Langsung ke konten utama

Putra Dwi - Lemah amarga Hati Kuat amarga Hati


Lemah amarga Hati Kuat amarga Hati
Dening : Putra Dwi Pratama

            Ing jaman semana iku Pangeran Asoka terlair ing Ndesa Pataliputra, sakwise umure 16 taun dheweke diajak kaleh Acharya Canakya ing kerajaan kangge sinau ing pendidikan kerajaan. Asoka ing semana kui durung eruh menawi Raja Bindusara iku bapak’e lan Susima iku mas tirine.
              ”Hey... anak’e nelayan sapa jenengmu?”, takonne Susima
              ”Jenengku Asoka”, (raut rupane nantang) jawab’e Asoka
Sakwise iku, bolak-balik ibuk’e Asoka menyang ing Kerajaan Patma ingkang ketemu Raja Bindusara sing ninggalake Dharma ibuk’e Asoka semana suwene iso ketemu maleh. Semenjak iku Asoka dai pangeran ing Kerajaan Patma.
            Sakwise kui Asoka nduweni adek kandung siji-sijine sing jenenge Witthasoka, dheweke ndueni kepinteran ing perang lan dadi cucu kesayangan’e Mbah’e Raja Candra Gupta Maurya.
             ”Cucu kulo Witthasoka, ayo mrene o Nak!”, omonge Candra Gupta Maurya
             ”Mbaheeee”, (mlayu lan ngerangkul mbah’e) jawab’e Witthasoka
Mila sementara kui Asoka peningkatan dadi wong ingkang prajurit ulung sing sempurna lan wong negarawan kondang, Asoka dadi pimpinan beberapa regimen tentara Maurya, sakwise kui Asoka dadi terkenal ing ngendi-ngendi wilayah kekaisaran lan nggawe mas’e kabeh meri amarga cemas dheweke bisa dipileh Bindusara dadi maharaja sakteruse. Mas’e sing tuo dewe yaiku pangeran Susima yaiku putra mahkota ingkang pertama kui mbujuk Bindusara gawe ngirim Asoka nyelesaiake tangungan ing Taxilla sing ana pemberontakan, singmana gubernur’e yaiku Susima.
              Taxilla yaiku daerah ingkang bergejolak amarga rakyat’e niku yaiku suku bangsa Yunani-India sing rusuh terus perang lan amarga Susima ora tanggung jawab, amarga kui daerah iki akeh milisi-milisi sing ngancam keamanan lan ketentreman. Asoka gelem lan ngatasake daerah niku sing dilanda huru-hara.
             “Bapak, Asoka kirimake ten Taxilla dheweke mesti bisa ngatasake masalah   pemberontakan”, omong’e Susima nyaranake bapak’e
“Saran sing apik Le, Bapak arep ngirim Asoka lan pasukanne ing Taxilla”
Sakwise ngrungokake crita Asoka arep dateng ing Taxilla dheweke kabeh lan pasukan’e, dheweke ditampi hormat angsal para milisi ingkang mbrontak lan pemberontak bisa diselesaiake tanpa menumpahake darah. Provinsi niki ing sawijining dina mbrontak maleh ketika Asoka memerintah nanging ing sawijining ditumpas angsal tangan wesi. Kedadosan Asoka nggawe Mas’e nipun cemas amarga arep dadi penerus raja sakteruse sahingga Susima ngehasut bapak’e lan nggawe rencana kanggo Asoka emosi , ora bisa ngendaliake diri.
            “Woy anak’e wong nelayan, ibukmu ngrayu bapakku Bindusara ben bisa dadi ratu ha!!!?, takon’e Susima
“Awakmu oleh ngehina awakku tapi ojo ibukku, whaaaaa... Susima....!!!!!”, (nusukake pedhang ing wethenge Susima) jawab’e Asoka
“Asoka .... minggatto saka kerajaanku iki!!!!!”, omong’e Bindusara
Pada dasar’e, Asoka dewe oralah wong ingkang ambisi ngroyok tahta mahkota raja, masio kehebatan’e ing peperangan uwes ngebuktiake menawa dheweke pantes dadi raja.
“Anakku Asoka ora wong sing berambisi ngroyok tahta,  Susima”, Dharma ngomong kaleh Susima
“Ibukku saget gesang tanpa Ibuk”, (nangis nganti geru-geru) ngomong kaleh Dharma
“Anakku, Ibuk ora pingen ndelok awakmu terus-terusan gelut kaleh dulur-dulurmu sing ngeroyokake tahta Magadha”,(nangis lan ngerangkul Asoka) jawabe Dharma
Asoka pun minggat ninggalake kabeh sing ning Magadha. Ing tengah pengembaraan’e nikulah dheweke petuk Putri Kuurwakhi sing kasebut Satriani Kalinga, wong wadon niki yaiku ksatria lan sawise dheweke kabeh pada tresnane, nanging kahanan kudu misahake Asoka lan Kuurwakhi.
“Dadi’ake pedhangmu iku bahagiaan saka awak, merga penantian lan wewedenan arep tiada maleh”, (bisik’ake Asoka ing pipi Putri Kuurwakhi ingkang abang lan mesem sedih)
Tresna ingkaang mempertemuake Asoka kaleh Putri Kuurwakhi lan tresna nggeh saget misahake dheweke. Sawijineng dina akhire tresna niku nemuake dheweke loro kui nanging ingkang kahanan pertempuran Asoka lan Putri Kuurwakhi lan akhire dadi siji maleh ing tengah crita tresna dheweke mlebu Devi ingkang ora sengaja mlebu ing uripe Asoka utawa dadi bojone Asoka lan Devi ingkang nglahirake putrane Asoka ingkang nomer siji. Crita tresnane niki Asoka lan Kuurwakhi ingkang kandas amarga perpisahan lan bujuk daya intrik kerajaan. Banjur dipertemuake maleh ing medan perang ingkang hadap-hadapan siji karo liane, dadi ksatria ingkang pada mungsuhan.
            Asoka dadi legenda amarga mateni kabeh dulur-dulur’e nipun, amarga uwes mateni Ibuk’e Asoka yaiku Dharma, ing kahanan murka, Asoka nyerang kerajaan Pataliputra ingkang didiami dulur tirine Asoka lan memenggal sirah dulur-dulur’e terus diguwak ing sumur. Ing wektu kuwi akeh wong ingkang ngarani Canda Asoka yaiku “Asoka si-pemateni lan ora kenal welas asih”. Sakwise kui Asoka kilingan kahanan iki ingkang mbutuhake raja, akhire Asoka dadi rajane. Endapan ambisi ingkang gedhe Asoka semana suwine kesimpen perasaan iki. Akhire ora ketahanake maleh, endapan pingen berkuasa iku mbledos kayata magma gunung sing ngetokake isine lahar lan ndadiake ngelak arep kuasaan. Ngelewati pedhang pusakane ingkang kelabatan mrono-mrene dheweke ngalahake musoh-musohe ing medan siji menyang nitih jaran ing medan liane lan nasib nggowo Asoka dadi wong sing bisa ngalahake para raja lan Asoka dadi raja kang kuat dhewe.
“Kula arep dadi raja ingkang teragung ing bumi iki, luwih agung saka Raja Bindusara lan luwih kuat saka Candra Gupta Maurya”, ngomong ing Devi
“Iki tresna model piye ? urip masio uwes mati, Kuurwakhi dewe ingkang ana ing atimu, lara tresnamu ora bakal mbiarake urep utawa mati”, jawabe Devi
Kebengisan Asoka iku teka lantaran tresnane ora kesampaiake karo Kuurwakhi. Banjur melampiasake murka ing peperangan lan mateni wong sing ora nduwe salah lan Asoka wanine nglakoni apa wae gawe menangke perang. Tresnane Kuurwakhi dianggep dadi sumber kekuatan gawe ketewasan para wong-wong ingkang ning sakitare terutama musoh-musohe
“Kula arep menawi anak kula mbukak mata dheweke ndelok sing dudu kematian lan omongan sing pekikilan lan raungan kelaran”, omonge Devi
            Banjur perang ingkang akhire yaiku ing Kalinga ingkang newasake 100.000 prajurit Kalinga lan 10.000 prajurit Asoka ing perang nikulah Asoka dipertemokake kaleh Kuurwakhi ingkang dikirane uwes mati.
“Kuurwakhi ing ngendi wae semana suwene awakmu? kula krungu awakmu uwes tewas, kula ngrasa sedih lan kilangan”, omonge Asoka ing Kuurwakhi
“Awakmu uwes ceblok ing nduwur kesugihan, kula ora bisa mbiarake awakmu menang!!!”
“Kula uwes dadi Raja ingkang teragung lan pemerintah ingkang terkuat, kula uwes menuhake kabeh, kula uwes ngrusakake kabeh, kula nyesel”
Penyesalan nipun ingkang njeroni nggawe Asoka pindah Agama Budha lan dheweke nggawe jabatan nipun gawe nyebarake Agama Budha seadoh Roma lan Mesir, akhir crita Asoka dadi bahagia dheweke nduweni akeh ratu lan putra-putri.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hafiz Afif - Ting Tung Tang

