Langsung ke konten utama

Dzaki Anwar - Balbalan Ngalahno Logika



Balbalan Ngalahno Logika
Dening : Dzaki Anwar Karim

Aku Ambon saiki pelajar SMA ing Bojonegoro. Lair ing kuta Lamongan. Aku awit cilik seneng balbalan. Isuk, awan, bengi, ora ana alasan ora balbalan. Ora eruh wayah, istilah sing cocok gawe aku lan kanca kanca sepantaranku. Yen durung adzan maghrib yo urung bubar balbalane.
            “ Yamene isek muleh, mesti teko balbalan. Ora eruh wayah, ndang adus kunu!! ” meh sabendino ibukku nyeneni aku perkoro balbalan ora eruh wayah. Tapi yo isek tak baleni neh. Piye meneh nek wes hobi, masio salah tetep ora gelem salah. Menurutku hobi kui yen dilakoni iso nggarai ati bungah, yen ora ngunu berarti ora hobi. Balbalan kui uga wes dadi harga dirine desoku, yen kalah yo iso nganti tawuran.
            “ Ayo melu ayah! “  ayah ngomong karo aku
            “ Kesah pundi yah?? “ jawabku
            “ Delok balbalan “
            Ora usah mikir meneh, aku gelem dijak ayah delok balbalan masio aku urung eruh sopo sing maen. Ning jero stadion rame banget, padahal jare ayahku perandingane isek kurang 2 jam meneh. Wajar sih, pertandingane ono embel embele derby jatiim. Persela vs Persebaya, kick off jam 15.00 WIB. Nanging stadion wes meh kebak. Jaman iku tiket isek 15ewu. Aku menikmati suasanae ing jero stadion.
            Ewunan wong nyanyi lan joget kompak, yelyel gawe nyemangati Persela. Jaman iku suporter Lamongan lan Suroboyo isek ora akur.
“ Alasan keamanan, Bonek suporter Persebaya ora oleh teko ning Lamongan. “  jare Kapolda Jatim pas ditakoki karo wartawan. Tetep ae suporter isek nyanyi rasis, ngolok olok Bonek lan Persebaya, ora ero manfaate opo. Malah dadino suasanae tambah keruh. Sampe wong lamongan sing adol panganan utawa liyane ing Suroboyo tutup, amarga wedi di serang dadi pelampiasan wong Suroboyo utawa Bonek.
Kawit teka iku, aku kerasa yen aku mulai ketagihan delok balbalan langsung ning stadion. Sampe jadwale persela tak print, tak templekno nek gedeg kamar ben ora lali. Ben iso gawe rencana lan nyelengi. Tapi aku ora wani budal ijen, mesti njaluk kancani ayahku. Tapi ayahk ora iso sabendina ning omah, kerjo preine ora mesti.
“ samean muleh kapan yah? Sok minggu Persela maen. “ omongku karo ayah angger telponan. Saking kepingine, mboh alasane opo. Aku ngeroso seru, iso melu nyanyi nyanyi. Ning omeh ya iso nyanyi nyanyi, tapi yo aneh nek dirungokno tonggo. Wes mboh ping piro ae aku delok langsung ing stadion, ora keitung.
“ Buk aku delok Persela nggh? “ aku njaluk ijin marang ibu.
“ Karo sopo nak?, udan udan ngene kok. “ jawabe ibuk
“ ijen buk. “  jawabku.
“ Meneh ae lho karo ayahmu” balese ibukku.
“ buk,.buk..pisan iki ae lho..” jawabku karo melas
“ Eee mboh.. mbohh karepmu “ jawab ibuk gak jelas antara ngijino karo ora. Tapi tak anggep aku wis ijin ibuk, dadi aku tetep budal. Udan tetep tak terabas. Iku pertandingan pertama sing aku budal dewe , jarak omah ning stadion 13KM. Nekad gowo sepeda motor dewe, padahan sakurunge gurung tau. Iku laga pertama liga pas jenenge QNB LEAGUE musuh Persegres, Persela takluk 1-2 nok kandang.
Tak amati, suwe tambah suwe semangate tribun wetan ora kaya biyen meneh. Sing biasane nyanyi sampe mari, tapi saiki mung sekitar 25 menit sakwise lungguh wis kaya delok nggarep tv. Semangate kendor, luweh seneng foto foto terus upload medsos. Tapi iku yo piihan, wong wong melbu bayar, yo sakkarepe. Tapi aku dewe kurang seneng yen ngunu carane, ora kaya biyen meneh. Ning sisi liyo, tribun lor ana kumpulan suporter sing pakaiane ireng ireng. Ngadeg nyanyi 90 menit iku ciri khase. Curva Boys iku jenege, jarene lair kerono kekecewaan.
“ iku ireng-ireng ndek tribun lor opo jenege?, kok sangar” sering kerungu wong ngomng ngunu ndek tribun wetan. Ning ati aku pingin gabung kunu.  Aku wes ora sreg meneh, ora cocok karo atiku,  tapi sungkan lan ora ngerti kepriye carane. Sampe akhire aku oleh kontak anggota Curva Boys distrik TI. Tak hubungi, respone apik. Dadi tambah yakin pingin gabung, terus ketemu ngopi bareng.
