Langsung ke konten utama

Hizwa Naufal - Sing Menang Sopo?


CERKAK
“SING MENANG SOPO?”
DENING : HIZWA NAUFAL MUHAMMADI

            Ing dino kuwi sekolah rame banget pekorone arep diadakake pemilihan pengurus OSIS tahun iki, ing tahun iki sing arep munggah dadi calon ketua lan wakil ketua OSIS yaiku ono 3 calon teko nggone kelas suwelas lan sepuluh. Nomer siji jenenge Adi lan Wahyu, nomer loro jenenge Hardin lan Bayu, nomer telu jenenge Tika lan Deni. Masing-masing teko calon nduweni karepe dewe-dewe gawe nyalonkan diri dadi pemimpin setahun mengarep.
            Awan kuwi, Kabeh ketua kelas 10 lan 11 diceluk ning ruang TU. Panggilan iku kanggo menehi pawarta yen ngko sore ana kumpulan kanggo pemilihan Pengurus OSIS ing gazebo kulon. Ketua kelas bali menyang kelase dhewe lan maringi pawarta iku. Aku ora sabar ngenteni mulih sekolah mengko
           Teng teng teng..
Bel mulih wes muni, aku lan kanca -kancaku enggal budal menyang gazebo kulon. Gak nyan -nyana pesertane akeh. Banjur iku, kabeh "calon pengurus" lungguh ngenteni pawarta saka panitia OSIS sing anggotane kakak kelas pengurus sadurunge. Acara ganti jabatan OSIS iki luwih sering diarani Reorganisasi, sing iso dieloki kanggo kabeh bocah kelas 10 utawa 11 seng minat dadi pengurus setaun mengarep.
            “Dadi mengko sing arep daftar iso njaluk formulir e nek nggone Kak Fahim! Terakhir sesok..”
            jere salah siji kakak OSIS sing sak ilengku asmane Kak Dewi. “Mengko tes e ana 3. tes tulis, wawancara, lan tes lapangan. Dadi adek-adek kudu siap melu tes e kabeh ben nilaine apik lan iso ketrimo dadi pengurus setahun mengarep.. Ono sing ape ditakokno ra?” tambah Kak Agung, Ketua OSIS sadurunge.
         Kabeh bocah podo diskusi dewe - dewe.Adi sing kawit awal wis pengen dadi Ketua OSIS, angkat tangan lan maju mengarepe. “Kak, misale yen kepengen dadi Ketua OSIS.. syarat e opo wae?” takone Adi kanthi kendhel. Langsung bocah bocah seng ana nang gazebo mlengak ning Adi. “Syarate bocahe kudu pinter, peringkat 5 besar kawit kelas sepuluh. Terus rajin ibadah lan siap ngabdi kanggo organisasi” jawabe Kak Agung.
      “Halah, aku wes nggenepi kabeh syarat kuwi kak.. gampang!!” ora nyana, Adi njawab kanthi rasa gumedhene. Dheweke sing wes dikenal  gumedhe  lan menang dhewe langsung disauri karo kabeh wong ning kana iku,
            “HUUUUUU!!!!!”. “Opo? Kenopo kabeh podo nggumun? Kan ancene aku ki yo pinter, yo peringkat tur yo rajin ngibadah” pancene bocah kandhel wajahe isih durung ngrumangsani anggone njawab. “He, we rapantes dadi pemimpin!! Urung mimpin ae wes sombong ngono lhee.. kepriye anggonmu lek wes dadi” Salah siji bocah ngadeg lan nambahi.
            Ngerti yen wes ora karuan ngene, Kak Agung maju lan nyudoni kabeh. “Wis-wis, Adi ndang lungguh mbalik nang nggonmu mau, saikI!” Kak Agung  rodok nyentak marai kelakuan e Adi         sing wis ora ngrumangsani.
            Adi akhire mbalik nang panggon lungguh e mau, masio bar dielek-elek karo wong akeh maeng karepe ndee dadi ketua OSIS ora sudo. Dheweke mbatin, “Awas we sesok nek aku dadi, ra tak kei jatah konsumsi pokok!!”
            Akhire kumpulan wes rampung lan kabeh calon pengurus wes podo mulih kajaba Adi. Tekan adoh aku ngerti dheweke nyedek marang salah siji  kakak kelas sing dadi panitia pemilihan.
            “Kak, kak..nyuwun sewu.” Adi nyeluk salah siji kakak kelas sing enek nek kunu. “Enek opo, lho awakmu kok du rung mulih?” jawabe kakak kelas kui nganti heran. “Iyo kak, arep enek sing tak omongno nek sampean ki” Adi njawab. “Oh, iyo dek. Bariki yo." Kaka kelas mau isih mberesi kapreluane banjur Adi lenggah nganti sabar ngenteni.
            Sawise kakak kelas rapat masalah acara kuwi, kakak kelas mau lungguh karo Adi ning gazebo kulon. Lang wong loro wi koyok e arep ngomongno masalah pencalonan ketua “Ono opo dek?” takon kakak iku. “Oh iyo, kak.. gapopo, cuman pengen kenalan tok.” Adi njawab karo ngguya ngguyu. “Oh, jenengku Azam dek, kowe lak Adi sing mau dibantah wong akeh kuwi leh?” Kak Azam langsung wenehi jawaban iku.
