Sinau Tanpa Wates
Dening : Dia Jeng Budi Lestari
Jenengku Syifa saiki
aku sekolah menengah atas kelas 3 sing bakal perang lan nemokake maksud
sejatining urip. Ing sekolah aku nduweni lima kanca yaiku Alin, Sinta, Tika,
Mira lan Nindi. Alin iku bocah sing pinter banget lan ngerteni marang kanca-kancane
,nanging sayang banget dheweke ora seneng karo wong lanang sing pengen nyenengi
dheweke. Dadi nganti saiki dheweke ora ndue pacar alias jomblo. Sinta kuwi wong
sng crewet senengane ngomel-ngomel nyeneni kanca-kanca sing liyane amargi gak
gelem piket.
Sinta ngomong "ayo loo ndang podo piket, budal isuk-isuk
gak ndang mangkat piket panggah ngerjakne tugas".
Yen Tika lan Mira kuwi bocah sing senengane ngrumpi ngrasani
bocah-bocah sing liyane, lha yen Nindi iku bocah sing becik lan sabar ing antarane
kita. Dheweke dadi panggonan curhatan kanggo kanca-kancane.
Aku sekolah ing Dharma Wanita VI ing kampung nelayan. Isuk-isuk
Tika, Mira lan Alin teka luwih awal bebarengan karo guru anyar saka kutha sing
banget semangat kanggo mbentuk murid-murid supaya nduweni watak sing disiplin
dhuwur.
Omonge Tika "lho-lho mir iku sopo ya?".
"lhooo iyoo tik sopo iku?" tekoke mira mbalik nang
tika.
Tika nyauti "heh kuwi koyo guru anyar iyo pora mir?"
"iyo tik guru anyar iku, walahh dadi gosip anyar iki!"
jawabe mira.
Saute Alin "halahh Mir-mir awakmu iku lo isuk-isuk lak gosip
wae to".
"laiyo to lin-lin mira iku ancen lak gosip ae"
omonge tika.
"E..... e.... Wong awakmu yo podo wae ngunu loo tikk-tikk"
jawabe alin.
"lha iyo too tika kuwi ancene gak gelem ngoco ndisik
nek arep ngelokne kancane" omonge mira gak trimo.
"Hee wes-wes ojo ngomong wae, ayo sinau kene loo"
ngomonge alin.
Tika lan Mira nyauti "alahhh lin-lin mbendino kok sinau
wae".
Dhumadaka Sinta teko kanthi cepet cepet langsung ndeleng
jadwal piket karo srengen-srengen dewe amarga kelas akeh reged. Tika lan Mira kelalen
yen dheweke ono jadwal piket isuk iku, amargi ngosipake guru anyar.
"iki sopo to yoo sing piket kok kelase akeh reged
tenan?" tekok e sinta karo srengen-srengen.
"waduhh iyo mir lali nek awak dewe saiki piket"
omonge tika ning mira karo bisik-bisik.
"iyo tik ayo gek ndang njupuk sapu selak mengko sinta
eroh" jawabe mira nang tika karo bisik-bisik.
"lhoo lhoo lhoo iki mira karo tika teko luwih awal gak
ndang nyapu lapo ae to yoo yoo?" omonge sinta.
Dumadhaka alin nyaut "laiyo iku lo sin mira karo tika
isuk-isuk wes ngomongke guru anyar gak lang nyapu-nyapu ancene!".
"iyo sin awakmu lak gak ngerti to nek enek guru anyar?"
saute tika karo suara endel.
"alah wong aku yo ngerti wong kimau aku papasan, wes
gek ndang nyapu akeh regede kiloo marai sarang penyakit wae" omonge sinta
maneh.
Jam setengah 7 kepungkur aku lagi tekan ing sekolahan amargi
omahku manggon ing desa sing lumayan adoh saka sekolahan, aku tekan ing sekolahan
langsung tekon alin babagan pitakonan sing di wenehake marang guru amargi aku
durung ngerti.
"Lin iki carane piye to kok aku durung paham"
tekonku nang alin.
Durung di jawab alin sinta nyauti "hee iki piye to sip
teko-kok langsung tekon alin, mbok yo tas e di deleh ndisik lagek tekon".
"nyoh sin delehno tasku, Tak sinau karo alin ayo gek
sinau pisan bareng-bareng" omongku karo menehno tas.
"cah loro iku lak dino-dino sinau ae bok yo ngrumpi-ngrumpi
sediluk ngunu" saute Mira.
"Halahh kowe iku jer ngrumpi wae mir-mir" jawabku.
Sak wise sinau bareng bareng aku lan kanca-kanca banjur
ngrumpi amargi jam kosong lan ngomongke nindi sing wis 3 dino gak sekolag
amargi kena lara DB.
"he cahh jam kosong ngeniki gak onok nindi yo
sepi" omongku.
"iyo biasane cerito-cerito karo nindi, lha kok saiki
bocahe loro" omonge sinta.
"wes gak usah sedeh lang di dongakne wae mugo cepet
mari lan iso budal sekolah maneh" omonge alin.
"Lhoo ndungareni Tika karo Mira kok meneng wae gak enek
suarane? Biasane lak nggosip wae!" takonku nang mira karo tika.
