Langsung ke konten utama

Ahmad Zaimul - Iling Marang Dzat Kang Kuasa


Iling Marang Dzat Kang Kuasa
Dening : Ahmad Zaimul Islah

Kota Jakarta, kota kang kendaraan lan bangunan kang dhuwur-dhuwur, kota ingkang padet penghunine. Rieza urip ing kota kuwi. Sandang, pangan lan papane Rieza dicukupi karo penghasilane saking kerja ing salah sawijine perkantoran kang ana ing kota kuwi. Ing Gedung lantai sepuluh uripe Rieza mung digawe lungguh ing ngarepe layer monitor. Suara adzan kang nimbus temboke Gedung ora bisa nggugah atine Rieza kanggo ngibadah dening gusti Allah. Dheweke luwih ngaboti pekerjaane tinimbang akhirate. Banjur ing sela selaning kesibukan ana panggilan kanggo sekabehane karyawan kang kerja ing kono.
“pengumuman, sedoyo karyawan dipun aturi kagem kempal dateng ruang serbaguna! Amargi badhe wonten pengumuman ingkang penting.” Unine kang krungu ing sedoyo ruangan kang ana ing njero Gedung.
Sekabehane karyawan langsung mangkat budhal nekani ruang serbaguna, ing kono wong kang nduweni perusahaan wis jumeneng ana ngarepe ruangan.
“kulo wonten mriki, ngempalaken panjenengan sedoyo dhateng ruangan serbaguna menika badhe nyampekake informasi kang penting kanggo panjenengan sedoyo, informasine yaiku, sekabehane karyawan diliburkan sewulan, amargi Gedung menika badhe diadakaken renovasi.” Ngendikan wong kang nduweni perusahaan mau.
Rieza kang jabatane dhuwur, yaiku manajer perusahaan, banjur sumringah krungu pengumuman kang disampekaken. Dheweke akhire nduweni waktu kanggo nyelehno sirahe kanggo istirahat. Kerja lembur budhal jam pitu isuk nganti muleh jam lima sore akhire iso di endek karo libur sewulan.
“wah, lumayan suwe libure, akhire aku nduwe wektu kanggo ngistirahatno pikiran lan awak iki.” Guneme Rieza ing njero ati.
Bengi iku, samulihe Rieza saking kantor, dheweke banjur leyeh-leyeh ing kursi ruang tamu merga saking pegele kerja. Kawit isuk nganti sore ora ana lerene. Ing omah Rieza dhewean, dheweke wis ora nduwe kaluarga maneh, jodho wae kawit dek bhiyen ora teka-teka. Uripe ing omah sepi mampring ora ana kang iso diajak guneman.
“elah yo yo, urip wes mapan ngene, omah gedhe, mobil mulus, gaji sagebok, tapi ga nduweni keluarga. Sopo seng ape diuripi? Sopo sing ape disenengno? Menawa nduwe ngono, paling uripku wes ora hambar koyo ngene.” Omonge Rieza ing njero omah dhewean.
Akhire Rieza ngisi waktu senggange sinambi ndelok TV. Acara sinetron ing TV gawe Rieza nggayer. Pas enak enake nggayer, Rieza krungu swara, sing asale saka lawang omahe sing diketuki saka njaba.
“assalamualaikum, ngapunten punapa wonten wong ing omah?”
Riez sing arep keturon, banjur tangi mbukakno lawang ngarep omah kang diketuki mau. Dheweke kaget nanging bungah merga wong sing ing ngarep omah yaiku telu kanca saperjuangane wayah kuliah kang wes suwe ora pethuk.
“waalaikumussalam, lho dumadakan kowe kabeh to seng teka. Kepriye kabare syid, li, ri? Gak nyangka aku, kowe kabeh padha mrene menyang omahku, ana acara opo iki kok padha mrene?” guneme Rieza marang telu kancane seng jenenge Rosyid, Ali lan Fakhri.
“aku karo kanca kanca mrene ki kanggo nyambung sillaturrahmi marang awakmu. Iki omahmu gedhe banget yo, za! Gak nyangka aku we sak iki wes dadi wong sukses kang luwih-luwih rezekine.” Sahute Rosyid.
“iyo syid, ngene ki yo gak sia-sia kene mbiyen sinau bareng bareng, padha saling ngewangi pas wayahe ana kesusahan lan sapiturute. Yowes, ayo padha mlebu wae! Masak tamu terhormat kok dimbeno nganjir ae ing ngarep omah, kan yo saru ne di delok tangga.” Jawabe Rieza.
