Langsung ke konten utama

M. Aisy - Sepatu Kulit Mancanegara


Sepatu Kulit Mancanegara
Dening : M. Aisy Dhiya Ulhaq

            Dino iku Salsa seneng gak ketulungan amargi deweke wis kaping telu iki dadi juara kelas. Salsa iku pancen bocah sregep,ramah,lan apik atine. Dino iku bapake kondur saking mancanegara mbeto hadiah kanggo Salsa amargi putrine juara kelas. Bapake mbeto hadiah sepatu limited edision saking China. Salsa seneng banget kaliyan bapake. Salsa janji bakal njogo sepatu kuwi.
            Ing sawijining dinten, sekolah salsa ngadakake Maulid Nabi Muhammad. Khanti bungah salsa ngangge sepatu hadiah saking bapake. Konco –koncone salsa podo alok “sal.. walah sepatumu sangar tenan . sepatu tekan ndi kuwi ?”Omonge salah siji koncone salsa”iki Hadiah saking bapaku saking china . nek Indionesia gak ono lho cah”.sak bare acara maulid nabi, salsa dolanan nek kelas bareng kanca-kancane . amaerga wes bel mulih, salsa cepet-cepet mulih sampek lali nek separtune isih keri nek rak ngarep kelas . pas tekan omah salsa lagek nyadar nek yen bocah e mulih nyeker “lho sepatuku nondi ? masyaallah kari nek rak ngarep kelas “.salsa bingung , wedi nek sepatu saking bapake ilang di jupuk wong . isuk e salsa budal sekolah . tekan sekolah salsa langsung ngoleki sepatune nanging sepatune wis ilang . salsa bingung ngolek i rono rene ora ketemu ”yaallah.. sepatuku ilang piye iki..?” salsa nangis dernginging nek ngarep kelas banjur kanca-kancane podo marani.”wes sal ojo sedih “.”kuwi sepatu saking bapak, aku janji bakal njogo kuwi “.salsa ngomong karo nangis . bel mlebu sekolah wes muni . banjur salsa lan kanca-kancane melbu kelas.
            Wes telung sasi sepatune salsa ilang. Saben ditakoni bapake nandi sepatune salsa terus mbijuk marang bapake “ nduk, sepatune kok wes gak tau digawe? “.” Disilih rencang kula pak”. Salsa sedih, bingung lan keweden.
            Suwe suwe salsa wes lali marang sepatune. Pas ono acara sekolah salsa ora sengojo ngawasi sepatune selena bocah kelas XII IPS 1. Salsa mikir “ kok koyo kenal karo sepatu kuwi ya?” salsa curiga yen kuwi sepatune seng ilang biyen. Amarga sepatu iku ora ono nang Indonesia. Salsa soyo suwi soyo yakin yen iku sepatune opo maneh ditambah ono tulisan China ing ngisor e logo sepatu. Salsa karo konco koncone nduwe niatan kanggo nakoni selena. Tapi salsa lan konco koncone bakal golek bukti ndisik. Sak dueunge nakoni salsa nggolek bukti saking konco koncone selena.
            Salsa lan konco-koncone wes ndwe cukup bukti kanggo nakoni selena . salsa ndeweni nakoni selena pas mulih sekolah. Bel wes muni . banjur salsa lan konco-koncone ngteni selena nang parkiran motor mburi sekolah . wektu selena teko salsa banjur nyedaki
“sel.. reneo aku arep takon”
“ono opo sal?”
“sebener e aku ape nakoni kuwe  kawet nane tapi aku golek bukti sek”
“lhoo. Bukti opo to sal aku gak dunung “
“jan-jane sepatu seng bok gawe saiki wi sepatune sopo”
“hahaha.. yo sepatuku lah sal wong sepatu iki aku tuku dewe”
“owhh.. tuku dewe ?emang nek ndi nek tuku ?”
“nek suroboyo too..”
“owhh nek suroboyo to coba aku duduhi kotak sepatune, aku pengen roh”
“kenopo too kok we sewot tenan. Wong iki seopatuku dewe”
“mergae sepatuku ilang, dan sepatu seng bok gawe iku persis sepatuku seng ilang”
            Raine selena kangsung gupuh lan bingggung.deweke moro-moro mlayu nek motore terus jablas mulih.salsa muring-muring amergi omongane gak di gatek.
            Isuke marani nek kelase selana. Nanging selena ogak masuk sekolah amergi loro.salsa yakin yen selena ogak loro nanging wedi kalian salsa . padhal dek wingi selena sehat-sehat wae
            Sesuke selena marani nek kelas e selena masuk sekolah nanging sepatune salsa ogak di gawe
“kenopo gak mbk gawe septunem? Ndi kotak e?”
“sepatuku tak umbah”
“ndi kotak sepatune ? kowe ogak iso mbuktikno to”
“hee.. sel we ojo nangis jawab to sel jawaben jujur. Aku gabakal serengen karo kowe lek kowe ngomong jujur”.
“ iyo sal, aku seng sebenere nyolong sepatunem”
“ kenopo kowe nglakoni kuwi?”
“aku gak ndue pilihan liyo, sepatuku wes rusak, bapak ibuk ku gak ndue duwit kanggo tuku sepatu. Dadi pilihan ku siji-sijine nyolong sepatunem.  Sepatunem ono nek ngarep kelas,dadi yo tak jupuk sal. Amargi aku kepepet, aku njupuk sepatunem”
“ kenopo kowe lagek gelem jujur saiki? Kenopo kok ogak dek wingi ae?kowe tak takoni ogak gelem ngaku”
“ aku isin sal nek ngarepe konco-konconmu”
“hm, terus saiki pie sel?”
“aku njaluk sepuro seng akeh sal. Aku wes nyolong sepatunem. Aku janji gak bakal nyolong neh kok. Aku kapok”
“ iyo sel,we wes tak maafo kok”
“suwun sal”
“iyo sel. Ogak opo-opo kok. Terus saiki pie sel, opo kowe ndue sepatu liyo?”
“ogak sal. Sepatuku rusak”
“yowes nek ngunu, sepatuku jupuk en ae. Aku wes ndue sepatu akeh kok. Toh, kowe yo seng luwih butuh sepatu kuwi”
“ tenan sal? Sepatunem oleh tak gawe?”
“ iyo sel, gak popo. Aku ihklas kok”
            Atine salsa ikhlas yen sepatune di gawe selena. Salsa seneng yen dewekw iso dadi wong seng iso manfaat kanggo wong liyo.
Tekan omah salsa ditakoni kaliyan bapake
“nduk, la kok lagek mantuk?”
“Injih bapak, enten kelas tambahan”
Banjur salsa salin kaos lan magrib kaliyan bapake. Sawise solat jamaah salsa matur bapake.
“ Bapak,kula badhe matur”
“matur opo nduk?”
“sak temene sepatu ingkang bapak hadiah e kangge kula niku kalu paringke rencang kula”
“lha kenopo nduk?”
“rencang kula niku sepatune jebol bapak, la terose bapak kalih ibune iku mboten gadah yatra kangge tumbas sepatu. Kula mboten tego, banjur kula paringke sepatu kula. Pripun pak?”
“yo gak popo nduk, mbantu wong susah kuwi becik”
“injih bapak. Matur nuwun”

