Langsung ke konten utama

Intan Permatasari - Wong Sing Meneng Iku Wong SIng Ngasorake Priyanggane Dewe


WONG SING MENENG IKU WONG SING NGASORAKE PRIYANGGANE DEWE
 Dening : Intan Permatasari

Jenengku Dika Prayoga bisa di celuk dika bapakku jenenge pak pangarso Lan Ibuku jenenge Diany Aku saiki kelas 12 SMA Bhakti Kusuma aku nduwe sahabat jenenge Hafir. Hafir kui bocahe pintar,sopan lan apikan,bedo karo aku sing koyo brandalan Lan bolosan saiki Dino Senin aku di Kendari konco-konco bakal enek tawuran karo sekolah liyo,Aku Budal sekolah numpak motor,aku gagenan amarga wedi nek keri tawuran,teko parkiran aku di kageti karo hafir.
“dik mbok ya nek numpak sepedah motor ki oja banter-banteran”.
“alah ora apa-apa wis biasa aku fir”.
“ya ora ngunu dik,la nek wis kadung kecelakaan sing susah yo awakmu dewe”.
“iyo fir iyo”.
“iyo wis lang ayo masuk kelas,wis ape masuk ku kurang 5 menit”.karo nyekel pundakku
“sek-sek aku ape ngenteni kancaku ning lapangan sek fir”.
“oo yowis aja suwe-suwe,aja sampe bolos pelajaran dik”.
“ora-ora fir tenang ae”
“aja sampe mampir-mampir kudu lang masuk kelas”.
“iya fir wes ta aja cerewet”.
Aku terus melaku nek lapangan wis siap gawa kayu,la kok lapangan ijek sepi,aku nganggit paling bocah-bocah jek pada persiapan,aku ngenteni nek lapangan karo lungguh,wes 2 jam aku ngenteni la kok durung enek bocah sing teko,aku banjur mbalik nek kelas tak delok enek gurune aku banjur njupuk sepedah terus muleh.teko dalan cedak e sekolahanku enek polisi-polisi seng nilang aku banjur di jegat
“selamat siang dek, tunjukan surat-surantnya”.
“ini bu,STNKnya”.karo ngekek o ning ibu polisi
“SIM dan KTP anda?”.
“belom punya bu,belom diurus”.
“umur kamu berapa?”
“18 bu”.
“kamu sudah umur 18 tahun tapi belom mengurus KTP,secepatnya kamu harus mengurusnya,sekarang kamu saya tilang dan STNK kamu saya bawa ya,besok bapak kamu harus ke polsek untuk sidang dan mengambil STNK jam 9-2 saya tunggu”.
“baik bu”. Aku karo batin apes tenan aku dina iki wis ra sido tawuran kenek tilangan,tekan omah ibuku takon
“la kok wis muleh le yahmene?”.
“nggih bu,muleh isuk gurune rapat”.karo nyelehno tas
“oalah yawis,la kenapa kok ketok e nesu tenan”
“mari di tilang bu,sesok bapak dikon nek polsek jam 9”
“ditilang yawis to le sing penting ora kenapa-kenapa awakmu”.
   Sesuk isuke aku di gugah karo ibuk di kon lang gage budal sekolah merga wis awan
“lang tangi le,wis awan wis jam setengah 7 ora ndang tangi-tangi”.
“alah ko sek ta bu, aku jek males tangi”.
“wes awan le”. Aku meneng ae ora jawab ibuk yaa meneng ae tak kira wes kesel gang sediluk ibuku gwo banyu terus di sokno ning wajahku
“tangi le wes awan,rung adus ta? Ki sisan karo adus”.
“ibuuuu ki opo sih,tangi iki lo wes melek aku”.
Mergo aku ditilang ndek wingi,aku Budal sekolah di terno karo Bapak wis teko sekolahan Bapak langsung mulih,aku diajak konco-koncoku mbolos Neng nggone kopian
“dik,mbolos ayo aku males pelajaran dino iki”.
“yawis,ayo..goncekno ya aku ra nggawa sepedah montor”.
“wis gampang wi”.
Aku karo cah-cah wis teko kopinan,sueger tenan ngopi karo wifian dibayari karo kanca-kancaku pisan,batinku.idep-idep hafir nelpon aku.
“assalamualikum dik,kowe kenapa ora melbu sekolah maneh?lara ta pie?”.
“ora lara aku,aku ki di ajak ngopi karo cah-cah”.
“astagfirllah dik tobat o,la nek bapakmu ngerti pie kowe?”.
“yo wes meneng ae ta fir ojo kondo sopo-sopo gurune takon aku loro beres toh”.
“moh aku dik,moh aku mbe kon mbijuk i wong-wong,kualat koko”.
“moh yo wes,penting we meneng ae”.