            Ngerti yen disauri ngunu, raine Adi langsung brubah “Halah kak..kak! Opo to.. kok lagek kenal langsung ngonokne aku koyo ngono” . Kak azam malah ngguyu karo nyemauri Adi, “Hahahahaha... ora-ora, santai wae lah!.. lho uwis to, cuman ape kenalan tok?” Saiki, Adi raine dadi srius kaya arepe ngomongno kepentingan negoro, “Iyo wes, dadi aku ono perlu ki kak..” “Ono perlu opo dek? “Lha.., aku kan sajane pengen dadi ketua OSIS to, lha sampean iso ngewangi to gak?”. Krungu jawaban kuwi, Kak Azam wes nyana mesti ana apa apa “ngewangi pie? Aku panitia soale, ngko nek ana opo-opo ngko kenek e neng aku” “Yo tulung kak, dadikno aku ketua OSIS to, Kak..” Adi masang rai kanthi welas, ben panjaluke ditampa karo Kak Azam. Kak Azam asline wes ngerti opo sing arep dilakoni karo Adi tapi dheweke ethok-ethok ora ngerti.
            “Yawis!! Awakmu njaluk diiwangi koyo pie dek?” Kak Azam njawab. “Sek, aku takon.. sampean neng bagian opo kak pas pemilihan?” “Aku bagian nyetak surat suara lan ngitung” Wis kaya keceblokan duwit, atine Adi bungah ra karuan, ngguyu-ngguyu dewe krungu Kak Azam muni nek dheweke sing nyetak surat suara lan ngitung. Nah akal bulus e Adi sing arep ndadikno Kak Azam  “Mesin Kemenangan” Adi sesok pas dina pemilihan.
“ Lho, awakmu kok ngguya-ngguyu dewe.. enek opo ki hayo? “ Kak Azam semaur karo nggudo Adi “ hehehe.. Ora kak..” .Saiki Kak Azam sing giliran srengen“Haduh kowe ki enek opo to, ndang omong cepet! Selak srengengene mudun”
“Lhaa, dadi ngene lho kak.. Sampean tak ajak kerjasama gawe memanipulasi jumlah surat suara sing enek neng nggone njerone kotak suara mengko wi. Dadi sampean tugase nyetak surat suara sing luwih akeh teko Daftar Pemilih Tetap (DPT) sing wes ditentukno karo panitia”
Kak Azam sing wes paham karo polahe Adi sing arep nglakoni dalan kiwo pas pemilihan, akhire nduwe trik dewe gawe ngontrol sipat gumedhene Adi
            Dina – dina wes diliwati, mulai tes tulis, tes wawancara, tes lapangan wes dilakokke. Adi sing mulai awal wes percaya diri mergane dekne sing bakal menang. Adi ngerjakne soal karo sombong, lan nyepelekno. Marai anggone dekne wes karoan menang
            “Halah.....gampang ngenek, soal ecek!!” Adi ngomong ngono karo nyombongno awake dekne. “Wooo... Sombong we ki!! Rung karuan dadi!!..” salah siji koncone sing podo-podo melu tes OSIS mbengoki Adi sing sombonge sundul langit . “He, iki lo aku wes bar! Masamu?” balik, Adi ngomong marang kancane kuwi.
            Kak Agung sing dadi ketua OSIS sekaligus ketua panitia pas iku godek-godek marang sifat lan prilakune Adi.
            “Haduh, ra beres ki cah.... Gak bakal sekolah iki nduwe pemimpin sing koyok ngene” Gumam e Kak Agung. Kak Agung karo pas krungu lek Adi nglakoni hal-hal sing koyo ngono. Akhire Kak Agung ngajak rapat panitia kelas 12 kabeh kanggo mbahas masalah iki pekorone dee wis dadi salah siji teko kandidat OSIS sing bakalan maju dadi ketua. Tapi pas kui Kak Azam lagi nyetak surat suara kanggo pemilihan.
            Akhire dino pemilihan ketua lan wakil ketua OSIS wes teko, Kak Azam sing wes nyiapno luwihan kertas surat suara kanggo menangno Adi. “Piye kak? Aman..?” takok e Adi “Siap, Amann!!” jawabe Kak Azam. “Oke, siap..!”.
            Akhire pemilihan berjalan kanthi lancar lan aman. Sampai akhire pas pemilihan wis bar, lan wayahe pengitungan. Adi wes ngeroso aawake bakal menang, akhire penghitungan dimulai lan kabeh siswa pada ndelok. Penghitungan akhir dimenangno karo Adi lan Wahyu, Adi lunjak-lunjak soale dekne wes menangno lan dadi ketua OSIS setahun mengarep.
            Tapi enek salah siji panitia sing gak iso nrimo Adi dadi ketua OSIS, soale enek kesalahan neng penghitungane. Jumlah Daftar Pemilih Tetap (DPT) sing ditokno resmi soko panitia pemilihan OSIS ora podo jumlahe karo jumlah total suara sing enek ndek penghitungan. “Waduh, ki enek manipulasi suara iki.. enek sing curang...” Kak Agung gumame. “Wes penghitungane diulang wae!” Kak Agung sing bertindak sebagai ketua Panitia njaluk kepastian marang hasil penghitungan.
            Akhire, penghitungan diulang mbalik sesuai karo DPT resmi soko panitia, lan ternyata menangno Hardin lan Bayu. Kak Azam terus nemoni Kak Agung gawe njaluk sepuro nek misale terus terang Adi njaluk diiwangi gawe dekne menangno pemilihan. Sampek kepilih e Hardin, enek sing ngomong “SOPO SING MENANG?”.






Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hafiz Afif - Ting Tung Tang

Ting Tung Tang… Dening : M. Hafiz Afif Susanto uni alarm neng kamar Renatha/Ren. Ren cepet ketangi. Ren mateni alarm seraya ndeleng jam neng alarm. Ren cepet adus. dina iki yaiku dina pisan liburan semesteran. Kaluwargane nduwe arep ape nginep neng villa pantai sisan liburan menyang pantai. bubar adus, Ren ngenakake kelambi lengen cendhak werna abang jambu, kathok jeans samata sikil, kerudung werna krim, mantel abu-abu dawa, ora lali jam tangan gambar kupu-kupu mrada ugel-ugel kiwane. Bar kuwi, Ren cepet salat Subuh. bubar salat, dheweke njagakne barang-barang kanggo nginep neng villa. dheweke nggawa tase menuju mobil. “kene, Ren,” ujar Rendy -kakang Renatha- seraya ngalungguhan tas Ren neng bagasi. Rendy kabeneran ana ing bagasi mobil. “Ren, dy! sarapan dhisik kene!!” bengok bunda saka meja pangan. Ren lan Rendy menuju meja pangan. dekne kabeh sarapan roti panggang keju lan neng dhuwure ana keju cair lan jus nyangga meises. bubar sarapan, Ren ngenakake sepatu sporty werna ...

Arrafi Alhafizh - Tsunami

TSUNAMI Dening : Arrafi Alhafizh Ing Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah, cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan. Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki. Yen pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan utawa ing nek omah wae. “Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo bal-balan”. Omonge Rudi. “Ayok Rud”. Sautku ning Riski.             Sawise ing lapangan, aku lan Riski wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan ...

Adib Haidar - Tulung Tinulung

Tulung-Tinulung Dening : Adib Haidar Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek. Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku pod...