TSUNAMI
Dening
: Arrafi Alhafizh
Ing
Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah,
cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing
lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku
musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan.
Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki.
Yen
pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln
kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan
utawa ing nek omah wae.
“Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo
bal-balan”. Omonge Rudi.
“Ayok Rud”. Sautku ning Riski.
Sawise ing lapangan, aku lan Riski
wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara
adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing
ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan wae aku ugo lali kewajibanku
yaiku shalat.
“Allahu akbar ... Allahu akbar....”
(suara adzan ashar saka masjid).
“Rud, ayo shalat ndisik !”. omongku
menyang Rudi.
“Iyo Ris, ayok shalat kek”. Sautku
menyang Riski.
Sawise ing masjid aku banjur shalat
ashar, sawise shalat aku ing lapangan. Aku lan kanca-kancaku banjur banjur bal-balan
ana ng lapangan. Yen krungu swara qiea’ah aku lan kanca-kancaku gagenan mulih
ana ing omah dewe-dewe, lan yen bengi aku lan kanca-kanca menyang ana ing
masjid kanggo shalat lan ngaji, sawise iku banjur muli lan sinau ana omah
dewe-dewe. Keisukan arine aku lan kanca-kancaku nglakoni aktivitas kaya
biasane.
Sawise mulih sekolah, awan ikuk
hawane panas banget kaya dina wingi kae. Panase nemen banget sampe bledug miber
ana ing endi-endi. Saking hawane panas, sampek ana kebakaran ladang ning desa
sebelah. Lan akeh kewan-kewan kang mati amerga kekeringan sainggoa angel entk
banyu lan angel entuk mangan kayana sesuketan lan liyane amerga wit-witan lan
woh-wohan pada mati.
Musim ketiga ues seminggu iki. Yen
ora udan Kuta Aceh iki isa sengsoro banget
amergo uga ana banyu babarblas. Kuta Aceh wektu iku pol sengsara banget
lan kekeringan banget.
“Ris”. Omonge Rudi.
“Apa Rud ?”. sautku.
“Kok nusin ketiga iki kok ugak bar-bar
yo, Ris?”. Takone Rudi.
“Lha iku Rud, aku ogak ngerti ya”.
Jawabku
“Opo iki pertanda tekan gusti Allah SWT
ya, Ris ?”. takone Rudi.
“Husst. Omonganmu Rud, ojo ngana, kabeh
iki enek maknane”. Sahutku cepet.
(Allahuakbar ...
Allahuakbar.... unine azdan soko Masjid Nur)
Aku lan Rudi
langsung gagenan muleh nang omah dewe-dewe. Sakbare shalat aku dikogkon bapak
ku tunbas soto cedake Masjid Nur, pas perjalanan tumbas soto akuk diceluk Awis
sak geng e nek lapangan sebelahe Masjid Nur, aku mampir merono.
“Ayok
Ris, bal-balan kene mbek cah-cah”. Ajake Awis
“Yo
ayok”. Sahutku cepet.
Banjur aku lankanca-kancaku
bal-balan ana ing lapangan, akhire aku lali karo omongane bapakku nek yen
dikongkon tuku soto.
(Allahuakbar
....... Allahuakbar ....... unine adzan maghrib).
Aku langsung
mendek bal-balan seraya njukuk sendal menyang mulih. Nek tengah dalan ana Rudi
sepedahan buanter ogak sengaja lewat nek ngarepku.
“Hoiii, Rud !!”. jeritku kenceng
Rudi langsung ngerem ndadak hampir
tiba.
“Ana apa, Ris. Ngageti wae kon iku
rek ???”. jawabe Rudi .
“ Bar tekan endi awakmu ?. lapo kok
kesusu kayak ana maling ?”. tanyaku spontan.
“Iku Ris, bapakku mbakku nyidam Soto ne
Pak Ja’i”. Jawabe Rudi seraya ngayuh sepeda menyang mulih ninggalke aku.
ZLEEBBTTSS !!! Rasane kaya
disamber bledek, kelingan peenane bapak dikengken tumba soto pinggire masjid.
Langsung aku mnlayu mulih. Sak wise tekon omah aku wedi lan gugup karo bapak.
“Ris, tekan endi ae awakmu kok yehmene
lagek balik?”. Suarane bapak muncul teka njero kamar.
“Aku kaget, terus njawab spontan. Tekan
bal-balan, Pak”. Jawabku wedi lan gemeteran.
“Lah sotone endi, Ris?”. Takok bapakku
lan radak srengen.
“Iku, Pak. Hmmm........” Aku wedi lan
gemeteran.
