Langsung ke konten utama

Fernando - Tiang Alit

TIANG ALIT

Dening : Fer Nando


Bengi iku aku lagi ngopi karo Pardi naliko Pak Bos telfon.

Bos, :"halo min, ngko jam jam 8 nek pasar yo karo Parmin.ngko beras e teko dang dibongkar nek panggonan biasane yo."

Aku:"loh Bos , mboten kirang to Bos,kulo kalihan Parmin mawon ?, niku pinten truk sing dugi Pak Bos ?"

Bos :"halahh...kuat kuat ..wes to..cuma 2 truk tok kok.wes yo ,samlekom."
--
Pardi:" enek opo  ? Pak Bos ngendika opo ?"
Aku :"wes ayo melu aku nek pasar bar iki."

Aku banjur ngentekno kopi karo Pardi lan tindak menyang pasar sore iku.aku mlaku karo Pardi turut dalan amargi panggon ngopi ku wes cedek karo gudang e pak bos.sesampek e nde gudang e pak bos aku ngenteni karo pardi.

Pardi :"Min , kene lo dolanan gaplek(gapple) dikek!"
Parmin :"lah iki ,cuocok pokok !, Woo patrae supir e jian tenan kok , mosok janjian e jam 8 , iki jam 9 gung teko teko."
Pardi :"halah wes gausah dipikir, wong cilik ki yo ngeneki min min."

Selak aku main karo Pardi sampek jam 11 punjul, tapi truk e Pak Bos gak teko teko.

Sampek jam setengah 12 banjur ono grombolan polisi nggerebek aku karo Pardi.kringetku mancur deres, ambekanku ga karuan.

Aku :"Wonten nopo niki pak ?kulo namung kuli pak , tiang alit pak."

Aku karo pardi bingung.

Polisi :"Sampean judi ngene loh, ngeneki ora oleh mas, ayo melu aku nek kantor polisi." 

Karo nunjuk nunjuk duwek receh susuk ngopi nek yuk Marni.

Aku :"loh pak iki duwek susuk ngopi..."

Polisi :" halah halah, wes cekel ae ki ,ndang di unggahno mobil ,gowo nek kantor polisi ae, ben kapik kowe ." 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hafiz Afif - Ting Tung Tang

Ting Tung Tang… Dening : M. Hafiz Afif Susanto uni alarm neng kamar Renatha/Ren. Ren cepet ketangi. Ren mateni alarm seraya ndeleng jam neng alarm. Ren cepet adus. dina iki yaiku dina pisan liburan semesteran. Kaluwargane nduwe arep ape nginep neng villa pantai sisan liburan menyang pantai. bubar adus, Ren ngenakake kelambi lengen cendhak werna abang jambu, kathok jeans samata sikil, kerudung werna krim, mantel abu-abu dawa, ora lali jam tangan gambar kupu-kupu mrada ugel-ugel kiwane. Bar kuwi, Ren cepet salat Subuh. bubar salat, dheweke njagakne barang-barang kanggo nginep neng villa. dheweke nggawa tase menuju mobil. “kene, Ren,” ujar Rendy -kakang Renatha- seraya ngalungguhan tas Ren neng bagasi. Rendy kabeneran ana ing bagasi mobil. “Ren, dy! sarapan dhisik kene!!” bengok bunda saka meja pangan. Ren lan Rendy menuju meja pangan. dekne kabeh sarapan roti panggang keju lan neng dhuwure ana keju cair lan jus nyangga meises. bubar sarapan, Ren ngenakake sepatu sporty werna ...

Arrafi Alhafizh - Tsunami

TSUNAMI Dening : Arrafi Alhafizh Ing Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah, cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan. Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki. Yen pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan utawa ing nek omah wae. “Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo bal-balan”. Omonge Rudi. “Ayok Rud”. Sautku ning Riski.             Sawise ing lapangan, aku lan Riski wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan ...

Adib Haidar - Tulung Tinulung

Tulung-Tinulung Dening : Adib Haidar Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek. Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku pod...