Siji taun luweh aku gabung TI. Wayah iku preian akhir semester lan idul fitri, Persela maen ning Malang. Tak pikir kok pas preinan, akhire aku lan adikku daftar budal bareng rombongan CB.
“ Iki away wajib, kabeh anggota usahno budal “ jare koordinator away.
“ Informasi teko pusat siapno sing perlu disiapno kayata mercon sing iso gawe bubarno masa, yen kene di kroyok. Lan paling penting mental!!!” tambahe.
“ siap! ” jawab anggota liyane. Aku paham yen iki ora away gampang, iki tour akeh resiko. Deleng pertemuan terkhir ndek malang, rombongan CB dikroyok. Ora ono korban, tapi info sing tak peroleh kendaraan dirusak. Tapi kabeh iku babar pisan ora nyiutno tekadku ngawal Persela ning Malang. Persela sak pedote nyowo, jare kebanyakan suporter Persela.
Dinoe teka, jam 7 aku wis teko ning panggon kumpul pertama. 2 elf teko distrikku. Sakwise kumpul kabeh, terus budal ing panggon kumpul ke 2 yaiku stadion Surajaya. Total sekitar 25 elf lan 3 bis budal bareng ing Malang. Sakurunge budal, dikumpulno kabeh gawe breefing.
“ sakdurunge wes takkandani kabeh, iki away wajib, away khusus arek lanang. Wedok gak oleh melu, tapi tetepae isek enek sing budal!” omonge salah siji koordinator pusat karo emosi.
“ Kanggo arek wedok, ojo maja, ojo ngantungno nak arek lanang, mandiri!” tambahe.
“SRIT!” jawabe wong akeh.
“Terus ngko budale konvoi, nek ono kendaraan sing mok tumpaki diserang omongi supire akakno lampu tanda bahaya!, teko gak teko sing penting budal bareng!” tambahe maneh. Sekitar jam 10 budal. Arep melbu tol bunder Gresik kabeh kendaraan mandeg, ono sing nguyoh, tuku ngombe lan liyane. Perjalanan sampek arep melbu tol Pandaan. Ning perjalanan ono sing turu, dulinan hp lan ono sing mendem.
“Cok!, ngene iki kapan teko kanjuruhan” sambate kanca sak elfku, pas kejebak macet. Jarak sing mung sekitar 600 M perlu sekitar 30 menit kebacut macete. Metu tol tak kiro wes ora ono macet meneh, tibakno malah nemen. Lawang sampek kota sing mung 17 KM butuh waktu 3 jam. Ning jero elf pas wayah iki podo sambat. Yo ono sing nerusno mendeme. Iso diibaratno mlakune wong mlaku luweh cepet katimbang elfe. Ora ono AC mung angin panas silir silir sing lewat cendelo mobil.
Jam setengah 4, wayahe maen, tapi rombongan isek perjalanan. Akhire arek arek pasrah. Ra melbu kanjuruhan ora ngurus. Ning mobil podo streamingan kabeh, termasuk aku. Ora keroso kok wis teko parkiran Kanjuruhan. Arek arek podo mete teko elf, njukuk tiket lan langsung melbu stadion. Menit 80 aku lagek melbu utawa pertandingan kurang 10 menit. Lagek melbu lha kok ono salah siji anggota rombongan sing dikeroyok. Ora ngerti masalahe opo. Deweke diantemi disaduki. Kur iso trimo pasrah. Selamet keamanan cepet teko. Iso dipisah, tapi tetep ae isek ora terimo. Pertandingan wes mari, bales balesan yel yel, kayata ora ana opo opo.
Sampek ono wong telu, ora ero sopo, teko endi, lan maksute opo. Deweke nantang, ngelek ngelekno CB, pokok omongane oro ono sing enak. Mangkel pasti, tapi kudu ditahan. Omahe uwong kudu sopan, deweke wani ngomong ngunu amarga ndek omahe dewe. Kayata duwe nyawa pitu.
“Eh Dzak, nandi ae?, tak goleki kaet mau.” Takoke konco sakmobil.
“Muter mas, goleki rombongan.” Jawabku
“Wes, ndang ayo metu.” Deweke ngajak metu stadion.
“Ayo mas.” Jawabku
Wes metu, tapi urung iso langsung muleh. Keadaan durung kondusif. Rombongan kayata diawasi, kaya pengen dicegat. Akeh wong sing kaya siap siap ngehajar rombonganku. Muleh lewat kota, resiko dikeroyok. Ditawani pihak keamanan, dikawal tapi muleh lewat Blitar. Ora gelem jukuk resiko, gelem gak gelem tawarane diterimo. Akhire rombongan muleh lewat Blitar sing jarake sekitar 2 kaline lewat tol. Berangkat muleh jam 19.00 lan tekan omah jam 03.00.
Preian isek ono 3 minggu. Kayata ora ono kapok.e aku budal maneh. Tapi ning Sidoarjo, delok Timnas Indonesia U-19 maen ing turnamen AFF U-19. Aku budal bareng loro kancaku. Intine lakoni opoae sing nggarai kowe seneng, yen ora seneng tinggalen. Amargi cinta kui ora mung tentang prestasi, ora melulu soal materi. Cinta kui perkara ati. Dadi wong Lamongan, atiku tertaut kepada Persela sing dadi representasi panggonku dilairno, tumbuh, lan duweni identitas.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...