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hafiz Afif - Ting Tung Tang

Ting Tung Tang… Dening : M. Hafiz Afif Susanto uni alarm neng kamar Renatha/Ren. Ren cepet ketangi. Ren mateni alarm seraya ndeleng jam neng alarm. Ren cepet adus. dina iki yaiku dina pisan liburan semesteran. Kaluwargane nduwe arep ape nginep neng villa pantai sisan liburan menyang pantai. bubar adus, Ren ngenakake kelambi lengen cendhak werna abang jambu, kathok jeans samata sikil, kerudung werna krim, mantel abu-abu dawa, ora lali jam tangan gambar kupu-kupu mrada ugel-ugel kiwane. Bar kuwi, Ren cepet salat Subuh. bubar salat, dheweke njagakne barang-barang kanggo nginep neng villa. dheweke nggawa tase menuju mobil. “kene, Ren,” ujar Rendy -kakang Renatha- seraya ngalungguhan tas Ren neng bagasi. Rendy kabeneran ana ing bagasi mobil. “Ren, dy! sarapan dhisik kene!!” bengok bunda saka meja pangan. Ren lan Rendy menuju meja pangan. dekne kabeh sarapan roti panggang keju lan neng dhuwure ana keju cair lan jus nyangga meises. bubar sarapan, Ren ngenakake sepatu sporty werna ...

Arrafi Alhafizh - Tsunami

TSUNAMI Dening : Arrafi Alhafizh Ing Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah, cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan. Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki. Yen pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan utawa ing nek omah wae. “Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo bal-balan”. Omonge Rudi. “Ayok Rud”. Sautku ning Riski.             Sawise ing lapangan, aku lan Riski wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan ...

Adib Haidar - Tulung Tinulung

Tulung-Tinulung Dening : Adib Haidar Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek. Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku pod...