Langsung ke konten utama

Intan Putry S - Kanca Raket


Kanca Raket
 Dening : Intan Putry Sentani 

       Yasmine iku bocah SMA sing ayu kang nduweni kanca akeh nanging Yasmine ning kelase luwih cedek karo bocah sing jenenge Alda. Nanging ora mung raket karo kanca sekolahe, Yasmine ya cedek banget karo bocah SMA liya sing jenenge Dimas lan Wisnu. Ketepakan alda cedek karo wisnu.
       Ing sawijining dina, Yasmine arep budhal sekolah nebeng bareng Alda,ora biasane Yasmine budhal motoran dhewe.
      “Min…..Yasmine….Assalamualaikum.” teka melbu omahe Yasmine.
      “Waalaikumsalam, lho Alda melbu kene, Yasmine isih maem iki kaliyan minum susu. Entenana.” Jawab ibune Yasmine.
      “ Oh nggih Bu. Matur suwun, kula nteni mriki mawon.” Jawab Alda.
     “Min cepetan ditungguni kancamu  iki lho kok suwe banget lapo wae to?” teges Ibu.
     “ Inggih bu. Iki sampun.” Jawab Yasmine.
Banjur Yasmine karo alda budal pamitan.
     “Bu kula budhal sekolah nggih. Assalamualaikum.”  Karo salaman tangane ibune Yasmine.
       Ing sekolah, Yasmine lungguh jejer Alda. Yasmine iku bocahe lumayan pinter nanging Alda ora pati pinter. Kadang ya cah lara iku nggarap tugas bareng bareng karo kancane sing beda sekolah iku,svling berbagi ilmu karo liyane. Jam pelajaran dimulai. Alda iku isih hapenan wae padahal wes ana guru sing lagi mulang. Alda sibuk mbales pesan saka wisnu. Banjur bu guru marani alda lan nyaut hapene Alda.
     “Mbak, iki saiki pelajaran ora wayahe sms an bales pesane bocah. Ana keperluan apa ta?” tegese guru.
    “Mmm.. Anu bu,kula wonten keperluan mangke badhe sinau bebarengan kanca kula. Sepurane bu.”
    “Wes ya mbak ,sementara hapemu tak sita seminggu lan aku bakal kandha karo wong tuwamu.”
    “Bu sepuntene ingkang kathah mboten usah kanda kaliyan wong tuwa kula bumengke kula didukani.”
Banjur alda nangis ing kelas dhewek e wedi yen dikandarna kaliyan wong tuwane. Alda nyilih hapene Yasmine gawe ngabari wisnu lan ibuk e Alda. Alda nangis terus sampe saka omahku, Alda durung wani mulih amarga wedi.
     “Piye iki Min aku wedi  yen aku diseneni ibukku mengko gaoleh hapenan wae.” Kandane alda.
     “Tenangna awakmu ndisik da. Ora apa apa yen awakmu kandha daripada ora jujur,wong tuwa sen yen dibijui.”
Ora suwe wisnu lan dimas ning omahku nakoni alda kepriye kedadeane.
       “Piye to kok isa kaya ngono? Awakmu mau hapenan sampe ketahuan ngono.” Takon dimas`
      “Lha kepriye aku mbales pesane wisnu to dim,hehe” jawab alda karo rada mesemsitik.
      “Kan istirahat ya isa to da, awakmu terlalu nekat kok.” Jawab wisnu
      “Hehe sepurane ya min,wis,dim.” Alda ngrasa bersalah.
      “Halah iya ora papa,saiki kepriye carane ben hapemu mbalik ning hapemu da” takon yasmine
      “Yen ngana aku kandha karo ibukku wae ben dijupuk ning sekolah.” Pasrahe alda
      “Yawis sip. Ayo wis pada angan during ki? Ayo mangan bebarengan piye?” taware Yasmine
      “Hala ora usvh ngrepoti ibu mengko. Aku tak balik wve,tugase isih akeh iki,hehe” jawab dimas karo guyon.
      “Ora ngrepoti kok dim, aku tambah seneng`”jawab yasmine.
      “Oh ya. Sisok ana kemvh ing sekolahanku. Aja lali tiliki aku ya, gawakno panganan hahaha” kandane dimas.”
      “Iyo sisok tiliki karo alda pisan bareng bareng” jawabe wisnu
      “Oke siap bos” jawab Yasmine karo alda
       Sisuk e dina sabtu, ibune alda moro ing sekolah njupuk hapene alda. Ing kana, ibune dikandani lan diwenehi pengarahan supaya kedadean wingi ora dibaleni maneh. Banjur alda metuki ibune kanggo ngewenehi hape.
      “Alhamdulillah buk,hapeku uwis mbalik” alda seneng hapene mbalik.
      “Iya aja dibaleni maneh kelakuan ngono iku, yen kedadean maneh,ibuk wes moh njupuk hapemu maneh” teges ibuke alda.
Banjur alda melbu kelas nemoni yasmine mbahas mengko niliki dimas lan wisnu”
     “Piye mengko jam pira min?” takone alda
     “Jam 4 wae ya mari prvmuka,ben ora panas panas banget” jawab yasmine
     “Oke aku mengko marani awakmu ndisik ya” takon alda
     “Siap mengko tuku panganan apa ya enake” yasmine
     “Tukakna sega goreng wae karo aqua wae uwis warek kok min” jawab alda
     “Siap siap aku wis ora sabar iki” guyone yasmine
     Bel sekolah wayahe mulih uwis muni, perasaan bungah saka Yasmine lan alda muncul. Cah lara iku uga ora sabar niliki dimas lan wisnu.
Banjur wes tekan panggon perkemahan , yasmine njajal nelpon dimas supayv ben lang metu nemoni yasmine lan alda.
        “Jajalen telpon min`” alda wes ora sabar.
        “Iyo iki tapi during diangkat`” jawab Yasmine
Jebule dimas lan wisnu wes ning gurine yasmine lan alda ngageti cah lara iku.
        “Dor…” dimas lan wisnu ngageti.
       “Astaghfirullah…” kagete yasmine karo alda
       “Hayo kaget to hahaha” ngece cah lara
       “Ora belas huuuu” jawabe yasmine
       “Endi iki panganane ,lesu pol aku haha” takone dimas karo keelson
       “Iki lho uwes tak gawakna sega goring karo ombenan banyu putih,ora papa ta?” jawvbe yasmine
       “Iya ora papa, aku wes seneng opo maneh ditiliki haha” jawabe dimas
       “Halah dimas iku senengane gombal ati ati ya karo dimas,min” kandane wisnu
       “Hahaha iyo aku wes ngerti,dimas pancen pinter gombal,mulane akeh sing wedi nyedeki dimas haha”jawab yasmine
        “Ndeh awas ya…” ancemane dimas
        “Uwis uwis lang pada dipangan,mumpung awakmu ning kene. Mengko diserbu kanca kancamu” ngomonge alda
       “Iya iya bocah cerewet,rene mangan bareng karo aku” jawab wisnu
       “Haha lho ya ta , aja gelem da. Moduse kumat iku wisnu” jawab dimas
       “Halah awakmu i kompor  kompor wae. Wis lang padha dipangan” jawabe yasmine
       “Siap nyonya” jawab dimas
        Banjur bocah bocah iku mangan bebarengan ,nanging wes jam 5an, yasmine uwis dihubungi ibune supaya mulih sakdurunge maghrib.
      “He dimas,wisnu. Aku karo alda pamitan ya. Soale aku uwes didukani supaya lang mulih sakdurunge maghrib kaliyan ibu.” Kandane yasmine.
     “Iya ati ati ya, suwun kabeh uwes ditiliki lan ditukakna panganan sing gawe warek, salam kanggo ibumu ya`” jawab dimas
     “Iya semangat kemah ya kaliyan kabeh” jawab yasmine
      Banjur cah lara iku seneng,dheweke ditiliki kanca kancane sing ayu lan apikan. Yasmine karo alda teka perjalanan cerita cerita amarga cah loro iku seneng bias niliki kanca kancane mau.
      “Min , muga mug cah loro kuwi seneng kene tiliki” ngomonge alda
      “Yo da aku dewe yo seneng iso menehi panganan lan gawe cah loro iku seneng” jawabe Yasmine
Banjur cah loro iku wes tekan omahe dewe dewe lan teko slamet


