Langsung ke konten utama

Alfina Setyawan - Kudu Bisa Ngejar Cita-Cita


Kudu Bisa Ngejar Cita-cita
Dening : Alfina Setyawan Putri

       Desa Kembang Ayu jenenge kang dadi desa sing tak tersnani lan tak banggaake. Suasana ning desaku asri lan ora akih polusi, aku urip ning kene saka aku cilik sampe arep wayahe lulus sekolah. Aku urip ing desa iki karo bapak, ibu, lan adhiku.
       Bapakku asmine Bagus, lan ibuku Tuti lan adhiku jenenge Indah. Bapakku kerja serabutan, ibukku ibu rumah tangga lan adhiku iseh kelas 3 SMP. Aku anak lanang siji sijine sing bakal dadi panutan gae adhiku, aku nelangsa yen nyawang bapak lek wes mulih nyambut gawe, atiku rasane mbrebes mili.
         Kegiatanku saben aku libur sekolah salah sijine mbantu bapak ing sawah. Aku bangga bisa urip ayem, rukun, lan bahagia karo keluargaku, masio aku kadang iri karo kanca-kancaku kang iso ngelencer nang endi endi, tapi aku ora ngeleboke ning ati aku kudu bisa bersyukur kalihan gusti Allah sing uwes nganugrahi bapak, ibuk lan adik sing bisa ana gawe aku lan selalu bisa di ajak urip pas sara lanh seneng.
          Sore iki suasanane ora pati panas banget mumpung aku libur sekolah lan bisa anak waktu gae mbantu bapak ning sawah. Akhire aku nyusul bapak ing sawah.
"Assalamualaikum bapak , le.." omonge ibuku karo ngawa rantang.
"waalaikumsalam bu" jawab bapak lan aku
"Ayo leren ndisik bapak, ayo le leren ndisik, iki ibu gawake maem " omonge ibu
"walah bu muantepp iki"  jawabe bapak
"la indah ora melu buk?"  omonge bapak
"oalah indah sinau pak"  jawabe ibu
            Sore kuwi aku ning sawah maem karo bapak saka di ateri ibuku sawise kuwi aku bali kalih bapak.
            Ora kerasa dina wis mbalik senin maneh isuk iki rasane sueger banget ora anak polusi , ora kaya ning kota kota gede. Aku mangkat adus lan siap - siap budal sekolah. Sawise aku mari adus lan siap - siap aku mangkat budal sekolah.
" Bu, pak kulo tindak teng sekolah nggih" ujarku
" iyo le ati ati yo, ojolali moco doa" omonge ibuku
" enggeh bu, Assalamualaikum " ujarku
" Waalaikumsalam " jawabe ibu lan bapakku