Telepon e langsung tak pateni pancen Angel ngajak bisnis hafir ra tau gelem dikongkon mbijuk.wis sore aku diterna kancaku nek cedak e sekolahan mesti bapakku marani aku,la kok gak suwe bapakku teka selamet aku teka sekolahan ndisik
“lang ayo muleh le”.
“nggih pak”.aku numpak sepedah”.
  Sesok isuk e aku budal sekolah,teka parkiran aku macak ndisik “sapa ngerti enek cewek aku sing ngelirik aku” batinku “wis ganteng eh”.aku melaku teka parkiran ape nek kelas hafir takon
“wis garap PR rung dik?”.
“enek PR apa to fir?aku mbe takok i PR kyo tau ngerjak o ae,sekolah ya ratau”.
“tobat o dik,saiki we lang ngerjak o koko nek gurune srengen neh,apa we ra kesel di seneni guru-guru,sampe pegel nuturi we”.
“alah mben,ndi PR e contek i kene aku”.
“yo moh jajal kerja o dewe”.
“lahh moh yowis,aku ape maen game”.
“eh alah bocah kok”.
ora Pati suwe Guruku toko Aku sing maune munggah Mejo gagena nek mudun amargo Wedi Nek diseneni
“assalamualikum,injing dek”.
“waalaikumsalam bu,injing bu”.
“iki ana murid anyar jenenge nadya,pindahan teka jakarta,lang lungguh dek”.
“iya bu”.
Aku ngeto nadya walah bocah e uayu tenan aku ndomblong karo ngeto,hafir ngageti aku
“he dik lapo we ki,istigfar”.
“he iyo fir”,aku kaget
Pas istirahat aku ngeto nadaya terus tapi bocah e ngeta hafir terus “apa nadya seneng hafir” batinku.terus bel muleh sekolah aku di celuk hafir
“dik,aja lali ngerjak o PR”.
“iyo fir”
aku mlaku nek parkiran terus jupuk sepedah teko omah bapaku ngadek ning lawang,firasatku wis gak penak aku melbu omah
“assalamualikum pak”.
“waalikumsalam lungguh o kene sek le ,bapak ape ngomong”.
“iyo pak enek apa”.
“we roh ta gak?bapak ndek mau di panggil karo kepala gurunem”.
“yo gak roh leh pak,la aku ndue salah apa”.
“kowe 1 minggu ratau melok pelajaran nek ndi ae?”.
“ora nek ndi-ndi pak”.
“ngomong o seng jujur,nek gak nek endi-endi la kowe 1 minggu ra melok pelajaran ki apa?”.
“yo pak aku di jak ngopi karo cah-cah”.
“bocah di kandani angel tenan,mbo kiro golek duwit ki gampang,sekolah ki gratisan?kowe ra roh polahe bapakmu ki gae nyekolahno kowe mben dadi wong sing sukses”.bapak muni ngunu karo gepuk aku.Aku terus melbu kamar,kamarku tak kunci karo mbatin apa sing di omong bapak mau.
Sesok e aku budal sekolah,nek pinggir dalan aku enek nadya sinvg nuntun sepedah e aku mendek tak takoni
“kenopo nad sepedahmu?”.
“eh dika,ini ban nya bocor kena paku kayaknya,bengkelnya mana ya?”.
“ki lo nad nek ngarep e gang”.
“ohh iya ini”.terus nadya delek spedah e jare tukang bengkel e ban e kudu di ganti terus suwe.aku nawani nadya
“ayo nad tak gocek o ae koko nek telat malahan”.
“yaudah ayo kalo gitu,pak montornya saya ambil kalo pulang sekolah ya”.
Nadya numpak sepedahku,saka kuwi aku deg-degan kyo e aku seneng nadya,wis teko sekolah aku metuk i hafir
“fir aku i seneng nadya,tapu aku bingung aku ra pantes karo nadya,wis ayu,pinter la aku apa?.
“hahaha gapopo dik seneng iku wajar,la kuwi sadar we kudu berubah”.
“iya fir,mben pantes karo nadya”.
“sipp,wong sing menang kuwi dudu wong sing ndue cewek ayu dik,tapu wong sing iso menghargai awak e dewe”.
Bar kuwi aku dadi semangat ngerjak o PR wis ratau mbolos-mbolos rajin sholat,isuk kuwi aku ape budal sekolah
“assalamualikum pak,bu kulo budal sekolah nggih”.
“yo le,sing ati-ati nek numpak sepedah montor,bapak seneng nek we iso berubah kaya ngene”.
“nggih pak”.
Aku njupuk sepedah terus budal sekolah.teka sekolah enek pelajaran MTK sing ora ngerjak o di kongkon lari 10 kali lapangan aku ditakoni hafir
“wis ngerjak o dik?”.
“alhmdulilah wis fir”.
“alhamdulilah”.
Aku karo dika guyu bareng “hahahaa”