Ladalah sing teka omahe Rieza wong telu kang dek bhiyene kanca sak kampuse seng dek bhiyene dolan nondi-nondi bareng.
Rieza lan kanca-kancane padha begejegan nyritakno kelucuan-kelucuan kang dek bhiyen dialami bareng-bareng. Kawit kenal sampek pisah ana lampus sak bare wisuda. Rieza lan kanca-kancane sangking senenge crita-crita sampek lali wayah. Jam wis mathuk angka 12. Akhire Ali ngutarakno usulane.
“ he, ayo liburan bareng-bareng! Mumpung sak iki padha nduweni wektu luang kabeh to? Tempate karek kesepakatan wes. Mosok wes suwe ga pethuk mung ngene-ngene wae, kan yo gaono kesane.”
“iyo aku setuju wi, aku akhir akhir iki pikiranku sumpek ing kantor wae. Kepriye nek liburan menyang Danau Toba? Ketoke kok penak tempate ne di nggo nyantai nenangno pikiran. Masalah biaya gampang, aku kabeh wae seng mbayari, toh tabunganku yowes akeh tapi gak pe di nggo opo opo.” Sahute Rieza.
“wah, siap-siap. Matursuwun yo za yo.” Sahute telu kancane.
Akhire bengi kuwi Rieza lan kanca-kancane turu ra pateng karuan panggone ing ngarepe TV. Sikile pateng pethingkrangan ing dhuwure sikile kancane seng liyane.
Bengi kuwi Rieza ngelilir riyip-riyip ndelok kancane seng padha shalat jamaah bareng-bareng. Rieza banjur mbalik turu maneh lan ora nunaikno shalat wajibe. Isuke, Rieza kaget banjur jenggirat tangi merga ndelok kanca-kancane telu mau wes siyab budhal menyang Danau Toba. Dheweke langsung mangkat adhus, ganti klambi lan sapiturute. Banjur, sekabehane barang kang ape digowo dilebokno ana tas rangsel kabehe loro.
Wong papat mau akhire budhal saking omahe Rieza jam sepuluh isuk. Perjalanan kang adohe koyo ngono ora krasa marang Rieza lan kanca-kancane. Wong papat kuwi iseh ora bar-bar crito pengalaman  masa lalune. Merga saking suwene ora pethuk, pethuk pisan dipuas-puasno menisan guyone.
Sampek tekan lokasi wisata Danau Toba, Rieza langsung ngajak kanca-kancane nggolek penginapan kang penak dingo leyeh leyeh lan sing cedhak karo lokasi wisatane. Akhire, mathuk setengah jam mlaku-mlaku golek penginapan, Rieza lan kanca-kancane mandhek ana ngarepe hotel kang megah lan mewah.
“he, nyewa penginapan ndek kene wae opo piye? Ketoke tempate kok penak dinggo santai-santai nenangno pikiran, panggone yo lumayan cedhak karo lokasi Danau Toba.” Jelase Rieza.
“yowes, aku kan kanca-kanca manut awakmu wae za, toh seng nge bosi yo awakmu.” Sahute Rosyid.
“ok, brati bengi iki kene istirahat ing kene sek, sesok lagek budal keliling-keliling Danau Toba. Ok?” jelase Rieza.
“ok”.
Rieza lan kanca-kancane sepakat ape istirahat ing hotel gedhe mau. Rieza banjur pesen kamar kang ombo sing kiro kiro amot di nggoni wong papat. Anehe petugas hotele mau bingung karo sing dipesen Rieza. Rieza yo ora ngerti sebab musababe.
Ing kamar kang ombo sing dipesen Rieza mau, Rieza lan kanca-kancane padha langsung nyelehno barang kang digowo dhewe-dhewe. Awak rasane pegel kabeh lan lempok. Rieza seng jarang shalat, langsung bablas turu ing nduwure shofa kang empuk. Wayah turu kuwi, Rieza riyip-riyip maneh ndelok kanca-kancane padha shalat jamaah, banjur Rieza langsung nerusno turune maneh.