         
                Aku banjur budal menyang sekolahanku. Ora kerasa dina wes sore iku tandane wayahe aku mulih sekolah. Sawise perjalanan mulih saka sekolahan aku banjur mampir sholat ashar ing masjid, sawise aku sholat banjur aku neruske perjalanan mulih.
"Assalamualaikum pak, bu.. " ujarku
"waalaikumsalam le " jawabe ibuku
"Bapak ting pundi lo bu? " ujarku
"Biasa le bapak iseh mampir ning sawah, wes le lang ijik sikil tangan ojo lali sholat"  jawabe ibuku
"Sampun sholat bu, kalawau mampir ting masjid sekedap" jawabku
"yawis le lang ganti kelambi terus lang maem yo"  ujare ibuku
"Nggih bu" jawabku
            Sawise aku ganti kelambi lan mangan, aku banjur resik-resik kamar.
"Assalamualaikum "  ujare bapakku karo njagang ontel
" waalaikumsalam "  jawabku
"lo.. Wes mulih le? " ujare bapakku
" Nggih pak nembe mawon dugi pak"  jawabku
"yawes le dilanjut resik-resik kamar e"  ujar bapakku
             Mari resik-resik kamar aku mbantu adhiku ngebarake tugas omah sambi aku karo sinau. Langite soyo suwi soyo wes peteng tandane wis dalu, aku lan adiku banjur wudhu lan mangkat sholat jama'ah karonan bapak lan ibukku.
             Sawise aku sholat magrib aku lan keluargaku banjur mangan bengi. Aku bahagia amarga iseh iso kumpul lan mangan bareng keluargaku. Lan iki sing gawe aku tetep bersyukur lan ikhlas lan ora ngersula.
" ayo indah le, ayo di maem yo"  ujar ibukku
" sak anane yo le nduk penting iseh bisa mangan bareng - bareng lan iso kumpul"  ujar bapakku
"nggeh pak, nggeh bu "  jawabku.
" apa maneh maeme bisa kalihan bapak lan ibu"  ujare indah adhiku
" alhamdulilah, wes ayo lang podo mangan, terus lang podo sinau"  ujare bapakku.
           Sawise aku mangan aku banjur sinau sambi nyinauni adhiku. Dilalah aku kepikiran karo sing tak karepke, aku bingung kudu omong piye nang bapak lan ibuku.
  "Duh.. Gusti Allah paringi kemudahan lan dalan sing apik gae masalah sing gae atiku ora ayem" ujarku
               Akhire aku maksa kudu bisa matur kalihan bapak lan ibukku, yen aku arep daftar AKPOL moga - moga bapak oan ibuku menenhi restu gae aku.
             Banjur aku arep nemoni bapak lan ibuku, tapi ibu lan bapakku ketokane iseh omong omongan sing serius, dadi aku ora bisa ganggu lan ora wani matur ning bapak lan ibu. Jam omah nujukake jam 09.30 iku tandani wes dalu , aku lan adiku resik-resik banjur mapan turu ning kamar e dewe-dewe.
"yawislah aku istirahat dhisik ae sambi aku mikir gae matur teng bapak lan ibukku, sesuk aku ya iseh sekolah lan mangkat isuk" ujarku karo buk-bukan ning kasur
     Kuuukuruyuuukkkk.... , suawane pitik keluruk sebelah omahku.
          Ora kerasa dinane wes isuk maneh, aku siap-siap mangkat sekolah. Rasane arep budal sekolah kok ora ayem kabeh amarga aku ape kondo wingi bengi kok ora sido sido.
 "bu, pak kula tindak sekolah nggeh" ujarku
" iyaa le ati-ati yo le ojo lali berdoa"  jawabe bapakku
"Assalamualaikum bu, pak"  ujarku
" waalaikumsalam "  jawab bapak lan ibuku
" Bu.., mau kenapa to anake dewe iki kok raut wajah e ora kaya biasane"  ujare bapakku
" Kenopo pak?, ketokane ora pie-pie kok pak"  jawab ibuku
" ora ngunu bu, biasane sumringah lo bu, iki mau kok koyok ora ayem kaya enek sing di tutupi "   jawab bapakku
" paling anakmu siji iku keselen pak utawa ana tugas ing sekolahan "   jawab ibukku
" yawis bu muga muga ora ana opo-opo"  jawab bapakku
          Jam wis nunjuke sore, iki tandane aku perjalanan muleh saka sekolahan.
" Assalamualaikum " ujarku
"waalaikumsalam le " jawabe ibuku
" bu aku badhe sepedahan sekedap nggih, ngilangake kesek bu " ujarku
"ganti kelambi sek le, lagek mangkat sepedahan "  jawab e ibukku
"nggeh bu"  ujarku
         Sawise aku mangan lan ganti kelambi aku banjur mangkat budhal sepedahan gawe ngilangake rasa kesel ning awakku lan rasa ora ayem. Aku sepedahan ing desa sebelah amarga aku bingung ape nang ndi. Udarane seger kan gae rasa jenuhku lan keselku ilang. Cedak jembatan ape ning dalan gede aku di endek karo mas - mas sing nyekel kertas edaran ning pinggir dalan, aku mendek lan tak waca tibake edaran pendaftaran AKPOL , atiku seneng banget lan aku langsung mangkat muleh.
"Assalamualaikum "  ujarku
"waalaikumsalam " jawab ibukku
" iki bu aku mau mari di endek wong la kok tibake mbagiake edaran pendaftaran calon AKPOL , iki cita-citaku bu pak sing tak pengenke " ujarku
         Bapakku gur meneng lan ora omong sak sejab.
" pak piye iki anakmu ape daftar iki lo " ujare bapak
" iyo bu bapak ndukung, panceno iki cita citane anakmu, tapi le bapak ora anak duwit gae daftar kuwi, meati biayane gede lan bapak ora ana duwit le" ujar e bapakku
" hmmm.. Pak niki mboten ngangge arta sekedikpun niki gratis pak mboten di pungut biaya sekedikpun" jawabku
" yawes le ne emang e ngunu, gapopo bapak ndukung le, tapi kudu berusaha sing tenanan lan sinau sing tenanan lo yo" jawab bapakku
" ijeh pak , matur suwun nggeh bu pak doa ke anakmu iki nggeh bu" jawabku
"iyo le pasti kuwii" jawab e ibukku
          Sawise rundingan karo bapak lan ibuku .sawise gang pirang minggu wayahe aku budhal menyang panggok sing bakal gawe nyeleski. Ora kerasa aku wes melbu tahap seleksi akhir iki seleksi penentuan sopo ae sing bakal bisa melbu ning AKPOL ,awakku rasane adem panas lan atiku deg-degan aku ora mendek yen aku njalok restu saka gusti Allah. Pengumuman di umumke ora nyangka jenengku di waca lan aku ringking 2 . Banjur sawise seleksi sing keterima mau di budalke ning panggok katantina utawa panggok pendidikan.
        

        
            Ora kerasa wis 7 ulan aku ngelewati masa pendidikan. Aku bangga banget karo awakku dewe amrga aku bisa mbangga ake wong tua ku lan banggake adhiku. Siswa AKPOL di wenehi waktu 3 dina gae cuti utawa muleh lan ketemu keluarga.
Aku muleh ora ngabar i bapak lan ibuku. Sawise aku nyampek mag deso ku aku banjur cepet -cepet langsung melbu omahku.
"tok tok tok.... Assalamualaikum " ujarku
" waalaikumsalam, lohh leee.. Yaaa Allah Alhamdulillah ya Allah matur suwun ingkang katah" ujar bapak lan ibuku
         Aku tekan omah sembari menenhi ibuk, bapak lan adhiku kejutan , bapak lan ibukku weruh aku langsung nangis, lan aku ora nyangka bisa ngeraih cita citaku iki kabeh berkat doa saka ibu, bapak, adhiku lan doaku sing di jabah karo gusti Allah, tampa aku usaha lan ora berdoa karo gusti Allah aku ora bakal bisa kaya ngene. Banjur pakde lan keluargaku liyane kumpul nang omahku sembari takon takon aku. Selanjute aku bisa ngeraih cita citaku kang kudu bisa mbudal ke bapak lan ibukku haji lan nyekolahke adiku ing jenjang sing duwur.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...