Langsung ke konten utama

Bernikka Rahisnanda - Ora Ana Kesuksesan Tanpa Usaha


Ora Ana Kesuksesan Tanpa Usaha
Dening : Bernikka Rahisnanda Ekaputri

      Jenengku rere, aku lahir teko keluarga seng sederhana, ibu lan bapakku saben dina ngajari aku kepriye dadi bocah seng sabar, ikhlas, ngadepu urip seng keras iki. Amerga kangelan biaya gawe sekolah, gelem ora gelem aku kudu pedot sekolah nganti bangku SMP. Asline aku kepingen sekolah kaya kancaku kawet cilik, yaiku Beri.
       Azan subuh krungu neng omahku, aku, bapak langsung ibuk langsung solat subuh berjamaah, saben shalat aku nyuwun marang gusti ben aku iso sekolah maneh, ben aku iso banggakno kaluwargaku.
 " YaAllah, paringi kula dalan, ben kula saget sekolah malih, gawe ngebahagiakno keluarga kula." Doaku marang gusti, sinambi metu eluh nang pipiku.
 " Nduk, ayo mrene ewangi ibuk mbungkus panganan iki." Dawuhe ibuk marang aku.
 " Nggih buk, niki kula rewangi." Omonganku sinambi ngewangi ibukku mbungkus panganan.
 " Wes bar, Nduk?." Dawuhe ibuk takok marang aku.
 " Nggih, sampun niki buk. " Omongku marang ibuk.
 " Iki terno neng pasar, neng warunge bu Suci, omongno bu Suci nek ibuk jek ora ndue duwek neh gawe sesok. Dadine ibuk ora ngirim panganan sesok." Dawuhe ibuk sinambi sedih raine.
         Aku ngontel kira - kira setengah jam, amerga jarak omahku karo pasar adoh banget. Neng perjalanan aku ketemu karo kanca - kancaku seng pada budal sekolah. Aku ndelok kanca - kancaku kepengin ngono rasane, sedih banget atiku ndeloke.
 " Eehhhhhhh.. Rere, ape neng ndi re, isuk - isuk kok wes metu teko omah, kan awakmu ora sekolah, Hahahahahaha... 😃😃." Omongane kanca - kancaku lewat neng ngarepku.
Ora suwi sahabatku, ngelewati aku karo kanca - kancaku seng ngelokno aku.
 " Opo sih awakem kabeh ki, ojo mong iso maido wong tok, lang sekolah kono lo kok ngopeni uripe wong liya." Omongane sahabatku nyeneni kanca - kancaku seng maidoni aku.
 " Wes wes ri, ora usah dilanggeti, aku ora kenapa - kenapa kok." Omonganku marang beri, lan nguatno atiku dewe.
 " Iyo re, seng sabar gusti mboten sare , tetep usaha. Aku bakal ngewangi awakem." Omongane beri nguatno lan nyemangati aku.