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hafiz Afif - Ting Tung Tang

Ting Tung Tang… Dening : M. Hafiz Afif Susanto uni alarm neng kamar Renatha/Ren. Ren cepet ketangi. Ren mateni alarm seraya ndeleng jam neng alarm. Ren cepet adus. dina iki yaiku dina pisan liburan semesteran. Kaluwargane nduwe arep ape nginep neng villa pantai sisan liburan menyang pantai. bubar adus, Ren ngenakake kelambi lengen cendhak werna abang jambu, kathok jeans samata sikil, kerudung werna krim, mantel abu-abu dawa, ora lali jam tangan gambar kupu-kupu mrada ugel-ugel kiwane. Bar kuwi, Ren cepet salat Subuh. bubar salat, dheweke njagakne barang-barang kanggo nginep neng villa. dheweke nggawa tase menuju mobil. “kene, Ren,” ujar Rendy -kakang Renatha- seraya ngalungguhan tas Ren neng bagasi. Rendy kabeneran ana ing bagasi mobil. “Ren, dy! sarapan dhisik kene!!” bengok bunda saka meja pangan. Ren lan Rendy menuju meja pangan. dekne kabeh sarapan roti panggang keju lan neng dhuwure ana keju cair lan jus nyangga meises. bubar sarapan, Ren ngenakake sepatu sporty werna ...

Arrafi Alhafizh - Tsunami

TSUNAMI Dening : Arrafi Alhafizh Ing Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah, cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan. Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki. Yen pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan utawa ing nek omah wae. “Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo bal-balan”. Omonge Rudi. “Ayok Rud”. Sautku ning Riski.             Sawise ing lapangan, aku lan Riski wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan ...

Adib Haidar - Tulung Tinulung

Tulung-Tinulung Dening : Adib Haidar Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek. Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku pod...