"Lha aku yo kelingan nindi jee" saute tika karo
mira.
Gak kroso jam pelajaran wes mari lan wayahe murid-murid
mulih.
"ayo ndang podo mulih selak di goleki ibumu lo cah"
omongku nang konco-konco.
"iyo ayo aku mulih ndisik ya karo tika" jawabe
mira.
Isuk banget aku budal sekolah bebarengan karo Alin, Sinta,
Mira lan Tika. Sak wise tekan sekolahan pak guru anyar teka luweh awal ning
kelas. Dheweke menehi perhatian marang kasunyataan para murid sing teka awal lan
disiplin. Nanging pasuryane guru iku langsung abang amergo akeh murid-murid
dheweke ora teka malah jam ngetokake waktu kanggo melbu. Pasuryane guru iku tambah
mudun amarga ing jam 07.00 WIB akeh murid sing lagek pada teka telat. Pak guru
anyar takon marang murid-murid sing teka telat.
"para murid ngrungokake apa sing bapak ucapake wingi?
Yen murid iku kudu disiplin lan patuh aturan sekolah iki. Senajan sekolah kita
ana ing adoh saka kutha nanging ora kudu kalah menyang sekolah kemewahan ing
tengah kuta.
Kanthi pasuryan lesu murid-murid njawab kanthi tangan lan
kompak.
"inggih pak".
Salah sijine siswa ngacungake tangan kanggo njelasno marang
gurune.
"kita sedaya anake nelayan pak, dados kita kudu bantu
wong tuwa sakdurunge menyang lan sawise sekolah".
Guru anyar iku kaget banget karo omongane murid iku sing
dheweke mung krungu mau iku nggawe dheweke ngerti perkara anyar nglakoni
profesi dadi guru. Ora dadi masalah guru ora klebu sosok pemahat patung sing gampang
ngukir kayu dadi karya sing apik. Guru minangka pengganti kanggo wong tuwa kita
nalika ing sekolahan, sing njaga lan nyediani sawetara kaweruh yen di duweni
marang dheweke dewe supaya kita bisa nduwe sopan santun lan wawasan sing luwas
ing zaman canggih kaya saiki.
Guru uga ora file computer sing bola-bali ngulangi lan
nyalin kabeh memori kanggo di transfer menyang otake siswane, guru uga rela
ngentekake pikiran lan tenagane, ora mung kuwi guru uga gelem nerbitake materi
kanggo sinau ,ora mung soal kemampuan nanging luwih saka iku. Senajan ana kewajiban
kanggo sapa wae sing isih enom utawa tuwa, kaliyan sedaya duwe kekarepan kanggo
korban profesi langsung iki.
"laiya pak anak-anak niku senengane nyepelekke
pelajaran sing diparingi bapak utawa ibu guru" omonge sinta.
"he sin ojo ngunu lo" omonge kanca-kanca sak
kelas.
"lho ngunu piye wong kenyataane angger diwulang yo podo
ngomong dewe-dewe ngunu loo" omonge sinta maneh.
"gayamu wong awakmu dewe yo gak merhatekne ngunu
lo" omonge rendra kanca sak kelasku.
"laiyo too sinta iku ancen bocah cerewet, Kabeh-kabeh
di paido terus" saute dodit kanca pleke rendra ing kelas.
"lho lhooooo aku ora maido loyoo" omonge sinta.
"halah sin-sin wes talaa, wong alin sing pinter wae gak
kakean omong koyo awakmu" saute rendra.
"iyo alin iku ya bocah sing pinter tur ayu pisan lan
gak kakean omong koyo awakmu sin" lanjute dodit.
"lin linn awakmu gak bosen ta sabendino sinau terus?"
pitakone aditya konco pleke rendra lan dodit.
Dumadhaka pak guru nyauti "lhoo lhooo sinau kok bosen
iki piye too? Sinau iku gak onok tembung bosen loya bocah-bocah, wong calone
mahasiswa sing kanthi nduweni prestasi tinggi kok bosen sinau, ilinga pangandikane
"tuntutlah ilmu setingi langit", ojo bosen bosen sinau loya bocah-bocah.
"inggih pak guru".
"Wes lang ayo podo sinau ben dadi bocah sing pinter
supaya mbesuk bisa klebu apa sing di pinginanke saiaki lan bisa nggapai cita-cita
setinggi langit" omonge pak guru.
"lan ojo lali ndungo njaluk petunjuk marang gusti allah
sing nggawe urip" saute pak gurh maneh.
Kadang kita minangka siswa sing sering ngeculake tugas
nanging ora sengaja ndeleng ketok srengen. Amargi pendidikan ora amung babagan
pelajaran ing sekolahan, saben wektu kanggo sinau sapa wae lan ning
ngendi-ngendi wae, kita ora bisa oleh ilmu yen ora ono usahane.
Mula awak dewe kudu bersyukur kanggo opo wae sing di gapai
lan sing di duweni saiki. Amarga ora kabeh bocah isa kaya kaliyan sing kebutuhan
cukup lan sing bisa menyang sekolah senajan iku sekolah adoh saka kutha.
Komentar
Posting Komentar