Ing njero turune, Rieza ndelok kedadean kang aneh, kanca-kancane Rieza padha njaluk tulung marang Rieza. Kabeh kancane berok-berok kelaranen merga ketali karo wesi kang panase ora ngira. Rieza bingung dhewe lan keweden. Durung sempat nulungi salah sawijine kancane mau, Kabeh kanca-kanca sengi ing ngarepe Rieza mau kegeret katut rante wesi kang garuh asal muasale. Rieza bingung lan gupoh karepe dhewe. Ujuk-ujuk awake Rieza keuncal adoh lan krungu suara kang bantere luar biasa.
“Allaaaaaaaahu akbaar, Allaaah Maha Besar. Kembalilah lan ilingo marang gusti Allah!!!”
Banjur, Rieza langsung tangi lan kemringet, awake adem njejep amerga saking keweden. Pas kuwi, ternyata wes isuk, kanca-kancane Rieza wes padha siap jalan-jalan keliling Danau. Rieza seng lagek tangi mau langsung mangkat siap-siap.
“iku mau tandane opo yo? Aku kok iso ngipi ngono bereng? Alah wes, muga-muga jalan-jalan lancar lan iso gawe nenangno pikiranku ki, toh dekmau yo kor cumak mimpi.” Batine Rieza ing njero ati sinambi ganti klambi kanggo metu.
Jalan-jalan ing sakelilinge Danau Toba nggawe atine Rieza srodok ayem lan ngelalekake ngipine sing dek bengi. Mlaku-mlaku karo kancane, lan guyon bareng gawe lali wektu. Oleh telung jam mlaku-mlaku Rieza ngejak kanca-kancane mandhek dhisik leyeh leyeh ing pesisir Danau Toba. Rosyid kang paling semangat malah nunjuk kapal kang diantri wong akeh.
“za, kapal kuwi kok ketoke rame yo? Ayok numpak bareng-bareng! Biasane opo-opo sing rame iku mesti penak.” Omonge Rosyid marang kanca-kancane.
Banjur, wong papat mau antri lan dipesenke Rieza tiket kapal kanggo wong papat. Aneh maneh koyo sing ndek hotel, petugas tikete mau masang wajah bingung marang Rieza. Rieza wes ora nggatek petugas mau. Pikire paling ekspresi ngunu iku wes biasa ing kene.
Kapal akhire mlaku ngubeng Danau Toba kang ombonegak kiro-kiro, wong papat iki ketok bungah banget sampek kapal ora ngerti sebabe kok iso bocor, kabeh penumpang panik lan oyok-oykan pelampung. Rieza lan kanca-kancane mau yo melu bingung dhewe-dhewe. Akhire telu kancane Rieza mau mencar mbuh ing endi wae parake Rieza ora ngerti.
Saking ricuhe ing dhuwur kapal, Rieza kedosok wong sampek ceblok nyemplung danau. Dheweke langsung ngelangi sak kuat-kuate ora ngerti opo seng ape dituju. Akhire, ing jarak luwih kurang satus meter, dheweke ngerti ana pelampung kang ngambang ing ngarepe. Rieza langsung ngelangi marani pelampung kuwi. Sampek thok ing panggon mau, pelampung langsung di nggo karo Rieza lan Rieza langsung semapt ing permukaan danau karo pelampungan amerga saking kesele.
Rieza kang semaput mau iseh sempat dislametno karo TIM SAR. Sadar-sadar dheweke wes tangi ing dhuwur dipane RS TOBA kang cedhak saking lokasi danau. Rieza seng lagek tangi iku, wes ora ngerti kabare kanca-kancane. Akhire muleh saka RS, dheweke ana niatan ape mastikno keadaane kanca-kancane mau ing nggone omahe wong tuane dhewe-dhewe.
Rieza kaget lan bingung merga jerene kabeh keluargane kanca-kancane mau, ternyata kanca-kancane mau mau wes kapundut marang gusti Allah telung tahun dek bhiyen. Rieza sadar ternyata wong-wong kang dipeseni kamar lan tiket sing bingung mau ora aneh, sing aneh ternyata malah awake dhewe. Banjur, Rieza sadar nek kedadean kang dialami dheweke ngilingno dheweke marang gusti Allah kang Maha Kuasa.
“astaghfirullah, ternyata panjenengan ngilingaken kulo lewat kedadean kang ora iso tak sangka-sangka koyo ngene. Kulo janji kulo bakal ngelakoni sedoyo kewajiban kulo lan ninggalaken sedoyo kang panjenengan larang.” Sesale Rieza ing njero ati.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Fakhri Najib - Niat Sing Ikhlas