Bapakku langsung
lungguh ndek kursi an mbuka i koran, koran e diwolak-walik nggoleki berita seng
anyar. Nalika bapak mbukaki koran, aku meneng ae kaya patung ogak wani
lapo-lapo.
“Le... nek dikeki amanah kui dilakoni,
aja kok nglelalekke. Apaneh ninggalke !!! aja pernah neh”.
“Inggih, Pak”. Jawabu lirih.
“Wis lang adus le ... le ... lang shalat
nek masjid”. Sahut ibuku.
“Inggih, Buk. Maaf nggeh, Pak. Riski pun
ngecewake bapak”. Jawabku lirih.
“Wis-wis lang adus”. Perintahe bapak
cepet.
“Oke, siap komandan”. Eiski langsung
mlaku nek kamarmandi .
Bapak karo ibu
ngguya-ngguyu mesem, sakwise aku metu tekan kamar mandi bapak nyeluk aku.
“Ris, lang mreneo”. Pinta bapak
ngerti aku metu tekan kamar mandi.
“Ana apa, bapak”. Jawabku.
“Minggu ngarep gelem melok bapak ibu
ning Masjid Istiqlal?”. Sahut ibu.
“Ana acara apa no, pak?”. Takokku
singkat.
“Ora. Cuman bapak karo ibumu pengen
shalat nek kono”. Sahute bapak.
“Hmmm... Insya Allah Pak/buk. Nek gak
males, hehehe”. Sahutku. Aku langsung banjur salin, langsug ke masjid.
Sawise
ning masjid aku, Bapak lan Ibuku shalat lan ngaji ana ing masjid kana. Sawise
iku udan ana ing Kutha Aceh.
“Alhamdulillah Ya Allah, akhire udan
ya Allah..”. omongku
“Alhamdulillah ya Allah...”. omonge
Bapak lan Ibu bebarengan.
Ambune
lemah sing kena udan seger banget. Sampek ambune mlebu ana ing njero masjid.
Saya suwe udane saya deres banget sampek-sampek krungu suara gluduk sing
banter. Suarane sampek jedar-jedaor kaya mercon, nganti nggawe ariku ndredeg
banget.
“JEDOOORRRR!!!!!!!”. Suarane gludug sing banter banget.
“Astagfirullah....!”. omonge ibuku
nyebut amergo kaget.
Saya
suwe saya deres lan udane awet ogak bar-bar. Aku lan Bapak, Ibuku iridan lan
ndunga ing masjid supaya diberi keslametan, amergo udane deres lan gludug. Saya
suwe udane dibarengi angin, wale angine alon nanging saya suwe angine malah
banter banget.
Unine suara genuruh kating
jedar-jedor. Ogak suwe kerungu suara sing aneh lan medeni.
“Tulung...tulung...tulung....tulung...!!!”.
suarane para warga (njerit).
“Tulung.....ana
Tsunami....tulung....tulung....tulung...!”. suarene warga.
Para warga pada mlayu. Ana sing
mlayu ngulon, ngetan, ngidul lan ngalor. Pata warga pada bingung nylemata awake
dewe-dewe tapi sio-sio, akeh warga sing pada kerut banyu, kelem, ketiban
bangunan lan liyane. Aku Cuma iso ndunga ning njero masjid karo Bapak lan
Ibuku, aku ndungo karo nangis. Ogak ana sing isa tak lakoni ning masjid kcuali
ndunga njaluk pertulungane gusti Allah. Wektu iku lemahe pada obah kabeh, banyu
segara pada nyiprat lan mlebu ana ing njero masjid.
“Ya Allah. Selameto kula sak
keluarga, Ya Allah ..!”. dungane Ibu lan Bapak (nangis).
Jerite warga,
suara ombak, suara angin, lan suara angin sing medeni banget. Aku uga isa
mbayanga yen ana bencana iki. Sekitar 1 jam luweh aku, bapak lan ibu ana ing
njero masjid. Suara ombak, angin lan gemuruh uwes mendek nanging ning ngarep
masjid ijek ana banyu kang mblabar ing endi-endi. Aku, bapak lan ibu metu saka
masjid lan ana ing terase masjid, aku bapak lan ibu ngerti yen tsunamine uwes
mendek. Atiku seneng lan ayem banget amerga gusti Allah ues ngerungoka dungaku.
Sak nalika aku, bapak lan ibu sujud ana ing teras kanggo rasa syukurku marang
gusti Allah.
Akhire aku, bapak lan ibulu selamet
saka bencana iki, bencana kang dahsyat lan medeni banget. Aku ogak bakalan lali
karo kedadeanki lan aku bersyukur banget marang gusti Allah.
“Maturnuwun gusti Allah”. Omongku
(nangis).
Komentar
Posting Komentar