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hafiz Afif - Ting Tung Tang

Ting Tung Tang… Dening : M. Hafiz Afif Susanto uni alarm neng kamar Renatha/Ren. Ren cepet ketangi. Ren mateni alarm seraya ndeleng jam neng alarm. Ren cepet adus. dina iki yaiku dina pisan liburan semesteran. Kaluwargane nduwe arep ape nginep neng villa pantai sisan liburan menyang pantai. bubar adus, Ren ngenakake kelambi lengen cendhak werna abang jambu, kathok jeans samata sikil, kerudung werna krim, mantel abu-abu dawa, ora lali jam tangan gambar kupu-kupu mrada ugel-ugel kiwane. Bar kuwi, Ren cepet salat Subuh. bubar salat, dheweke njagakne barang-barang kanggo nginep neng villa. dheweke nggawa tase menuju mobil. “kene, Ren,” ujar Rendy -kakang Renatha- seraya ngalungguhan tas Ren neng bagasi. Rendy kabeneran ana ing bagasi mobil. “Ren, dy! sarapan dhisik kene!!” bengok bunda saka meja pangan. Ren lan Rendy menuju meja pangan. dekne kabeh sarapan roti panggang keju lan neng dhuwure ana keju cair lan jus nyangga meises. bubar sarapan, Ren ngenakake sepatu sporty werna ...

Arrafi Alhafizh - Tsunami

TSUNAMI Dening : Arrafi Alhafizh Ing Desa Sekar tepate ing Kuto Aceh, waktu iku srengenge tepat ing nduwur sirah, cuacanepun puanas banget. Ogak ono mendung utowo udan, nalika lemahipun garing lan wit-witanipun ugo tukul lan wit-witan kabeh garing. Pancene sak iki iku musim e Pancaroba , sehingga hawane molah-maleh, kadang udan lan kadang pan. Para warga desa Sekar kangelan karo situasi kang kaya ngeneki. Yen pas wayahe udan aku lan kanca-kanca dolanan ing lapangan, biasanipun aku ln kanca-kanca dolanan bal-balan. Yen utawa udan aku lan kanca-kancaku udan-udan utawa ing nek omah wae. “Ris, ayok ning lapangan Ris, ayo bal-balan”. Omonge Rudi. “Ayok Rud”. Sautku ning Riski.             Sawise ing lapangan, aku lan Riski wis dienteni karo bocah akeh. Ugo lali aku lan kanca-kancaku yen ana suara adzan banjur aku karo kancakanku shalat ana ing Masjid Nur sing panggone ana ing ebelahe lapangan bal-balan. Masia aku dolanan ...

Adib Haidar - Tulung Tinulung

Tulung-Tinulung Dening : Adib Haidar Salah sawijining wengi, howo adem rasane koyo nimbus balungku ngantin ggawe awak katisen. Sumilir banyu ning kali pinggir tegal iku krungu kemricik ing tengah-tengah sepine wengi iku. Banyune koyo ngiringi atiku sing kroso lencu amergi mikir masalah asmoro. Bengi iku howone ancen bedo karo bengi-bengi liyane sing tak rasakno. Dino iku ketepakaan dino malem jumat legi sing jarene wong sepuh akeh dedemit kang metu golek baturan utawi ganggu wong sing ndue niat elek. Howone kroso adem tenan batinku , aku mrinding pas aku nibakno awakku ning ngisor wit greng pinggir tegalan sing nek pas awan rasane ancen adem tenan. Aku mikir sliramu sing ayu iku umpomo yen ana sliramu ning sandingku paling bakalan iso nutup howo adem iki. Nutup howo adem karo cerito-cerito sing wes kepungkur. Nanging iku gur angen-angenku. Angen-angen iku mau ndadak ilang dilewati angin lan howo mrinding teko. Mrinding lan adem kroso tenan ning guluku, ulu tangan lan guluku pod...