Ting Tung Tang… Dening : M. Hafiz Afif Susanto uni alarm neng kamar Renatha/Ren. Ren cepet ketangi. Ren mateni alarm seraya ndeleng jam neng alarm. Ren cepet adus. dina iki yaiku dina pisan liburan semesteran. Kaluwargane nduwe arep ape nginep neng villa pantai sisan liburan menyang pantai. bubar adus, Ren ngenakake kelambi lengen cendhak werna abang jambu, kathok jeans samata sikil, kerudung werna krim, mantel abu-abu dawa, ora lali jam tangan gambar kupu-kupu mrada ugel-ugel kiwane. Bar kuwi, Ren cepet salat Subuh. bubar salat, dheweke njagakne barang-barang kanggo nginep neng villa. dheweke nggawa tase menuju mobil. “kene, Ren,” ujar Rendy -kakang Renatha- seraya ngalungguhan tas Ren neng bagasi. Rendy kabeneran ana ing bagasi mobil. “Ren, dy! sarapan dhisik kene!!” bengok bunda saka meja pangan. Ren lan Rendy menuju meja pangan. dekne kabeh sarapan roti panggang keju lan neng dhuwure ana keju cair lan jus nyangga meises. bubar sarapan, Ren ngenakake sepatu sporty werna ...

Arrafi Alhafizh - Tsunami

TSUNAMI Dening : Arrafi Alhafizh Ing Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah, cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan. Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki. Yen pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan utawa ing nek omah wae. “Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo bal-balan”. Omonge Rudi. “Ayok Rud”. Sautku ning Riski.             Sawise ing lapangan, aku lan Riski wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan ...

Adib Haidar - Tulung Tinulung

Tulung-Tinulung Dening : Adib Haidar Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek. Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku pod...