NIAT SING IKHLAS!!!             Lalu Muhammad zohri iku wong sing umure 18 taun. Sing lahir ing Lombok lor,NTB, Tanggal 1 juli 2000, dheweke asale teko keluarga sing kirang saged. Ibukipun seda wonten taun 2015, lan bapak ipun seda malih ing taun 2017. Zohri ngrupakke anak wuragil saka saduluranipun.             Lalu Muhammad zohri sd ipun ing SDN 2 pamenang kulon lan nerusake ing SMPN 1 pamenang. Durung mari sekolah e ing SMP ipun. Zohri di tawari melok lomba. Zohri di anggep berpotensi lan di anggep bisa ngebanggaake sekolahe, zohri kaping akeh oleh juara teko lomba-lomba sing di meloki teko sekolah iku. Nalika bapak ibuke tahsih wonten, dekne kabeh setuju lan ngeke’i dukungan karo opo wae sing dilakoni kalian zohri, zohri pingin yen wong kabeh iku ngerti nyen dheweke iso dadi kebanggan. Yaiku ing lomba atletik mlayu 100 meter.       ...

Aida Salsabila - Kisah Ing Parangtritis

Kisah Ing Parangtritis (Dening Aida SR)             Ing pantai selatan tempate nang kota jogjakarta utara salah sawijining disebut pantai parang tritis aku,faza,lan alvi badhe budal berwisata amarga pingin ngerti kaendahan pulau iku sing kabar-kabare banyune bening lan apik pantaine.Kita ngawe rencana badhe budal dhateng dina jum'at kang muleh'e dina minggu.Rencana kita badhe turu ing pinggir pantai ndirikake tenda dewe lan nyusun rencana sing akeh gawe seneng seneng ing kana.Awale Faza ora gelem Budha amerga ora di olehi kaleh ibuk'e "He aku ora bisa melu yo awamu budhalo wong loro wae"alvi langsung nyauti "Lo..lo..lo... Kenapa awakmu ora sido melu kita uwes nyusun rencana kok awakmu ora sido Budha,gagal kabeh engko rencanane" "Iyo vi tapi piye maneh aku ora iso mekso gawe budhal amergi sing ora ngolek i niku ibuku,aku ora wani mbantah" "Pye nek aku wae sing ngizinno za?iso ae mari tak izino oleh budhal karo ibukmu"...

Indah Husnul - Ora Bakal Sia-Sia

“ Ora Bakal Sia-Sia” Dening : Indah Husnul Khotimah             Ana bocah jenenge Larasati, biasane diceluk Laras. Laras iku kelas 12 SMA. Laras nduwe rong sadulur, adhike jenenge Ayunda Maulidya biasane diceluk Lidya. Laras lahir saka kaluwarga sing sederhana nanging nyenengake. Bapake jenenge Pak Susanto lan ibue jenenge Halimah. Bapake wonge ora bisa gawe guyonan nanging bapake mesti usaha gawe ben suasana ing omah rame lan nyenengake. Ibue wong sing sayang banget marang putri-putrine lan tansah ngelingake marang putri-putrine yen sinau lan sekolah iku penting. “ Laras, rene nduk” “ Enten napa pak ? “ “ Iki lo ibumu kape ngomong “ “ Enten napa nggih bu “ “ Ngene lo nduk, sampeyan iku kudu sregep sinau, sekolah iku yo seng bener ben sampeyan   iku bisa entuk apa sing mok impiake “ “ Inggih bu. Insyaallah kula kaliyan adhik sinau ingkang sregep “, omonge Laras “ Ya wis ndang sinau nduk “ “ Nggih pak “, ...