 " Bu, niki segone, terose ibuk mbejing mboten ngirim amerga mboten wonten cukup arta digawe ndamel panganan." Padosku marang bu suci.
 " Loh, la kok ngono re, sek enteni sediluk yo... " Dawuhe bu suci
 " Nggih bu." Omongku , ngenteni bu suci njupuk sesuatu.
 " Iki kekno ibumu, menawa iso ngewangi ibumu." Padose bu suci sinambi ngekekno amplop neng aku.
 " Nggih bu, matur suwun sanget." Omonganku marang bu suci.
Aku langsung muleh saka pasar menyang omah , teko omah aku langsung ngekekno titipane bu suci marang ibuk.
 " Bu, niki wonten titipan dateng bu suci." Omonganku marang ibuk.
 " Napa niki nduk, kok enek titipan bereng ." Ibu langsung mbukak sing ana ning njero amplop iki mau.
 " Alhamdulillah nduk, rejeki.. " Ibuk ngetokno duwik seng ana ning amplop kuwi.
 " Nggih buk, kita uga iso ngirim panganan malih mbinjing." Omongaku marang ibuk, sinambi seneng banget.
Dumadakan ana seng ngetuk lawang omahku, aku langsung bukak lawang, dadakman beri. Spontan beri ngerangkul aky ambek nunjukno ekspresi seng srumingah
 " Loh loh.. enek apa ri kok koyoke seneng banget ngono ?." Takokku kaget amarga beri ngagetno aku.
 " Iki lo re, sekolahku ngadakno beasiswa , beasiswane kuwi sampe melbu kuliah seng mbok kepingini, aku kepengen awakmu jajal test. Aku ngerti awakmu ki berbakat, awakmu pinter." Omongane beru mbujuk aku, ben aku melok test .
 " Piye ya ri, aju gugup, aku gong persiapan."Omonganku bimbang melu apa gak.
 " Ora kenapa - kenapa, mbesok tak iwangi, tak silihi buku - bukuku." Omongane beri nguatno aku.
 " Yowes, aku tak kondo marang ibuk ndisik yo ri." Omonganku neng beri .
 " Ibuk, kalawau beri mriki, terose wonten beasiswa dateng sekolahane." Omonganku jelasno ing ibuk.
 " Yawes nduk, ndang melok. Ibuk bakal ndongakno sampeyan, supaya ditampa biasiswane." Dawuhe ibuk marang aku.
 " Nggih buk, kula nyuwun dungane." Omonganku marang ibuk.
          Saben dina aku sinau teka buku - buku seng disilihi beri marang aku, aku latihan terus latihan gawe ben lulus test beasiswa ing sekolahane beri. Saben dina aku ya sholat nyuwun kamudahan marang gusti Allah SWT, ben aku lulus lan klebu neng sekolahan iku. Dina test teko, aku ngerjakno kanti tenanan lan teliti. Aku emoh nyiak - nyiakno kesempatan iki.
 " Bismillah, YaAllah ewangi aku ngerjakno test niki, aku kepingin melbu lan entuk beasiswa neng SMA iki." Nyuwunku marang gusti Allah.
Kira - kira sakjam setengah aku neng ruangan iki, aku langsung nemoni beri.
 " Ri, alhamdulillah aku wes ngebarno test iku, saiki aky degdegan piye hasul testku, dungakno ya ben testku apik." Omongku marang beri.
 " Ora kenapa - kenapa, aku yakin kok nek awakmu bakalan lulus test, awakmu iki ointer, berbakat, aku yakin awakmu bakal melbu lan berprestasi neng sekolah iki." Omongane beri, ngeyakino aku .
Dina pengumuman lulus test teka, atiku rasane degdegan banget, aku nduga marang gusti muga - muga lulus.
 " YaAllah, muga - muga aku lulus test, aku kepengen ngerubah nasih keluargaku, aku pengen ngebahagiakno bapak, ibukku." Nyuwunku marang gusti Allah SWT.
Aku lan kanca - kanca liyane dikumpulno ing ruangan, seng jenenge di celok berarti kuwi seng ke tompo beasiswa neng SMA iki.
  " Intan, Sari, Dewi, Putra, Kirana." Celuke kepala sekolah.
  " Seng terakhir seng ketompo beasiswa neng sekolahan iki, yaiku Rere." Omongane kepala sekolah iku ngagetno atiku.
 " Alhamdulillah yaAllah, aku kelebu beasiswa neng SMA iki, matur suwun yaAllah." Omonganku matur suwun marang gusti Allah SWT.
Aku langsung nemoni bapak, ibuk, lan beri neng ngarep ruang, amergo wes ngenteni aku les
 " Ibu, bapak, beri. Aku ketompo beasiswa neng SMA iki, matur suwun nggih sampun dongakne kula." Omonganku marang ibu, bapak, lan beri, ambek perasaan seneng banget.
 " Alhamdulillah nduk, bapak melu seneng, kepinginane sampeyan sampun kawujud, yaiku pengen sekolah malih." Dawuhe bapak marang aku.
 " Iyo nduk, pesene ibuk aja lali marang gusti Allah seng sampun gawe sampeyan koyok ngene saiki." Dawuhe ibukku marang aku.
 " Iyo re, aku melok seneng, selamat ya, ojo disiak - siakna tetep semangat, tetep sregepno sinau lo ya, sinau ambek aku hehe." Omongane beri marang aku ambek guya guyu, senengen.
Saben dina aku sinau, sinau lan sinau karo beri, aku ngebut materi - materi seng ogak tak ngertini, beri terus ngewangi aku terus ngewangi aku tanpa nduweni rasa kesel, ngadepi aku lan ora kerasa Ujian Nasional tiba, aku, beri lan kanca - kanca liyane ngerjakno Ujian Nasional kanti tenanan, amerga bar iki aku lan kanca - kanca liyane bakal kuliah lan ngelanjutno uripe dewe - dewe. Seminggu aku, beri lan kanca - kanca liyane ngenteni pengumuman kelulusan, akhirr aku ngentukno nilai tinggi sak sekolahan, lan alhamdulillah aku langsung keterima ing perguruan tinggi jurusan kedokteran, lan langsung entuk beasiswa sampek lulus kuliah. Atiku seneng banget, sahabatku beri kelebu perguruan tinggi pada karo aku tapu jurusane keperawatan, aku kuluah tenanan, aku moh ngecewakno bapak lan ibuk. Aku kudu lulus kuliah, lan ngentukno IP tertinggi, aku ngerjakno skripsi kanti tenanan, dina kelulusan kuliah tiba , kabeh dikumpulno, lang diceluki siji - siji, jenengky diceluk lan ternyata IPku paling duwur dewe neng jurusan kedokteran, atiku bungah banget, alhamdulillah aku iso ngebahagiakno bapak lan ibuk.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...