sepura?” takone pak Mamat.
“emm niku pak, kula wingi sampun ndarani, pak mamat sing mboten-mboten pak. Kula sampun ndarani pak Mamat sampun ngingu tuyul pak, ngapunten pakk...!” uniku (njaluk pangapunten).
“astagfirullah le, bapak mboten ngingu bekakas kaya nana iku le!” saute pak Mamat.
“nggih pak, kula lan rencang-rencang kula nyuwun pangapunten ingkang katah pak” sautku.
“sepuntene ingkang katah nggih pak Mamat.” Saute Wawan lan Budi.
“iyo le, makane lain kali aja seudzan ya le. Aja di deleng saka njabane tok le tapi delenga saka njerone barang, yen sampean ogak ngerti aja sapenake dewe nggih!” unine pak Mamat.
“nggih pak Mamat sepuntene pak!” sautku, Wawan lan Budi.
Bar kedadean iku mau aku getun banget amergi aku nuduh wong sembarangan, lan sing duwite ibukku iku ternyata sing seketewu dienggo kalih ibuk blanja ing warung tapi ibuk supe. Saka kedadean iki aku ogak bakal nilai wong saka njabane tok. Aku bakalan ati-ati njaga tingkah laku lan uniku.
Lan aku  karo pak Mamat akhire akrab uwes kaya mbah kongku dewe lan saben dina aku ngiwanggi pak mamat ngerumat bebek-bebeke, amergi aku ngesaka karo pak Mamat kang urip dewean , ora nduwe sapa-sapa.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...